Candi Sewu yang berada di sebelah utara Candi Prambanan |
Kacarita prabu Damarmaya dalah ingkang garwa Dewi Candrawati,ratu wicaksana berbudi bawaleksana. Para kawulane tansah sumuyud, sumanggem lan samadya samubarang karya.
Nuju ing dina pasewakan pepak nayakaning praja, ketekan tamu tanpa kanyana.
Kaget sang prabu mulat tamune, ing batin ngunandika : sapa baya tamu iki. Nitik sandhang penganggone dudu kawula lumprah, nanging nudhuhke wewatekane kang kasar ngongasake kasudibyane.
“ He, Kisanak, sapa baya aranmu, saka ngendi, lan ngemu karep apa dene teka ing paseban,” mangkono ngendikane Sang Prabu bareng wis satata lungguh.
“Jenengku Prabu Gupala saka negara Wanasegara. Tekaku ing Pengging kene ngemu karep nedya ngudan-udan sore marang Dyah Ayu Dewi Candrawati.”
Dheg! Dhadhane Prabu Damarmaya rasane kaya kebledhosan bom sewu, nganti sawetara ora kewetu ngendikane.
“Piye Sang Prabu? Candrawati dadi garwaku. Dadi prameswari ing Wanasegara, sugih bandha-bandhu dhasar sekti ora tedhas pluru, “sambunge Prabu Gupala ora sabar karo lakak-lakak.
“Hem...Prabu Gupala, ngertia yen Dewi Candrawati iku garwaku, malah saiki wis nggarbini.”
“Ah! Kapan olehe dadi nganten aku ora nekseni lan ora ngesahake. Mula senajan wis meteng, aku tetep gelem nampa wong ayu kuwi. Dene yen ora entuk, arep dakgawe karang abang. Pengging dakbyuki bathang sayuta.”
Sang Prabu Damarmaya entek kesabarane menyat ngendika semu duka.
“We, lha dudu karepe dhewe iki. Prabu Gupala pranyata murang tata. Bebasan sadumuk bathuk senyari bumi takbelani tekaning pati. Prabu Gupala aja ngatonake lanang dhewe. Entenana blabar kawat, yen pancen nantang pati.”