Bar nganake pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dientekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane
Blorok : “Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku” Putih : “Loh njuk ngapa ta?”
Blorok : “Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!. Makani barang apik ora isa pa piye?”
Putih : “Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae pa?”
Blorok : “Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.”
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia sak gegem, diuncalke ning lemah ben dipangan pitike. Ananging pitik loro kuwi malah kur ngeker- eker lumpia ngantek sumebar tekan ngendi-endi. Babar pisan ora gelem mangan.
Weruh pitike ora doyan lumpia, Mbak Dewi banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pitike. Nanging pitike malah kur nendang-nendang trempolong ngantek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pitike ora gelem mangan?.
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur. Mbok menawa pitike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pitike. Pranyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pitike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pitike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet- melet kepedesen merga mangan arem-arem. “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane. Weruh mbokne ponakane yaiku Majda Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pitike dho ora doyan mangan.
Yulianingrum : “Wooo, sajake pitikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!”
Mbak Dewi : “Wooo ngono toh, nek ngono digolekke obat apa ya?”
Yulianingrum : “Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca- kancane.”
Pithik Blorok kaget banget krungu usulan dheweke dibeleh wae. Blorok tambah kaget wasan weruh Pitik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Blorok : “Kowe ki piye ta? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak ya luwih njijiki ta?”
.Putih : “Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae. Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...”
Blorok : Enak wae. Aku ya ora gelem dibeleh ki.....” (Pitik Blorok banjur cepet- cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)
Pitik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan arem-arem. Mbak Dewi lan Majda Yulianingrum dadi gumun. Pitik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pitik jaman saiki.
(http://duniashinichi.blogspot.com/2012/04/cerita-lucu-bahasa-jawa)
0 komentar:
Posting Komentar