Serat Wulangreh menika salah satunggaling karya sastra anggitanipun Sri Susuhunan Pakubuwana IV. Salah satunggaling isine Serat Wulangreh yaiku pupuh Sinom / tembang macapat sinom. Pupuh sinom ana 33 pada/bait. Berikut beberapa diantaranya disertai dengan terjemahan bebasnya :
(1)
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun,
pamrihe den inaa,
mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-padha.
(2)
Ingsun
uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek
den arani,
balilune ngluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
(3)
Tur
duk ingsun masih bocah,
akeh kang amituturi,
lakune
wong kuna-kuna,
lelabetan kang abecik,
miwah carita ugi,
kang kajaba saking ngebuk,
iku kang aran kojah,
suprandene ingsun iki,
teka nora nana undaking kabisan.
(4)
Carita nggonsun
nenular,
wong tuwa kang momong dhingin,
akeh kang sugih
cerita,
sun
rungokna rina wengi,
samengko isih eling,
sawise diwasa ingsun,
bapa kang
paring wulang,
miwah ibu mituturi,
tata krama ing
pratingkah karaharjan.
(5)
Nanging
padha estokana,
pitutur
kang muni tulis,
yen
sira nedya raharja,
anggonen
pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling,
pitutur wong sepuh-sepuh,
mugi
padha bisa,
anganggo
pitutur iki,
ambrekati wuruke wong
tuwa-tuwa.
Berikut artinya :
(1)
Watake wong sing wis
sampurna,
ora ngremehke kepinterane wong liya,
ora minteri wong sing ora pinter,
tingkahe kudu manpaat,
kepinterane ora dipamerake,
bodhone dituduhake,
tujuane ben diece (dipoyoki),
karo wong-wog liya,
krasa seneng nek diece wong liya.
(2)
Nek
aku uga ora kaya ngono,
bodhoku
sing takumpetake,
kepinterane
tak deleh ngarep (pamer),
sebab isin nek diarani,
bodhone kebangeten,
nanging nyatane bodho temenan,
dene ing jero ati (niyate),
tumindake
ben diarani pinter
ora rumongsa akeh ngomonge ngapusi.
(3)
Wektu aku isih bicah
(cilik)
akeh banget sing nuturi (nyritakake),
tumindake wong-wong kuna,
olehe
ngabdi carane kang becik lan uga ana crita,
kang
durung mesthi sumbere bener,
yaiku sing diarane dongeng,
nanging meksa aku iki,
tetep ora tambah kepinterane.
(4)
Crita sing
dakomongake iki,
saka wong tuwa mbiyen sing momong,
akeh sing
sugih crita,
dakrungokake
awan bengi,
tekan saiki isih kemutan,
sawise aku dhewasa (gedhe),
bapak sing
maringi nasihat,
lan ibu sing nuturi (ngelikake),
bab tatakrama
tumindak kang apik.
(5)
Nanging
padha lakonana,
nasihat sing ditulis iki,
yen
kowe padha kepingin slamet,
nganggoa nasehat iki,
anggonku
ngemut-emut,
nasihate wong tuwa-tuwa,
muga- muga padha bisa,
nganggo nasihat
iki,
wulangane wong tuwa
iku mberkahi.
0 komentar:
Posting Komentar