Tampilkan postingan dengan label Hikmah. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Hikmah. Tampilkan semua postingan

Selasa, 26 Juli 2022

ASAL USUL PANTAI WIDURI

 

Sumber foto wikipedia

Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. Warga kang manggon ana pesisir iku isih sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna asih. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah sawah kang maune arupa rawa-rawa sak dawane pesisir segara ditanduri palawija lan semangka.

Ing sawijining dina, esuk-esuk Nyai Pedaringan dhewekan ana ing gubuge, isih nyiapake sarapan, Kaki Pedaringan pun tindak dhateng sabin. Ora suwe, teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur Nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.

Ora let suwe pawongan mau ngenalake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Wong lanang kang bagus mau yaiku Pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.

Selasa, 17 Mei 2022

LEGENDA BANYUMUDAL

Banyumudal menika salah satunggaling desa ana ing kecamatan moga kabupaten Pemalang. Kocap kacarita ing sawijining panggonan kang adoh saka Kota, ana wanodya ayu kang namine RaraJuminten. Sangking ayune, prasasat kaya dene widodari kang mudhun saka kahyangan.

Wis ayu rupane, Rara Juminten uga kalebu wanodya sing grapyak semanak, karo sapa bae seneng tetulung. Hebate, Rara Juminten duwe kesaktian, yaiku tansah kecukupan kabutuhane banyu sanajan ing mangsa ketiga dawa pisan.

Mula para warga masyarakat sekitare kepengin bisa kaya Rara Juminten. Wusanane para warga nekani Rara Juminten lan ngandhakake apa sing dikarepake. Intine para warga nyuwun tulung marang Rara Juminten supaya bisa nduweni banyu kang akeh.

Mireng panyuwunane warga, kanthi lila legawa Rara Juminten saguh lan siap ngupaya supaya warga bisa oleh banyu kang akeh.

Jumat, 25 Februari 2022

SESORAH HARDIKNAS

 

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Nuwun.

Baak Wiyarto, S.Pd. Bio, minangka Kepala SMP Negeri 4 ingkang minulya, Bapak-Ibu guru ingkang kinurmatan ugi kanca-kanca siswa-siswi SMP Negeri 4 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih ingkang sampun paring berkah saha rahmat dhumateng kita sedaya saengga kita sedaya saged kempal manunggal ing papan menika saperlu mengeti Dinten Pendidikan Nasional.

Ing ngriki kula minangka sesulihipun pengurus OSIS badhe ngandharaken sakedhik ngengingi bab-bab ingkang wonten sambetipun kalian Hardiknas. Dinten Pendidikan Nasional  mboten  saged  dipunculaken  saking  paraga ingkang asmanipun  Ki Hajar Dewantara ingkang nalika timur asmanipun Suwardi Suryaningrat. Ki Hajar Dewantara menika ageng sanget lelabetanipun kangge ngrembakaken donyaning pendidikan ing Indonesia. Panjenenganipun tansah ngupaya kados pundi caranipun supados para mudha saged majeng pawiyatanipun lan mboten kawon kalian negara manca. Ki Hajar Dewantara ugi kawentar pamanggihipun ing  babagan  pendidikan kanthi ngecakaken sistem among ingkang samangke dipundadosaken  sesanti  ing bidhang pendidikan inggih menika sesanti "Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani" .

SESORAH PERPISAHAN SEKOLAH

 

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun!

Dhumateng Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hurmati, dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang kula hurmati; sarta kanca-kanca kelas 7, 8, lan 9 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, sumangga kula lan panjenengan tansah sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan, saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal ing papan menika kanthi sehat boten kirang satunggal menapa.

Boten kesupen, sholawat saha salam mugia tansah kaatur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang kita antu-antu syafaatipun ing yaumul akhir, aamiin.

Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya ingkang kula hurmati, kula minangka sesulihipun kanca-kanca kelas IX, noten badhe matur kathah-kathah. Ing ngriki kula namung badhe ngaturaken agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahiim ingkang sampun paring sih pitulungan ngantos para kanca siswa kelas IX ing Ujian nasional sarta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat sedaya. 100%.

Kamis, 18 November 2021

SESORAH COVID 19

 Assalamu’alaikumWr.Wb.

Para Bapak ibu serta para rawuh ingkang dahat kinurmatan

Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngonjukaken  puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang sampun kepareng maringi kasehatan saha kasarasan satemah kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten papan menika kanthi boten kirang setunggal menapa.

Boten kesupen, sholawat saha salam mugi kaaturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, nabi ingkang kula lan panjenengan antu-antu syafaatipun ing yaumul akhir. Aamiin.

Hadirin para rawuh ingkang bagya mulya.

Wonten ing ngriki  keparenga kula badhe ngaturaken perkawis covid 19.

Kirang langkung 2 taun virus covid 19 sampun nyerang Bangsa Indonesia. Alhamdulillah samenika sampun radi rereb. Ananging kita sedaya boten pareng jumawa. 3M boten pareng dilalekake.

Jumat, 22 Oktober 2021

PACELATHON ATUR-ATUR

 A.      Atur-Atur

Atur-atur iku saka tembung lingga atur. Atur iku kalebu tataran tembung krama inggil. Tembung atur ngokone undang. Dadi, tembung atur bisa ditegesi undang. Tembung atur angger oleh ater-ater (awalan) dipun (di) lan panambang (akhiran) i, dadi tembung dipunaturi.

Tembung dipunaturi tegese (ngokone) diundang. Dene angger oleh ater-ater anuswara am (m), dadi tembung matur. Tembung matur tegese kandha/ngomong.

Atur-atur iku dilakoni dening wong lanang (tiyang jaler), utawa bisa uga wong wadon (tiyang estri). Nanging lumrahe (umumnya) dilakoni dening wong lanang. Yen wong wadon biasane atur-atur kanggo njaluk tulung masak utawa tata dhahar. Dene tata carane atur-atur yaiku :

Jumat, 10 September 2021

ISINE SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

Tembang Gambuh ana ing Serat Wulangreh kadadeyan saka 17 pada/bait. Ing ngisor iki tuladhane 4 pada/bait lan nasehat utawi isinipun :

1.       

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon.

-          Isine yaiku nasehat supaya gelem mirengake pitutur saka wong liya, dodoes uripe boten kebablasen sing nduweni akibat ala/elek.

2.

Aja nganti kebanjur,

barang polah ingkang nora jujur,

yen kebanjur kojur sayekti tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

Senin, 09 Agustus 2021

DIKIRA TONTONAN


 Sawijining dina aku nekani undangan resepsi nikahan. Kancaku sing ngasta dosen sawijining perguruan tinggi ing Magelang mantu. Sawise samapta, aku sarimbit banjur budhal menyang gedhong papan resepsi nikahan. Gandheng tekaku rada keri, mula ing papan pesta mau wis akeh kepara kebak tamu sing wis rawuh. Nggolek papan kanggo markir mobil wae rekasa.

Sawise ngisi buku tamu lan nyemplungake amplop, aku sarimbit banjur mlebu gedhong. Swasanane rame banget. Gedhong sing kalebu gedhe iku sasat jejel riyel. Sabagian tamu wis padha ngrahapi hidangan sing ditata ana pirang-pirang meja. Saben meja, menune seje-seje. Menu sing dicawisake ing gubugan uga akeh. Undangan kari milih apa sing dikersakake

Jumat, 16 April 2021

SESEREPAN BAB BASA


BASA NGOKO LUGU

Digunakake antarane bocah karo bocah utawa marang sapepadhane, wong tuwa marang bocah utawa wong enom  lan wong sing wis raket srawung. Tetembungan sing digunakake kabeh tembung ngoko.


BASA NGOKO ALUS

Digunakake wong sing padha tuwane nanging isih padha ngajeni antarane siji lan sijine, umpane guru karo guru, wong tuwa karo wong tuwa,wong luwih enom marang wong luwih tuwa nanging ora pati ngurmati, wong tuwa marang sing luwih enom nanging isih ngajeni. Tetembungan sing digunakake tembung-tembung ngoko kecampuran tembung krama/krama inggil. Tembung-tembung ngoko kanggo awake dhewe, dene tembung-tembung kriyane (kata kerjane), kanggo wong sing diajak omong utawa sing dirembug, nggunakake tetembungan krama/krama inggil.
BASA KRAMA LUGU
Biasane digunakake dening wong sing nembe kenal, utawa ing antarane wong-wong sing durung raket banget. Surasane ngajeni sing diajak guneman sanajan saka wong sing luwih tuwa marang wong sing luwih enom. Tetembungane nggunakake basa krama.
BASA KRAMA ALUS
Digunakake wong enom marang wong tuwa utawa sing luwih tuwa, utawa marang wong sing diajeni banget utawa pejabat sing luwih dhuwur pangkate. Cirine, kabeh tetembungane migunakake basa krama lan krama inggil dene yen mbasakake awake dhewe nggunakake tembung krama.
Tembung-tembung basa krama kanggo wong tua / sing luwih tua sing sering salah, sing bener kaya mangkene :
Kowe             : panjenengan sanes sampeyan
Tuku              : mundhut        sanes tumbas
Nggawa        : ngasta            sanes mbekta
Ndeleng        : mirsani           sanes ningali
Mangan         : dhahar           sanes maem
Ngongkon     : ndhawuhi sanes ngengken
Ngomong        : ngendika sanes matur

Jumat, 19 Maret 2021

Legenda ”Rara Jonggrang” ( Candi Sewu )

Candi Sewu yang berada di sebelah utara Candi Prambanan

Kacarita prabu Damarmaya dalah ingkang garwa Dewi Candrawati,ratu wicaksana berbudi bawaleksana. Para kawulane tansah sumuyud, sumanggem lan samadya samubarang karya.

Nuju ing dina pasewakan pepak nayakaning praja, ketekan tamu tanpa kanyana.

Kaget sang prabu mulat tamune, ing batin ngunandika : sapa baya tamu iki. Nitik sandhang penganggone dudu kawula lumprah, nanging nudhuhke wewatekane kang kasar ngongasake kasudibyane.

“ He, Kisanak, sapa baya aranmu, saka ngendi, lan ngemu karep apa dene teka ing paseban,” mangkono ngendikane Sang Prabu bareng wis satata lungguh.

“Jenengku Prabu Gupala saka negara Wanasegara. Tekaku ing Pengging kene ngemu karep nedya ngudan-udan sore marang Dyah Ayu Dewi Candrawati.”

Dheg! Dhadhane Prabu Damarmaya rasane kaya kebledhosan bom sewu, nganti sawetara ora kewetu ngendikane.

“Piye Sang Prabu? Candrawati dadi garwaku. Dadi prameswari ing Wanasegara, sugih bandha-bandhu dhasar sekti ora tedhas pluru, “sambunge Prabu Gupala ora sabar karo lakak-lakak.

“Hem...Prabu Gupala, ngertia yen Dewi Candrawati iku garwaku, malah saiki wis nggarbini.”

“Ah! Kapan olehe dadi nganten aku ora nekseni lan ora ngesahake. Mula senajan wis meteng, aku tetep gelem nampa wong ayu kuwi. Dene yen ora entuk, arep dakgawe karang abang. Pengging dakbyuki bathang sayuta.”

Sang Prabu Damarmaya entek kesabarane menyat ngendika semu duka.

“We, lha dudu karepe dhewe iki. Prabu Gupala pranyata murang tata. Bebasan sadumuk bathuk senyari bumi takbelani tekaning pati. Prabu Gupala aja ngatonake lanang dhewe. Entenana blabar kawat, yen pancen nantang pati.”

Rabu, 10 Maret 2021

LEGENDA GUNUNG TIDAR

 

Gunung Tidar yang berlokasi di tengah-tengah Kota Magelang (Sumber Kumparan)

Kutha Magelang, Jawa Tengah kondhang dadi kutha tentara amarga ana Akademi Militer ing kutha iku. Kutha iku duwe gunung sing ora pati gedhe, jenenge gunung Tidar. Gunung Tidar dipercaya dadi pakune pulo Jawa. Piye asal usule wong padha ngarani gunung iku gunung Tidar?

Biyen ing tanah Jawa isih ngadeg kraton Mataram ing wilayah Ngayogyakarta. Raja kang sepisan aran Kanjeng Panembahan Senopati ing Alaga kang ing wektu timur asmane Danang Sutowijaya. Ora suwe sawise kraton Mataram ngadeg, ing wilayah lor kulon wewengkon Mataram iku ana daredah utawa ontran-ontran.

Ontran-ontran kang dumadi ing wilayah iku ora liya perangane prajurit lan punggawa Mataram mungsuh rerusuh sing dipimpin Pendhekar Alap Alap. Pendhekar siji iki pancen sekti pilih tandhing mula akeh prajurit lan senopati agul-agule praja kaprejaya nganti tumeka pati gugur ing paprangan.

Kanjeng Panembahan Senopati terus nimbali para pinisepuh, para senopati, lan para sujana kang ngerti carane nyirnakake rerusuh iku mau.

Kamis, 04 Februari 2021

SERAT WULANGREH PUPUH DURMA

Salah satunggaling tembang ing serat wulangreh yaiku tembang macapat durma. Tembang durma nduweni watek galak, nantang, nesu, muntab. Durma iku saka tembung “darma” sing tegese weweh. Wong yen wis rumangsa kecukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Kados dene tembang macapat liyane, durma ugi nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu yaiku :

Guru Gatra : 7

Guru wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

Guru lagu : a, i, a, a, i, a, i.

Tembang macapat durma ana ing Serat Wulangreh ana 12 pada, tuladhane pada 1 lan pada 2 kaya ing ngisor iki :

Pada 1

Dipunsami ambanting sariranira,

cegah dhahar lan guling,

darapon sudaa,

nepsu kang ngambra-ambra,

rerema ing tyasireki,

dadi sabarang,

karsanira lestari

Sabtu, 30 Januari 2021

GEGURITAN GARA-GARA CORONA


Gara-gara corona

Sekolahe diliburna

Gara-gara corona

Sekolahe pindah nang omah


Ora krasa wis setahun suwene
Ora ngerti tekan kapan kaya mangkene

Aku wis bosen nang omah wae
Aku wis kangen bapak ibu guru sakabehane

Ayo padha disiplin 3M
Nganggo masker aja nganthi klalen


(Geguritan menika puisi berbahasa Jawa. Silahkan boleh dicopy ini geguritan karya sendiri, asal mencantumkan sumber dan nama pengarangnya)


Jumat, 29 Januari 2021

TEGESE SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI

 

01

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

Kalian biasakanlah megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan minum.

02

Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja sukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.

Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.

03

Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.

Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.

04

Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak ing budi.

Sekalipun berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu) akan menambah kebijaksanaanmu.

05

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling. Jika masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun pandai mencuri.

Jumat, 15 Januari 2021

CERITA WAYANG JATAYU

Crita wayang iku asale saka India. Babone crita yang kui ana loro, yaiku buku Ramayana lan Mahabharata. Buku Ramayana nyritakake lelakone Prabu Rama lan Shinta. Buku Mahabharata nyritakake lelakone keturunan Bharata, yaiku perange antara pandhawa lan kurawa (Pandawa 5). Saka tanah India crita wayang mau digawa dening para pedagang sing menyang tanah Jawa. Sawise tekan tanah Jawa, crita mau banjur dikarang maneh dadi lakon kang maneka warna. Salah sawijining crita wayang Ramayane nduwe lakon Jatayu. Jatayu kui rajane peksi, dheweke mitra cakete Prabu Dasarata (ramane Dewi Sinta).

Dicritakake ana ing siji dina, Jatayu weruh Dewi Sinta dicidra dening Rahwana, dheweke enggal mitulungi. Jatayu mabur ing nggegana ngrebut Sinta saka tangane Rahwana, dedreg undreg-undregan, silih ungkih rebutan Sinta ing nggegana. Emane, Jatayu kalindhih, ditatoni lan diajar dening Rahwana, nganthi swiwi kiwane sengkleh lan tugel. Rahwana bablas mlayu gegana angglandhang Dewi Sinta kang tyerus sesambat tangis.

Tumekane negara Alengka, Sintha dipameri kaendhahane Kraton Alengka Diraja kang sarwa kemelap, warna-warni rerenggan saka mas, inten lan berlian. Ananging dewi Sinta ora gumun lan ora kengguh, Rahwana bola-bali ngerih-rih sarta nglipur Sinta supaya gelem digarwa, nanging Sinta ora bisa nglalekake prasetyane marang Rama. Rahwana kuciwa banjung ngutus Trijata supaya ngereh-reh atine Sinta.

Selasa, 10 November 2020

Pahargyan Tedhak Siti

Ana sawetara prastawa sing dianggep wigati ing panguripane wong Jawa. Kanggo mengeti prastawa mau lumrahe wong Jawa banjur nganakake pahargyan minangka tandha puji sokur marang Gusti Kang Akarya Jagad. Salah sijine yaiku pahargyan tedhak siten. Pahargyan tedhak siten dianakake wong tuwa kanggo putrane nalika putra ngancik umur pitung wulan utawa pitung lapan. Lumrahe nalika bocah umur pitung lapan dheweke wiwit ajar mlaku utawa ngambah lemah mula pahargyane diarani ” tedhak siti ” utawa uga diarani ” ngudhun – udhuni utawi cara tiyang Pemalang diarani mudhun lemah”. Ancase pahargyan iki yaiku ngenalake alam lingkungan marang bocah supaya bocah ora kaget marang alam sakiwa tengene klebu lemah sing di idak – idak ing saben dinane.

Pahargyan tedhak siten diwiwiti kanthi nyirami putra – putri sing arep di upacarani nganggo sekar setaman (mlathi / melur, kanthil, lan mawar). Kembang – kembang mau mengku teges: mlathi / melur kanthi pengajab supaya putra – putri mau bisa duwe tekad sing ora melar – melur. Kembang kanthil kanthi pengajab supaya putra – putri bisa kasinungan wewujudan (jasmani) lan kaprigelan sing marakake sapa bae gampang kumanthil. Dene kembang mawar kawentar ngganda arum bisa gawe alusing kulit, dadi sapa bae sing nyawang bakal welas lan kasmaran. Sawise disirami, putra diagemi busana anyar sing pinilih supaya nengsemakake para rawuh sing mriksani.

Sabanjure putra – putri diambahake ing siti (lemah) sing diwenehi krikil utawa lambaran liyane. Rampung kuwi putra ditetah midak jadah pitung warna sing ditata kanthi dilambari pupus pisang. Anggone midak jadah diwiwiti saka warna putih banjur warna liyane. Midak jadah warna – warni dilambari pupus pisang nggambarake maneka warna kedadean sing dilakoni jroning panguripan. Ana susah uga bungah. Ing pangajab kabeh iku kudu bisa di pupus, ditampa kanthi ati sing legawa. Jadah sing diidak – idak mau biasane didum marang para tamu sing rawuh, kanggo oleh – oleh menyang dalem saperlu kanggo jontrot supaya putra–putrine gampang antuk jodho lan gampang antuk momongan.

Sawise putra midak jadah diterusake menek andha sing diwangun kayadene palenggahane raja. Menek andha tebu kanthi pangajab putra bisa nggayuh gegayuhan luhur. Tembung tebu yen dikerata basa asale saka tembung ” antebing kalbu ”. Dadi, gegayuhan sing luhur mau bisa kasembadan yen dilakoni kanthi mateping ati. Lenggah ing dhuwur kayadene raja ancase supaya bisa dadi pemimpin sing becik tumrap pribadine dhewe uga ing bebrayan agung.

 

Mudhun saka andha tebu putra dilebokake ing kurungan sing ing jerone wis dicawisi maneka warna ubarampene wong urip manut apa kersane wong tuwane, kaya ta : dhuwit, pari, potelot, kaca, tasbih, lsp. Saliyane ubarampe mau uga cumawis beras kuning lan arta receh saka sing ajine sithik nganti sing larang dilebokake jero bokor kencana. Kurungan ngemu teges supaya bocah dadi wong sing bisa ngurung utawa nyandhet pepinginan kurang becik sing bisa nuwuhake kasangsaran. Dene barang apa sing dipilih dening putra ing jero kurungan iku manut kapercayan nggambarake pakaryan utawa panguripane bocah ing besuke. Sawise milih barang, beras kuning lan arta receh disebar ing ngarepe para tamu ben diagem rayahan ( udhik – udhik ) minangka pratandha yen barang mau mujudake amal sedhekahe sing kagungan kersa.

Saliyane ubarampe ing dhuwur uga cumawis ubarampe liyane yaiku : kembang manca warna, senthir (cemplik), sapu gerang sing diedegake malik ditancepi brambang – bawang, laos, kunir, kamijara lan dlingo bengle. Uga dom disurupi benang, kacang ijo lan cuwilan pengilon. Sing pungkasan ora lali tumpeng salawuhane maneka warna bubur, lan jajan pasar.

Mengkono mau pahargyan tedhak siten sing nganti wektu iki isih di tindhakake dening wong Jawa. Dene cak – cakane ora mesthi padha antarane panggonan siji lan panggonan liyane, jumbuh karo unen – unen ” Desa mawa cara negara mawa tata ”. Nyata yen pahargyan mau mengku teges sing luhur mula wis dadi kuwajiban kita kudu melu nguri – uri supaya lestari.

( Kapetik: Penyebar Semangat No. 44/ 2002 dipunjangkepi sumber sanesipun )