Gunung Tidar yang berlokasi di tengah-tengah Kota Magelang (Sumber Kumparan) |
Kutha Magelang, Jawa Tengah kondhang dadi kutha tentara amarga ana Akademi Militer ing kutha iku. Kutha iku duwe gunung sing ora pati gedhe, jenenge gunung Tidar. Gunung Tidar dipercaya dadi pakune pulo Jawa. Piye asal usule wong padha ngarani gunung iku gunung Tidar?
Biyen ing tanah Jawa isih ngadeg kraton Mataram ing wilayah Ngayogyakarta. Raja kang sepisan aran Kanjeng Panembahan Senopati ing Alaga kang ing wektu timur asmane Danang Sutowijaya. Ora suwe sawise kraton Mataram ngadeg, ing wilayah lor kulon wewengkon Mataram iku ana daredah utawa ontran-ontran.
Ontran-ontran kang dumadi ing wilayah iku ora liya perangane prajurit lan punggawa Mataram mungsuh rerusuh sing dipimpin Pendhekar Alap Alap. Pendhekar siji iki pancen sekti pilih tandhing mula akeh prajurit lan senopati agul-agule praja kaprejaya nganti tumeka pati gugur ing paprangan.
Kanjeng Panembahan Senopati terus nimbali para pinisepuh, para senopati, lan para sujana kang ngerti carane nyirnakake rerusuh iku mau.
“Para pinisepuh anung-anunging praja, ingsun pengin ngerti atur ira kanthi cara apa prajurit Mataram bisa nyirnakake rerusuh kang dipandhegani dening Pendhekar Alap Alap iku?” pangandikane Kanjeng Panembahan Senopati.
“Kanjeng Panembahan Senopati, sampun kathah eguh partikel, jimat kemat, gelaring perang kula ginakaken kangge nyirnakake rerusuh sekti reretune praja. Nanging eman sanget,sedaya cabar tanpa kasil,” ature Senopati.
“Hah ... yen ngono kudu ingsun pribadhi kang mandhegani maju perang mungsuh para kang gawe rusuh,” pangandikane Kanjeng Panembahan Senopati karo menyat saka pinarak lenggahe.
Durung nganti jumangkah, Ki Patih wis nggondheli sampeyan dalem Kanjeng Panembahan Senopati karo matur, “Sinuwun, tuhu taksih kathah Senopati ingkang brengosanipun sakkepel-kepel sagah ngayahi jejibahan mbrastha rerusuh praja. Pramila keparenga Paduka utusan sepindhah malih senopati ingkang pinilih kinen mandhegani prajurit nglurug rerusuh wau.”
Midhanget ature Ki Patih, Kanjeng Panembahan Senopati penggalihe rada lentreh. Panjenengane terus mutusake ndhapuk senopati anyar aran Suro Panggah kanggo nyirnakake Pendhekar Alap Alap sakbalane sing tansah gawe ora tenterem praja.
Dina sesuke prajurit sakbregada dipandhegani Senopati Suro Panggah mangkat menyang papane rerusuh. Pendhekar Alap Alap sakwadya bala pranyata tansah siyap siyaga, buktine nalika katekan prajurit Mataram kabeh wis siyap ngadhang. Praprangan ora bisa diendhani maneh. Mula dumadi campur perang antarane prajurit Mataram lan grombolan Alap Alap.
Perange rame banget. Kabeh padha migunakake gegaman lan kalimpatane dhewe- dhewe. Ana sing ngecakake aji jaya kawijayan nanging uga ana kang migunakake gegaman landhep kayata pedhang, keris, klewang, tombak, panah, Isp.Kawitan prajurit Mataram katon menang nanging bareng Suro Panggah, Sang Senopati kecekel, mula para prajurit Mataram mlayu salang tunjang rebut slamet.
Suro Panggah dirangket terus dikunjara ana papane gerombolan Alap Alap iku. Prajurit Mataram sing slamet terus sowan ana ngarsane Kanjeng Panembahan Senopati ngaturake ketiwasan. Krungu atur iku, mesthi wae Panjenengane rada cingak penggalihe. Kanjeng Panembahan Senopati karo rada duka terus mutusake yen panjenengane kang bakal maju dhewe nyekel Pendhekar Alap Alap. Midhanget keputusan iku, Ki Patih ora bisa matur apa-apa bisane mung sendika dhawuh nyiapake ubarampene paprangan.
Kocap paprangan dumadi maneh. Saiki perange saya gedhe jalaran kang mimpin sesembahane wong-wong Mataram kang mungsuh Pendhekar Alap Alap. Tandange para prajurit Mataram kaya bantheng ketaton ngiwa nengen ngentekake para rerusuh.
Kanjeng Panembahan Senopati terus ngadhepi Pendhekar Alap Alap. Sakarone pranyata padha sektine prasasat ora tedhas tepak palune pandhe sisane grindha. Nalika nempilingi Pendhekar Alap Alap, kanjeng Panembahan Senopati ngendika, “Mati! Mati kowe!” Mungsuhe, Pendhekar Alap Alap iku, nalika males ngantem karo kandha, “Modar! Modar! Modar kowe!”
Rame anggone bandayuda walapati. Saka kadohan kang keprungu Ti karo Dar. Mati, modar, mati modar. Ti-dar. Mula gunung papan peperangane Kanjeng Panembahan Senopati mungsuh Pendhekar Alap Alap iku nganti saiki diarani gunung Tidar.
Perang iku akhire dimenangake dening Kanjeng Panemabahan Senopati, Bubar perang panjenengane krasa sayah banget mula banjur prentah prajurit supaya dipeteki kareben pegele ilang. Kutha cedhak gunung Tidar diarani Mek Gel Lang (Diemek-emek Pegele Ilang). Jaman saiki kutha iku disebut kutha Magelang.
Kapethik saka : Sinau Basa Jawa Kelas SMP/MTs.
0 komentar:
Posting Komentar