Dina riyaya utawa Idul Fitri ing saindenging Nuswantara tansah dipahargya kanthi carane dhewe-dhewe, miturut adat budaya lan tradhisi sing lumaku ing papan kasebut. Sing ancase dina riyaya mau bisa kanggo sarana ngraketake anggone seduluran utawa sing kawentar kanthi aran nyambung tali silaturahmi sing wektu iki wis katon padha longgar. Kanthi mangkono anane tradhisi kasebut diajab bisa kanggo sarana ngumpulake balung pisah ing antarane para sanak kadang lan tangga teparo.
Salah sijine tradisi sing dianakake mbarengi riyaya arane Upacara adat Grebeg Gunungan Kupat sing diadani dening masyarakat desa Krakitan, kecamatan Bayat, kabupaten Klaten, provinsi Jawa Tengah. Grebeg Gunungan Kupat iku mujudake simbol luware kaluputan sing dumadi ing antarane warga Krakitan sakiwatengene sasuwene padha sasrawungan setaun lawase. Tembung “ kupat “ linggane saka tembung ngaku lepat sing ateges ngakoni kesalahane. Tradisi Grebeg Gunungan Kupat sing wis lumaku puluhan taun iki digelar sepasar sawise sholat Ied ( wulan Syawal ), mapan ing sadhuwure gumuk Sidagora.
Adicara mau ing taun 2015 iki disengkuyung dening Dinas
Kebudayaan lan Pariwisata kabupaten Klaten lan ditekani dening warga masyarakat
sakiwatengene Klaten. Grebeg Gunungan Kupat uga kanggo nerusake adat sing
ditindakake dening para leluhur mligine Kyai Sidagora saka Mangkunegaran sing
dadi cikal bakale masyarakat Krakitan. Mula adicara iki dening Dinas Pariwisata
kabupaten Klaten banjur dilebokake minangka event wisata budaya taunan sing
diajab bisa kanggo ngundhakake pametune masyarakat Krakitan mligine lan
masyarakat Klaten umume.
Urut-urutane Grebeg Gunungan Kupat diwiwiti kanthi ngarak
gunungan kupat cacah sewelas iji. Manut kapitayan, gunungan kupat cacah sewelas
iku ngimpun kupat cacah sepuluh ewu iji. Sabenere panitia wis nyawisake kupat
cacah limalas ewu iji. Nanging sing kapajang lan katata kanggo gawe gunungan
cacahe mung sepuluh ewu. Liyane diirisi banjur diwadhahi lan diwenehi lawuh
sambel goreng lan opor ayam kanggo para penonton sacara gratis. Saliyane kanggo
ngraketake paseduluran, gunungan kupat tumprap warga desa Krakitan uga dadi
simbol sedulur papat lima pancer, amrih manungsa ora nglalekake asal mula
bukane utawa jatidhirine.
Grebeg gunungan kupat kawiwitan saka Balai Desa Krakitan
diarak nganti tekan pucuke gunung Sidagora. Gunungan kupat cacah sewelas
saliyane kebak kupat uga ana sing ditambahi rerenggan wuluwetune bumi, kayata :
palawija, terong, tomat, lan kacang-kacangan. Gunungan siji iki kanggo tetenger
kemakmurane warga Krakitan, kanggo ngunjukake puji sukur marang alam lan Gusti
Kang Maha Murah sing wis paring kanugrahan wuluwetune bumi kanthi
undhak-undhakane sing tikel matikel tinimbang taun-taun kepungkur.
Kanugrahan mau kejaba lair saka tetuwuhan, uga ana sing
diasilake saka perikanan. Jalaran ing desa Krakitan ana rawa jembar sing kanggo
obyek wisata lan ngingu iwak ing keramba asli budidayane warga Krakitan. Rawa
sing kawentar kanthi aran Rawa Jombor iku wiwit taun 2000 pancen dadi salah
sijine obyek wisata andel-andele kabupaten Klaten.
Kirab Gunungan Kupat sawise tekan gumuk Sidagora banjur
dipasrahake dening kepala desa Krakitan marang bupati Klaten. Rampung anggone
tata upacara pasrah panampi, adicara bacute kanthi pandonga sing ditindakake
dening Kepala Kantor Kementrian Agama kabupaten Klaten. Sabubare nggelar donga
pamuji sukur, gunungan kupat cacah enem banjur kanggo rebutan warga sing pada
teka ing papan kono.
( Sumber : Panjebar Semangat Nomer 36, tanggal 5 September 2015, kanthi owah-owahan saprelune )
0 komentar:
Posting Komentar