Selasa, 04 Maret 2025

SESORAH PERPISAHAN

Assalamualaikum wr wb

Nuwun

Ibu Kepala SMP Negeri 4 Randudongkal ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha Staf Tata Usaha ingkang kula hurmati, para adhi kelas inggih punika kelas VII, VIII tuwin kanca-kanca kelas IX ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha kasarasan, satemah kula lan panjenengan saged kempal ing papan menika kanthi sehat boten kirang setunggal menapa. Boten kesupen, sholawat saha salam konjuk wonten ngarsanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafaatipun ing yaumul akhir, aamiin ya robbal aalaamiin.

Bapak Ibu saha para rawuh ingkang kinurmatan, kados kawuningan bilih kelas IX sampun nglampahi sedaya kegiatan pasinaon, uga ujian praktik saha ujian sekolah. Sasampunipun nglampahi sedaya kalawau, kelas IX sakedhap malih ngentosi pengumuman. Mugi-mugi saged lulus sedaya saha saged nglajengaken sekolah ingkang langkung inggil tataranipun. Mekaten pangangkah kula sakanca.

Gegayutan kaliyan menika, hambok bilih wonten lepat kula sakanca sadanguning kula sinau ing SMP Negeri 4 Randudongkal, mliginipun dhumateng Bapak Ibu Guru, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Para rawuh ingkang minulya, Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken, bok bilih wonten kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum wr wb

0 komentar: