Selasa, 17 Mei 2022

LEGENDA BANYUMUDAL

Banyumudal menika salah satunggaling desa ana ing kecamatan moga kabupaten Pemalang. Kocap kacarita ing sawijining panggonan kang adoh saka Kota, ana wanodya ayu kang namine RaraJuminten. Sangking ayune, prasasat kaya dene widodari kang mudhun saka kahyangan.

Wis ayu rupane, Rara Juminten uga kalebu wanodya sing grapyak semanak, karo sapa bae seneng tetulung. Hebate, Rara Juminten duwe kesaktian, yaiku tansah kecukupan kabutuhane banyu sanajan ing mangsa ketiga dawa pisan.

Mula para warga masyarakat sekitare kepengin bisa kaya Rara Juminten. Wusanane para warga nekani Rara Juminten lan ngandhakake apa sing dikarepake. Intine para warga nyuwun tulung marang Rara Juminten supaya bisa nduweni banyu kang akeh.

Mireng panyuwunane warga, kanthi lila legawa Rara Juminten saguh lan siap ngupaya supaya warga bisa oleh banyu kang akeh.

Sawise niku, banjur Rara Juminten semedi nyepi 3 dina suwene. Ing semedine niku Rara Juminten angsal wangsit saka Dewi Rantansari.

Sawiseniku, Rara Juminten ngumpulake para warga lan nyritakake wangsit saka Dewi Rantansari, bilih yen warga pengen sumber banyu, ana 3 syarate.

Syarat kaping 1, warga kudu ngurbanaken jejaka muda. Nanging amarga melas maring korbane, Rara Juminten nyuwun digantos korban kebo, untunge sang Dewi setuju.

Syarat kaping 2, Sang Dewi nyuwun disiapaken rujak polo, nanging Rara Juminten nyuwun digantos ampun polo, melas tiyange, Rara nyuwun digantos bubur sumsum gula jawa 40 takir, Sang Dewi uga setuju.

Lajeng syarat terakhir, Sang dewi nyuwun korban prawan, nanging Rara Juminten nyuwun digantos Ayam kang wulune putih, untunge Sang Dewi setuju malih.

Sawise niku, para warga enggal-enggal nyiapake sedaya uba rampe sing disyarataken lajeng para warga kumpul ing panggonan kang dituduhake Rara Juminten. Ing panggonan niku dipendem endhas kebo sing dingo syarat pertama mau. Saka pendeman endhas kebo niku banjur metu tuk e sumber aire, saya suwe tuk e saya gedhe, banyune mili kaya kali, saking bantere miline banyumudal-mudal. Saka kadadea niku, panggonan mau diarani BANYUMUDAL.

0 komentar: