Jumat, 14 Juni 2024

SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI

Pupuh Kinanthi ing Serat Wulangreh ana 16 pada/bait. Nasehat ing pupuh kinanthi yaiku supaya padha nggegulang kalbu supaya lantip kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Ing ngandhap menika tuladha pada 1-5 dipunjangkepi kaliyan terjemahanipun.

01

Padha gulangen ing kalbu, 

ing sasmita amrih lantip, 

aja pijer mangan nendra, 

kaprawiran den kaesthi,

 pesunen sariranira, 

sudanen dhahar lan guling.


Terjemahan : Kulinakna ngasah kalbu kanthi cara sinau, tindak tanduk lan solah bawa kang becik, supaya pikiranmu pinter, trampil, lan landhep. Mulane kurangana anggonmu mangan lan turu.


02

Dadiya lakunireku, 

cegah dhahar lawan guling, 

lawan aja sukan-sukan, 

anganggoa sawatawis, 

ala watake wong suka, 

nyuda prayitnaning batin.

Terjemahan : Dadekna lelakon kang becik kasebut minangka laku kanthi cara akeh prihatine, aja mung kakehan mangan lan turu, uga aja boros, bisa gawe mati rasa.


03

Yen wus tinitah wong agung, 

ywa sira gumunggung dhiri, 

aja raket lan wong ala, 

kang ala lakunireku, 

nora wurung ngajak-ajak, 

satemah anenulari.

Terjemahan : Upama sliramu dadi panguwasa, aja gumedhe, aja seneng nyedhaki wong kang kelakuane ala, amarga suwe-suwe watak iku bisa nimbali sliramu


04

Nadyan asor wijilipun, 

yen kelakuane becik, 

utawa sugih carita, 

carita kang dadi misil, 

iku pantes raketana, 

darapon mundhak kang budi

Terjemahan : Senajan saka keturunan wong biasa, nanging yen pituture luhur patut disarwungi lan dinggo pituture.


05

Yen wong anom pan wus tamtu, 

manut marang kang ngadhepi, 

yen kang ngadhep akeh bangsat, 

nora wurung bisa anjuti, 

yen kang ngadhep keh durjana, 

nora wurung bisa maling.

Terjemahan : Upama isih dadi wong enom, bisa kena pengaruhe lingkungan. Yen lingkungane ala bisa kegawa ala, lingkungane akeh wong jahat mula dheweke dadi wong jahat


PAUGERAN TEMBANG KINANTHI
Guru gatra : 6
Guru wilangaan : 8, 8. 8, 8, 8, 8
Guru lagu : u, i, a, i, a, i