Sumber foto wikipedia |
Ana ing abad XV,
pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. Warga kang manggon ana
pesisir iku isih sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten
Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan
iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai
Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut
benang-benang tresna asih. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah
sawah kang maune arupa rawa-rawa sak dawane pesisir segara ditanduri palawija
lan semangka.
Ing sawijining dina,
esuk-esuk Nyai Pedaringan dhewekan ana ing gubuge, isih nyiapake sarapan, Kaki
Pedaringan pun tindak dhateng sabin. Ora suwe, teka wong lanang kang bagus
rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo
sajake bingung banjur Nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan
ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, ing gegere ana barang
kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki
kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Wong lanang kang bagus mau yaiku Pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.