Atur-atur iku saka tembung lingga atur. Atur iku kalebu tataran tembung krama inggil. Tembung atur ngokone undang. Dadi, tembung atur bisa ditegesi undang. Tembung atur angger oleh ater-ater (awalan) dipun (di) lan panambang (akhiran) i, dadi tembung dipunaturi. Tembung dipunaturi tegese (ngokone) diundang. Dene angger oleh ater-ater anuswara am (m), dadi tembung matur. Tembung matur tegese kandha. Antarane tembung atur-atur lan matur, senajan tembung linggane padha, nanging tegese beda. Mula, tembung atur-atur iku tegese undang-undang.
Undang-undang ing kene dudu ateges ngundang wong kanthi suwara kang seru, nanging nggunakake tata cara tinamtu (tertentu). Pramila, tembung atur-atur iku mligi (khusus) kanggo ngundang kanthi lisan supaya wong sing diundang rawuh ing daleme sing ngundang (sing duwe gawe). Ngundang kanthi lisan iki sing merlokake tata cara tinamtu.
B. Tata
Cara Atur-atur
Atur-atur iku dilakoni dening wong lanang (tiyang jaler),
utawa bisa uga wong wadon (tiyang estri). Nanging lumrahe (umumnya)
dilakoni dening wong lanang. Yen wong wadon biasane atur-atur kanggo njaluk
tulung masak utawa tata dhahar. Dene tata carane atur-atur yaiku :
1. Nganggo rasukan (baju) sing
sopan, rapi, lan prasaja (sederhana).
2. Pilih wektu sing pas, kayata ora bebarengan
karo wektu sembahyang lan istirahat.
3. Sawise tekan ing omahe sing arep
diatur-atur, thothok lawang lan uluk salam.
4. Sawise dibukakake lawang lan
dimanggakake mlebu dening sing duwe omah, mlebua kanthi sopan. Aja langsung
lungguh sadurunge sing duwe omah nyumanggakake lungguh. Banjur lungguha kanthi
sopan lan ora grusa-grusu, sawise dimanggakake lungguh.
5. Sawise lungguh, banjur matur apa
sing dikarepake atur-atur (biasane sing duwe omah takon tujuane apa karo sing
atur-atur). Olehe matur nggunakake basa krama alus kanthi solah bawa kang apik.
6. Sawise sing duwe omah nanggapi atur-ature mau, lan rampung apa sing dikarepake atur-atur, banjur nyuwun pamit. Menawa disuguh unjukan, ya diombe ndhisik kanthi sopan sadurunge pamit.
7. Sawise atur-atur wis rampung kabeh, prayogane caos (memberi) lapuran marang sing ndhawuhi (ngongkon) atur-atur, ora kena mung meneng bae. Kanthi mengkono ndadekake tentreming pikir sing didhawuhi lan sing ndhawuhi.
0 komentar:
Posting Komentar