Sumber foto wikipedia |
Ana ing abad XV,
pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. Warga kang manggon ana
pesisir iku isih sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten
Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan
iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai
Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut
benang-benang tresna asih. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah
sawah kang maune arupa rawa-rawa sak dawane pesisir segara ditanduri palawija
lan semangka.
Ing sawijining dina,
esuk-esuk Nyai Pedaringan dhewekan ana ing gubuge, isih nyiapake sarapan, Kaki
Pedaringan pun tindak dhateng sabin. Ora suwe, teka wong lanang kang bagus
rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo
sajake bingung banjur Nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan
ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, ing gegere ana barang
kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki
kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Wong lanang kang bagus mau yaiku Pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.
Pungkasane Salingsingan
bisa dikalahake lan Pangeran Papak Purbaya bisa selamet. Ana ing dalan tumuju
Mataram, Pangeran Papak Purbaya weruh gubug, dheweke kepengin mampir lan njaluk
tulung diobati larane. Banjur Nyai Pedaringan ngrewangi ngobati. Tekan awan, Pangeran
Papak Purbaya pamit bali arep nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake
kerise kanggo bebungah marang Nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen
keris kang diarani Simonglang iku tulung dijaga lan diopeni. Uga dikarepake yen
mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan kang duwe hak nduweni sarta
ngrawat keris iki yaiku kluwarga Nyai Pedaringan lan keturunane.
Sapa wae ora nduweni
hak njupuk keris mau kajaba Pangeran Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji
tangane papak kaya drijine Pangeran Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya lajeng
nerusake perjalananen marang kidul. Ing tengah-tengah lakune, Pangeran Purbaya
ngliwati kali cilik kang malang saka arah wetan lan ngalir tumuju kulon kang
lokasine cedhak karo segara. Banjur panggonan cedhak kali kui dijenengi dhaerah
“Pemalang”.
Kisahe, wis rada sore
kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan gumun,
biasane nyai Pedaringan nggawake panganan, nanging nganti sore kaya iki si Nyai
ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan nyekeli
keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh penjelasan
nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki Pedaringan ora
percaya penjelasan saka nyai, malah dadi tukaran.
Ing akhir tukarane,
Nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo mbuktike tresnane, keris mau dienggo
ngiris drijine. Getih kang seger mau netes saka drijine kang lentik marang
kembang widuri. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih kang netes ing
kembang widuri bisa ngowahi warnane sing asline kembang widuri warnane putih
bisa dadi warna ungu, iku tandane tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, Kaki
Pedaringan dadi gela lan njaluk pangapura marang Nyai Pedaringan.
Kanggo nebus dosane, Kaki
Pedaringan pamit arep nyusul lan nggoleti Pangeran Papak Purbaya. Nanging
nganti tahunan, kaki Pedaringan ora tau bali maneh.
Saiki Nyai Pedaringan
kang diarani “Nyai Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge.
Nganti akhir umure, Nyai Widuri dadi randa. Saiki jeneng Widuri diabadikake kanggo
jeneng panggonan desa lan pantai, merga Nyai Widuri tau urip ning kono.
0 komentar:
Posting Komentar