Tembang
macapat iku duwe paugeran utawi aturan kang ngiket minangka titikane puisi Jawa
tradhisional, kayata :
1. Guru gatra :
cacahing gatra utawa larik saben sapada (sa-bait) tembang.
2. Guru wilangan : cacahing wanda (suku
kata) saben salarik.
3. Guru lagu :
tibaning swara (a, i, u, e, lan o) ing pungkasaning gatra / larik.
Tembang macapat cacahe kabeh ana 11, paugerane beda-beda ora
ana sing padha. Gatekna paugerane tembang macapat ing ngisor iki!

Watake Tembang
Saliyane kudu ngugemi paugeran ing dhuwur, yen arep ngarang
tembang macapat uga perlu mangerteni yen tembang macapat nduweni watak sing
beda-beda.
1. |
Pocung |
: watake kendho, kanggo sembranan, guyon, cangkriman lsp. |
2. |
Maskumambang |
: watake nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin |
3. |
Gambuh |
: watak wani, wanuh, kulina, lan rumaket |
4. |
Megatruh |
: watake sedhih, kanggo medharake rasa
memelas, getun, prihatin. |
5. |
Kinanthi |
: watak seneng, tresna, asih |
6. |
Mijil |
: watake gandrung lan sengsem marang ilmu lan kaluhuran. |
7. |
Asmarandana |
: awatak sedhih, sengsem, prihatin amarga kataman asmara. |
8. |
Pangkur |
: watake sereng, nantang, kanggo mituturi. |
9. |
Durma |
: watake galak, nantang, nesu , muntab. |
10. |
Sinom |
: watake grapyak semanak, sabar |
11. |
Dhandhanggula |
: watake luwes, kewes, lan resep |
0 komentar:
Posting Komentar