BASA NGOKO LUGU
Digunakake antarane bocah karo bocah utawa marang sapepadhane, wong tuwa marang bocah utawa wong enom lan wong sing wis raket srawung. Tetembungan sing digunakake kabeh tembung ngoko.
BASA NGOKO ALUS
pada dasarnya manusia itu pintar asalkan mau belajar dan saling berbagi
BASA NGOKO LUGU
Digunakake antarane bocah karo bocah utawa marang sapepadhane, wong tuwa marang bocah utawa wong enom lan wong sing wis raket srawung. Tetembungan sing digunakake kabeh tembung ngoko.
BASA NGOKO ALUS
Anoman
Duta
Wancine
wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat
ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den
upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan
kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang
mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing
lemah. Gelungane lukar nora dirawati,
gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa
pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.
Lah punika ingkang winastan Taman
Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake
dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening
wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken
Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe
Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.
“
Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi
sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran
Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan
Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko
sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya
ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang
rontang-ranting.”
A.
Yen weruh wong sing lagi susah, kudu
gelem nglelipur.
B.
Seneng menawa weruh wong nandang susah.
C. Ora susah gelem ngurusi rekasane wong liya.
D. Urip ing alam dunya iku kudu kanggo seneng-seneng.
2. Guru wilangan lan
guru lagunipun gatra kaping 5 tembang pangkur inggih punika….
A. 10 a
B. 11 a
C. 12 u
D. 13 u
...........................................................................................................................
Para rawuh ingkang luhur ing budi, Kamardikan
Indonesia menika rahmat saking Gusti
Ingkang Maha Mirah. Kejawi menika kamardikan ugi dados hakipun bangsa sedaya.
Bab menika kacetha ing pambukaning UUD 1945, bilih sajatosipun kamardikan
menika dados hakipun sedaya bangsa, mila penjajahan ing salumahing bumi kedah
dipunsirnakaken, amargi boten jumbuh kaliyan perikemanusiaan lan perikeadilan.
Mila kita wajib muji syukur kanthi cara nindakaken pembangunan tumuju
masyarakat adil makmur ingkang adhedhasar pancasila, kados ingkang dipunidham-idhamaken
bangsa Indonesia.
3. Perangan sesorah ing dhuwur iku klebu perangan ....
A.
purwaka basa
B.
surasa basa
C.
wasana basa
D. pambukaning basa
UNTUK LEBIH LENGKAPNYA BISA DIDOWNLOAD DI LINK BERIKUT INI
![]() |
| Candi Sewu yang berada di sebelah utara Candi Prambanan |
Kacarita prabu Damarmaya dalah ingkang garwa Dewi Candrawati,ratu wicaksana berbudi bawaleksana. Para kawulane tansah sumuyud, sumanggem lan samadya samubarang karya.
Nuju ing dina pasewakan pepak nayakaning praja, ketekan tamu tanpa kanyana.
Kaget sang prabu mulat tamune, ing batin ngunandika : sapa baya tamu iki. Nitik sandhang penganggone dudu kawula lumprah, nanging nudhuhke wewatekane kang kasar ngongasake kasudibyane.
“ He, Kisanak, sapa baya aranmu, saka ngendi, lan ngemu karep apa dene teka ing paseban,” mangkono ngendikane Sang Prabu bareng wis satata lungguh.
“Jenengku Prabu Gupala saka negara Wanasegara. Tekaku ing Pengging kene ngemu karep nedya ngudan-udan sore marang Dyah Ayu Dewi Candrawati.”
Dheg! Dhadhane Prabu Damarmaya rasane kaya kebledhosan bom sewu, nganti sawetara ora kewetu ngendikane.
“Piye Sang Prabu? Candrawati dadi garwaku. Dadi prameswari ing Wanasegara, sugih bandha-bandhu dhasar sekti ora tedhas pluru, “sambunge Prabu Gupala ora sabar karo lakak-lakak.
“Hem...Prabu Gupala, ngertia yen Dewi Candrawati iku garwaku, malah saiki wis nggarbini.”
“Ah! Kapan olehe dadi nganten aku ora nekseni lan ora ngesahake. Mula senajan wis meteng, aku tetep gelem nampa wong ayu kuwi. Dene yen ora entuk, arep dakgawe karang abang. Pengging dakbyuki bathang sayuta.”
Sang Prabu Damarmaya entek kesabarane menyat ngendika semu duka.
“We, lha dudu karepe dhewe iki. Prabu Gupala pranyata murang tata. Bebasan sadumuk bathuk senyari bumi takbelani tekaning pati. Prabu Gupala aja ngatonake lanang dhewe. Entenana blabar kawat, yen pancen nantang pati.”
![]() |
| Gunung Tidar yang berlokasi di tengah-tengah Kota Magelang (Sumber Kumparan) |
Kutha Magelang, Jawa Tengah kondhang dadi kutha tentara amarga ana Akademi Militer ing kutha iku. Kutha iku duwe gunung sing ora pati gedhe, jenenge gunung Tidar. Gunung Tidar dipercaya dadi pakune pulo Jawa. Piye asal usule wong padha ngarani gunung iku gunung Tidar?
Biyen ing tanah Jawa isih ngadeg kraton Mataram ing wilayah Ngayogyakarta. Raja kang sepisan aran Kanjeng Panembahan Senopati ing Alaga kang ing wektu timur asmane Danang Sutowijaya. Ora suwe sawise kraton Mataram ngadeg, ing wilayah lor kulon wewengkon Mataram iku ana daredah utawa ontran-ontran.
Ontran-ontran kang dumadi ing wilayah iku ora liya perangane prajurit lan punggawa Mataram mungsuh rerusuh sing dipimpin Pendhekar Alap Alap. Pendhekar siji iki pancen sekti pilih tandhing mula akeh prajurit lan senopati agul-agule praja kaprejaya nganti tumeka pati gugur ing paprangan.
Kanjeng Panembahan Senopati terus nimbali para pinisepuh, para senopati, lan para sujana kang ngerti carane nyirnakake rerusuh iku mau.
A.
Pambuka
1. Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.
2. Atur Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.
3.
Atur Pakurmatan/Sesebutan
Isine bab marang sapa sesorah kawedharake, umume pakurmatan marang para ingkang rawuh, biasane wiwit saka sing paling dhuwur kalungguhane.