Ana sawetara prastawa sing dianggep
wigati ing panguripane wong Jawa. Kanggo mengeti prastawa mau lumrahe wong Jawa
banjur nganakake pahargyan minangka tandha puji sokur marang Gusti Kang Akarya
Jagad. Salah sijine yaiku pahargyan tedhak siten. Pahargyan tedhak siten
dianakake wong tuwa kanggo putrane nalika putra ngancik umur pitung wulan utawa
pitung lapan. Lumrahe nalika bocah umur pitung lapan dheweke wiwit ajar mlaku
utawa ngambah lemah mula pahargyane diarani ” tedhak siti ” utawa uga diarani ”
ngudhun – udhuni utawi cara tiyang Pemalang diarani mudhun lemah”. Ancase
pahargyan iki yaiku ngenalake alam lingkungan marang bocah supaya bocah ora
kaget marang alam sakiwa tengene klebu lemah sing di idak – idak ing saben
dinane.
Pahargyan tedhak siten diwiwiti
kanthi nyirami putra – putri sing arep di upacarani nganggo sekar setaman (mlathi
/ melur, kanthil, lan mawar). Kembang – kembang mau mengku teges: mlathi /
melur kanthi pengajab supaya putra – putri mau bisa duwe tekad sing ora melar –
melur. Kembang kanthil kanthi pengajab supaya putra – putri bisa kasinungan
wewujudan (jasmani) lan kaprigelan sing marakake sapa bae gampang kumanthil.
Dene kembang mawar kawentar ngganda arum bisa gawe alusing kulit, dadi sapa bae
sing nyawang bakal welas lan kasmaran. Sawise disirami, putra diagemi busana
anyar sing pinilih supaya nengsemakake para rawuh sing mriksani.
Sabanjure putra – putri diambahake
ing siti (lemah) sing diwenehi krikil utawa lambaran liyane. Rampung kuwi putra
ditetah midak jadah pitung warna sing ditata kanthi dilambari pupus pisang.
Anggone midak jadah diwiwiti saka warna putih banjur warna liyane. Midak jadah
warna – warni dilambari pupus pisang nggambarake maneka warna kedadean sing
dilakoni jroning panguripan. Ana susah uga bungah. Ing pangajab kabeh iku kudu bisa
di pupus, ditampa kanthi ati sing legawa. Jadah sing diidak – idak mau biasane
didum marang para tamu sing rawuh, kanggo oleh – oleh menyang dalem saperlu
kanggo jontrot supaya putra–putrine gampang antuk jodho lan gampang antuk
momongan.
Sawise putra midak jadah diterusake
menek andha sing diwangun kayadene palenggahane raja. Menek andha tebu kanthi
pangajab putra bisa nggayuh gegayuhan luhur. Tembung tebu yen dikerata basa
asale saka tembung ” antebing kalbu ”. Dadi, gegayuhan sing luhur mau bisa kasembadan
yen dilakoni kanthi mateping ati. Lenggah ing dhuwur kayadene raja ancase
supaya bisa dadi pemimpin sing becik tumrap pribadine dhewe uga ing bebrayan
agung.
Mudhun saka andha tebu putra
dilebokake ing kurungan sing ing jerone wis dicawisi maneka warna ubarampene
wong urip manut apa kersane wong tuwane, kaya ta : dhuwit, pari, potelot, kaca,
tasbih, lsp. Saliyane ubarampe mau uga cumawis beras kuning lan arta receh saka
sing ajine sithik nganti sing larang dilebokake jero bokor kencana. Kurungan ngemu
teges
supaya bocah dadi wong sing bisa ngurung utawa nyandhet
pepinginan kurang becik sing bisa nuwuhake kasangsaran. Dene barang apa sing
dipilih dening putra ing jero kurungan iku manut kapercayan nggambarake
pakaryan utawa panguripane bocah ing besuke. Sawise milih barang, beras kuning
lan arta receh disebar ing ngarepe para tamu ben diagem rayahan ( udhik – udhik
) minangka pratandha yen barang mau mujudake amal sedhekahe sing kagungan
kersa.
Saliyane ubarampe ing dhuwur uga
cumawis ubarampe liyane yaiku : kembang manca warna, senthir (cemplik), sapu
gerang sing diedegake malik ditancepi brambang – bawang, laos, kunir, kamijara
lan dlingo bengle. Uga dom disurupi benang, kacang ijo lan cuwilan pengilon.
Sing pungkasan ora lali tumpeng salawuhane maneka warna bubur, lan jajan pasar.
Mengkono mau pahargyan tedhak siten
sing nganti wektu iki isih di tindhakake dening wong Jawa. Dene cak – cakane
ora mesthi padha antarane panggonan siji lan panggonan liyane, jumbuh karo unen
– unen ” Desa mawa cara negara mawa tata ”. Nyata yen pahargyan mau mengku
teges sing luhur mula wis dadi kuwajiban kita kudu melu nguri – uri supaya
lestari.
(
Kapetik: Penyebar Semangat No. 44/ 2002 dipunjangkepi sumber sanesipun )