Candi Sewu yang berada di sebelah utara Candi Prambanan |
Kacarita prabu Damarmaya dalah ingkang garwa Dewi Candrawati,ratu wicaksana berbudi bawaleksana. Para kawulane tansah sumuyud, sumanggem lan samadya samubarang karya.
Nuju ing dina pasewakan pepak nayakaning praja, ketekan tamu tanpa kanyana.
Kaget sang prabu mulat tamune, ing batin ngunandika : sapa baya tamu iki. Nitik sandhang penganggone dudu kawula lumprah, nanging nudhuhke wewatekane kang kasar ngongasake kasudibyane.
“ He, Kisanak, sapa baya aranmu, saka ngendi, lan ngemu karep apa dene teka ing paseban,” mangkono ngendikane Sang Prabu bareng wis satata lungguh.
“Jenengku Prabu Gupala saka negara Wanasegara. Tekaku ing Pengging kene ngemu karep nedya ngudan-udan sore marang Dyah Ayu Dewi Candrawati.”
Dheg! Dhadhane Prabu Damarmaya rasane kaya kebledhosan bom sewu, nganti sawetara ora kewetu ngendikane.
“Piye Sang Prabu? Candrawati dadi garwaku. Dadi prameswari ing Wanasegara, sugih bandha-bandhu dhasar sekti ora tedhas pluru, “sambunge Prabu Gupala ora sabar karo lakak-lakak.
“Hem...Prabu Gupala, ngertia yen Dewi Candrawati iku garwaku, malah saiki wis nggarbini.”
“Ah! Kapan olehe dadi nganten aku ora nekseni lan ora ngesahake. Mula senajan wis meteng, aku tetep gelem nampa wong ayu kuwi. Dene yen ora entuk, arep dakgawe karang abang. Pengging dakbyuki bathang sayuta.”
Sang Prabu Damarmaya entek kesabarane menyat ngendika semu duka.
“We, lha dudu karepe dhewe iki. Prabu Gupala pranyata murang tata. Bebasan sadumuk bathuk senyari bumi takbelani tekaning pati. Prabu Gupala aja ngatonake lanang dhewe. Entenana blabar kawat, yen pancen nantang pati.”
Prabu Gupala metu, sumusul prajurit Wanasegara sing wis siyaga ing njaban kraton. Sang Prabu Damarmaya paring prentah marang rekyana patih supaya enggal siyaga gelar sepapan ngadhepi prajurit Wanasegara. Bubar paring wangsit marang ingkang garwa banjur budhalan.
`Kocap anggone padha peperangan durung ana tandha-tandha sing kalah utawa menang. Dewi Candrawati kang ana kedhaton nglairake jabang bayi kakung. Para emban ora ana sing kuat mbopong marga saka abot banget.Eling wangsite kakunge, Dewi Candrawati nggendhong putrane kang nedya disusulke ramane ing palagan.Tekane tinampa sang prabu Damarmaya kanthi gembiraning galih, kang banjur maringi asma “Bandung”.
“He Bandung, kowe mbesuk bakal dadi satriya pinunjul,” ngendikane karo mbopong putrane. Nanging sepira kagete, bareng Bandung ilang musna saka astane. Prabu Damarmaya kekarone padha tangisan nggetuni. Wiwit kuwi prabu Damarmaya ngumumake marang para kawulane aja nganti nyawung bayi.
Prabu Gupala ngguyu lakak-lakak bisa nggrebut bayi saka mungsuhe tanpa kaweruhan.
“Yen bayi iki mati, Damarmaya tansah nggetuni. Akhire perange mesti kalah.Yoh aja takon dosamu.”
Prabu Gupala nedya merjaya Bandung, nanging wektu iku Bandung disaut utusane Dewa kang banjur makayangan.
Ana ing kayangan malah kaparingan aji jaya kawijayan dening para Dewa. Jenenge diimbuhi Bandawasa kadhawuhan mulih menyang pengging ngadep wong tuane.
“Bocah bagus, sapa sejatine sira iku, saka ngendi lan ana karep apa ?” Bandung Bandawasa kaget, ora ngira yen ramane kaya ngono. Mula semu gragapan matur kanthi sumungkem.
“Kula Bandung Bandawasa, putranipun kenjeng Rama Prabu Damarmaya kaliyan Ibu Candrawati ing pengging.” Prabu Damarmaya ndomblong karo mirsani garwane. Eling nalika semana nate kagungan putra kang wis musna. Dene saiki bocah enom ngaku putrane apa iya apa dudu dadi emang panggalihe.
“Bandung Bandawasa, nalika semana aku nate duwe putra, nanging musna saka astaku nalika dakbopong. Ewasemono aja sumelang. Lamun bisa nyirep peperangan iki kanthi mikut Prabu Gupala ateges sira putraku. Nanging yen ora bisa, sira sun pratapi paukuman pati.”
Bandung Bandawasa sumanggem banjur budhal kanti nyuwun pangastu. Gancaring crita Bandung Bandawasa klakon adhep-adhepan lawan Prabu Gupala.
“Heh, Bocah Bagus luwih becik muliha. Bapakmu ora bisa ngalahke aja maneh kowe.”
“Nanging aku kecongah mateni kowe kang wis gawe rusake pengging.”
“O, Ho- babo.Iki wong dhugdeng samaladheng. Dibondhem mendat ditumbak mlenthong. Apa meneh Bandung, takremet dadi glepung.”
Durung meneng olehe kumecap tangane kiwa kumlawe njotos pilingan. Sing jotos endha, trengginas tangan tengen nylonong pener irung karo sikil ndugang. Bandung Bandawasa mundur sejangkah , tangane nothok polok. Swarane kaya mbanting bathok. Prabu Gupala pringisan rumangsa disepelekake.
Prabu Gupala oleh kalodhangan, siskile tengen ndugang lempeng sakayange. Kedadak sikil kiwa kepleset. Luput panendhange, Prabu Gupala tiba krengkengan. Panggonan iku katelah Desa Watu Lunyu.
Prabu Gupala mundhur, Bandung Bandawasa ngoyak. Ora ngerti sikile Bandung Bandawasa kajeglong ing jugangan. Kang banjur katelah Desa Jeglong.
Prabu Gupala kena diruket, banjur keket padha bantingan. Nanging Prabu Gupala kalah rosa, kena didengkek, nganti sambat ngaru ara, nangis. Eluhi netes lemah banjut dadi kali, aran Kali Dengkeng.
Bandung Bandawasa sing bisa mateni Prabu Gupala bablas menyang Kraton Wanasegara. Tujuane arep ngrusak kraton, nanging bareng weruh wanodya atine gunjing. Kenepsone lerem malih dadi kesengsem marang kasulistyane. Gandrung-gandrung kapiluyu, ora sida ngrusak nanging arep nggarwa marang wanodya ayu.
“Ee, Nini Sulistya sapa jenengmu?” panyapane Bandung Bandawasa semu kaku. “Aku Rara Jonggrang adine Prabu Gupala sing ngganti panguwasa sajroning Kakang
Gupala ngayahi peperangan.”
“Ngertiya yen kakangmu wis mati ing palagan. Mula kowe wae takboyong menyang Pengging pinangka dadi garwaku.”
“Aja keladuk pangucap, aku iki dudu wanita murahan.”
Krungu wangsulan sengak, Bandung Bandawasa ora nesu, nanging tetep ngrerepa murih gelema dadi garwane. Nadyan njaluk apa bakal dituruti.
“Bandung, aku gelem kokpek angger bisa mundhutake anting-antingku sing kecemplung sumur.”
Entuk wangsulan kaya ngono, ora ngira marang paekaning liyan Bandung nyaguhi tanpa nalar lan petung. Amung ngeboti katresnan Bandung Bandawasa klakon nyemplung sumur nggoleki anting-anting kang sanyatane ora ana. Malah sumure diurug saka dhuwur.
Bandung Bandawasa ngrasa yen dipaeka, age-age gawe trowongan kanggo dalan metu, supaya ora mati kurugan. Trowongan njedhul Parangtritis, guwa sing kangge metu diarani Guwa Langse.
Bandung Bandawasa mara maneh menyang Wanasegara. Rara Jonggrang kaget len geter. Kanggo nutupi rasa getere nuduhake ulat manis lan kewetu tembunge mancing.
“O, Kakang, pancen wis dadi pesthine yen aku dadi garwamu. Nanging aja ketanggungan olehe dadi satriya pinunjul. Aku nyuwun digawekake candhi sewu cacahe, sing digawe sajroning sewengi.”
Krungu tembung kang luwes lan manis sakala tuwuh maneh lan wuwuh tresnane, mula disaguhi. Wiwit angslupe srengenge, Bandung Bandawasa semadi nyenyuwun marang Dewa supaya jin setan periprayangan padha rerewang. Rame swarane wong gegawean nanging ora katon wujude sing gawe. Ngerti-ngerti dadi ana wewujudan candhi.
Rara Jonggrang atine goreh, rumangsa kejodheran anggone laku goroh. Kang mangka panjaluke iku sejatining srana nolak alus. Tuwuh panemu Rara Jonggrang kanggo njugarake pakaryan, Rara Jonggrang mrentahake para nonoman wadon padha nyapu latar senajan isih durung parak esuk. Sadhela wae wis rame swarane wong nyapu kesusul jago kluruk sesautan amarga kegurahan. Badhar semadine Bandung, mangka candhi lagi dadi 999. Mula bareng Rara Jonggrang nambong kewetu sabdane.
“Rara Jonggrang, ayumu kepara angel tandhingane. Nanging, bebudenmu ora becik. Kanggo nuruti panjalukmu genepe candhi sewu, sing siji kowe dhewe!”
Kena sabdane Bandung Bandawasa sanalika Rara Jonggrang malih dadi reca aran Candhi Rara Jonggrang.
0 komentar:
Posting Komentar