Jumat, 16 April 2021

SESEREPAN BAB BASA


BASA NGOKO LUGU

Digunakake antarane bocah karo bocah utawa marang sapepadhane, wong tuwa marang bocah utawa wong enom  lan wong sing wis raket srawung. Tetembungan sing digunakake kabeh tembung ngoko.


BASA NGOKO ALUS

Digunakake wong sing padha tuwane nanging isih padha ngajeni antarane siji lan sijine, umpane guru karo guru, wong tuwa karo wong tuwa,wong luwih enom marang wong luwih tuwa nanging ora pati ngurmati, wong tuwa marang sing luwih enom nanging isih ngajeni. Tetembungan sing digunakake tembung-tembung ngoko kecampuran tembung krama/krama inggil. Tembung-tembung ngoko kanggo awake dhewe, dene tembung-tembung kriyane (kata kerjane), kanggo wong sing diajak omong utawa sing dirembug, nggunakake tetembungan krama/krama inggil.
BASA KRAMA LUGU
Biasane digunakake dening wong sing nembe kenal, utawa ing antarane wong-wong sing durung raket banget. Surasane ngajeni sing diajak guneman sanajan saka wong sing luwih tuwa marang wong sing luwih enom. Tetembungane nggunakake basa krama.
BASA KRAMA ALUS
Digunakake wong enom marang wong tuwa utawa sing luwih tuwa, utawa marang wong sing diajeni banget utawa pejabat sing luwih dhuwur pangkate. Cirine, kabeh tetembungane migunakake basa krama lan krama inggil dene yen mbasakake awake dhewe nggunakake tembung krama.
Tembung-tembung basa krama kanggo wong tua / sing luwih tua sing sering salah, sing bener kaya mangkene :
Kowe             : panjenengan sanes sampeyan
Tuku              : mundhut        sanes tumbas
Nggawa        : ngasta            sanes mbekta
Ndeleng        : mirsani           sanes ningali
Mangan         : dhahar           sanes maem
Ngongkon     : ndhawuhi sanes ngengken
Ngomong        : ngendika sanes matur

LATIHAN UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA

 


Anoman Duta

Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora  dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa  pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.

Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku  aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.

     “ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”

 1.        Piweling sing bisa kajupuk saka paraga Dewi Sinta lan Niken Trijatha ing pethikan wacan  dhuwur yaiku ....

A.    Yen weruh wong sing lagi susah, kudu gelem nglelipur.

B.     Seneng menawa weruh wong nandang susah.

C.     Ora susah gelem ngurusi rekasane wong liya.

D. Urip ing alam dunya iku kudu kanggo seneng-seneng.


2. Guru wilangan lan guru lagunipun gatra kaping 5 tembang pangkur inggih punika….

A. 10 a

B. 11 a

C. 12 u

D. 13 u


...........................................................................................................................

Para rawuh ingkang luhur ing budi, Kamardikan Indonesia menika rahmat saking Gusti Ingkang Maha Mirah. Kejawi menika kamardikan ugi dados hakipun bangsa sedaya. Bab menika kacetha ing pambukaning UUD 1945, bilih sajatosipun kamardikan menika dados hakipun sedaya bangsa, mila penjajahan ing salumahing bumi kedah dipunsirnakaken, amargi boten jumbuh kaliyan perikemanusiaan lan perikeadilan. Mila kita wajib muji syukur kanthi cara nindakaken pembangunan tumuju masyarakat adil makmur ingkang adhedhasar pancasila, kados ingkang dipunidham-idhamaken bangsa Indonesia.

 3.    Perangan sesorah ing dhuwur iku klebu perangan ....

A. purwaka basa

B. surasa basa

C. wasana basa

D. pambukaning basa


UNTUK LEBIH LENGKAPNYA BISA DIDOWNLOAD DI LINK BERIKUT INI


Download Latihan US Bahasa Jawa