Ana sawijining tradhisi sing saben taun dipengeti ing tlatah
Dataran Tinggi Dieng yaiku upacara adat nyukur rambut gembel. Upacara iki mung
dipengeti ing tlatah Wonosobo uga Banjrnegara awit pancen ana gegayutane karo
sejarahe kutha iki. Kacarita, ing jaman biyen ana kyai cacah telu rawuh ing
sawijining alas ( alas = wana ) sing saiki diarani Wonosobo. Kyai mau asmane
Kyai Karim, Kyai Kaladite, lan Kyai Walik. Ya kyai telu mau sing mandhegani
adeging kutha Wonosobo. Dene sing ana gegayutane karo tata upacara
adat nyukur rambut gembel yaiku Kyai Kaladite amarga panjenengane iku sing
kajibah nggulawenthah bocah-bocah.
Kyai Kaladite kagungan rikma sing dawa lan gembel. Sadurunge
muksa paring pangandikan mangkene : “ Para sadulur, sapungkurku mengko,
yen ana bocah sing rambute gembel, aja dimunasika, jalaran kuwi isih
momonganku! “ Mula nganti wektu saiki, ing tlatah Wonosobo yen ana bocah sing
rambute gembel, anggone nyukur kudu nganggo tata upacara adat amarga bocah kuwi
kalebu bocah sukerta sing kudu diruwat. Yen ora diruwat, manut kapitayane
masyarakat kono bocah rambut gembel mau bisa nuwuhake sambekala. Nanging yen diruwat,
bocah-bocah mau bakal ngrejekeni. Kajaba iku yen bocah-bocah rambut gembel iku
dicukur tanpa diruwat dhisik, rambut sing thukul bisa gembel maneh lan bocahe
tansah lelaranen.
Kapan bocah rambut gembel iku bisa dicukur rambute ?
Pranyata rambut gembel mau oleh dicukur yen bocahe wis nyuwun dhewe kepengin
cukur. Biasane saliyane nyuwun dicukur, bocah mau uga duwe panyuwunan liyane
sing kudu disembadani dening wong tuwane. Upamane nyuwun endhog, nyuwun gula
jawa, utawa nyuwun ditanggapake ringgit purwa, lan liyane sing kala-kala
panyuwunan mau ora klebu nalar. Yen panyuwunan iku ora dituruti, bocahe bisa
lara lan angel diusadani. Mung eloke, lumrahe panyuwunan mau manut kekuatane
wong tuwane.
Ubarampe sing dicawisake kanggo upacara adat nyukur rambut
gembel yaiku: Payung, Beras kuning, Baki sing dilambari
mori putih karo gunting,
Kembang telon sing diselehake ing tuwung, Tumpeng warna-warni
( tumpeng : megana, rasul, robyong, putih, lan bucu cilik ), Ingkung ayam Jawa, Bubur abang putih lan Jajan pasar
Dene tata rakiting upacara kaya mangkene : Sedina sadurunge
upacara ruwatan, ubarampe sing diperlokake kanggo upacara ruwatan wis
dicawisake wong tuwane si gembel ( sebutane bocah rambut gembel ). Ing dina
sing wis pinilih sadurunge acara diwiwiti kabeh ubarampe ruwatan mau digawa ing
Candi Arjuna. Sirahe bocah diblebet nganggo kain putih nganti bathuke
ketutupan. Bocah gembel mau terus dikirab numpak dhokar, ditutake para penari
lan barongsai. Kirabe ngubengi kampung lan Jalan Raya Dieng dipungkasi ing
platarane Candi Arjuna.
Sawise kirab, terus dianakake siraman ing sumur Sendhang
Sedayu sing mapan ing kompleks Candi Arjuna. Nalika mlebu ing sumur Sendhang
Sedayu, bocah gembel mau dipayungi nganggo Payung Robyong lan dialing-alingi
kain dawa ing sakupenge sendhang. Rampung kuwi, bocah dikanthi menyang papan
kanggo nyukur ing kompleks candi. Bocah sing rambute gembel dipangku wong
tuwane lan dijagari eyange, yen eyange isih sugeng. Sesepuh sing mandhegani
upacara banjur ngendika : “ Ing dinten menika badhe mbucal sukeripun lare
menika kanthi nyukur rambut ingkang gembel, pramila nyuwun restu dhumateng Kyai
Karim, Kyai Kaladite, saha Kyai Walik supados tansah njangkungi dhumateng lare
menika. “ Diterusake dedonga babarengan karo para rawuh. Sawise ndedonga,
rambut sing gembel dikebuli menyan lan diwiwiti nyukur. Sing sepisanan nyukur
yaiku sesepuh desa, disusul para sesepuh sing liyane.
Sasuwene nyukur, bocah mau kudu dipayungi lan dikepyuri
beras kuning. Rampung kacukur, rambut gembel dibuntel nganggo kain mori putih
terus dilarung ing Tlaga Warna sing mili menyang Kali Serayu terus menyang Segara
Kidul nganti ing Samudra Hindia. Sawise kuwi bocah diutus maem jajan pasar lan
daging ingkung sacukupe. Ora lali, barang sing dadi panyuwune bocah
diparingake. Sing pungkasan, sawernane tumpeng sing wis sumadiya dienggo kembul
bujana andrawina.
Nyukur rambut gembel iki ancas tujuane yaiku mbuwang
sukertane bocah saengga uwal saka pamangsane Bathara Kala. Amarga manut
kapitayan bocah sukerta iki ditunggoni jin, mula kanthi dicukur lan dilarung
rambut gembele ateges wis nglungakake jin mau lan mbalekake menyang Segara
Kidul ( Nyi Roro Kidul ).
( Kacuplik saka buku Padha Seneng Basa Jawa 3
lan artikel “ Makna Simbolik Ruwatan Rambut Gembel di Desa Kejajar
Wonosobo “ Moh. ChoiruL Arif / Andin Fathurrohman
jurnalilkom.uinsby.ac.id/index.php/jurnalilkom/article/view/40/34)