Assalamualaikum wr wb
Nuwun
Ibu Kepala SMP Negeri 4 Randudongkal ingkang kinurmatan,
Bapak Ibu Guru saha Staf Tata Usaha ingkang kula hurmati, para adhi kelas
inggih punika kelas VII, VIII tuwin kanca-kanca kelas IX ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah
SWT, ingkang sampun paring rahmat saha kasarasan, satemah kula lan panjenengan
saged kempal ing papan menika kanthi sehat boten kirang setunggal menapa. Boten
kesupen, sholawat saha salam konjuk wonten ngarsanipun Kanjeng Nabi Muhammad
SAW, ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafaatipun ing yaumul akhir, aamiin ya
robbal aalaamiin.
Bapak Ibu saha para rawuh ingkang kinurmatan, kados
kawuningan bilih kelas IX sampun nglampahi sedaya kegiatan pasinaon, uga ujian
praktik saha ujian sekolah. Sasampunipun nglampahi sedaya kalawau, kelas IX
sakedhap malih ngentosi pengumuman. Mugi-mugi saged lulus sedaya saha saged
nglajengaken sekolah ingkang langkung inggil tataranipun. Mekaten pangangkah
kula sakanca.
Gegayutan kaliyan menika, hambok bilih wonten lepat kula
sakanca sadanguning kula sinau ing SMP Negeri 4 Randudongkal, mliginipun
dhumateng Bapak Ibu Guru, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Para rawuh ingkang minulya, Wasana cekap semanten ingkang
saged kula aturaken, bok bilih wonten kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging
pangapunten.
Wassalamualaikum wr wb