A. Atur-Atur
Atur-atur iku
saka tembung lingga atur. Atur iku kalebu tataran
tembung krama inggil. Tembung atur ngokone undang.
Dadi, tembung atur bisa ditegesi undang.
Tembung atur angger oleh ater-ater (awalan) dipun
(di) lan panambang (akhiran) i, dadi tembung dipunaturi.
Tembung dipunaturi tegese (ngokone) diundang.
Dene angger oleh ater-ater anuswara am (m), dadi tembung matur.
Tembung matur tegese kandha/ngomong.
Atur-atur iku dilakoni dening wong lanang (tiyang jaler), utawa bisa uga wong wadon (tiyang estri). Nanging lumrahe (umumnya) dilakoni dening wong lanang. Yen wong wadon biasane atur-atur kanggo njaluk tulung masak utawa tata dhahar. Dene tata carane atur-atur yaiku :