Wulangreh asale saka tembung Wulang lan Reh.
Wulang tegese wulangan (pelajaran) dene reh tegese solah bawa (tingkah
laku). Dadi Wulangreh tegese wulangan kanggo manungsa babagan solah bawa
marang sapa bae ana ing alam donya.
Wulangreh iku anggitane Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV. Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV miyos ing dina Kemis Wage tabuh 10 bengi, surya kaping 18 Rabiul akhir, utawi surya kaping 2 September 1768. Pakubuwana IV iku putra Sinuhun Pakubuwana II, miyos saka prameswari Kanjeng Ratu Kencana minangka putra jaler nomer 17.
Karyane Pakubuwana IV ing babagan sastra lan budaya akeh banget. Karya sing kawentar upamane Serat Wulangreh, Serat Wulang Sunu, Serat Wulang Putri, Serat Wulang Tata Krama, Donga Kabulla Mataram, Cipta Waskita, Panji Sekar, Panji Raras, Panji Dhadhap, Serat Sasana Prabu, lan Serat Polah Muna Muni. Panjenengane uga tau ngripta seprangkat wayang purwa sing diarani Kyai Pramukanya.
Isi Serat Wulangreh
Serat
Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada,
Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada,
Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26
pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.
Dene isine serat Wulangreh pupuh Gambuh iku mujudake pepacuh/larangan nindakaken piawon/kejahatan. Sejatine pupuh gambuh ana 17 pada (bait) nanging ing ngisor iki tuladhane Pupuh Gambuh dipundhut 3 kaya ing ngisor iki :
(1)
Sekar Gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluarsa katutur
kapatuh pan dadi awon
(2)
Aja nganti kebanjur
barang polah ingkang nora jujur
yen kebanjur kojur sayekti tan becik
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos
(3)
Pitutur bener iku
sayektine kang iku tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo
Ø Kawruh
basa negesi tembung
catur =
gunem
polah
kang kelantur = tingkah kang
kebanjur
katula-tu
la katali = tansah kacilakan
katutuh =
disrengeni amarga salah tumindake
kapatuh pan dadi awon = dikulinakake dadi ala
kebanjur =
keterusen
kojur =
nemahi cilaka
sayekti =
satemene
wong sudra papeki = wong asor nistha
Ø Isine :
(1) Tembang gambuh ingkang nomer papat, kang diomongna babagan panggawe sing kebablasan, Tanpa pituduh tansah kacilakan, Kebacut dadi kebiyasaan, Kebiyasaan kang bisa nduwe akibat ala
(2) Aja nganti keterusen, Polah sing ora jujur, Nek keterusen mesthi bakal cilaka lan ora apik, Luwih becik ngupadi, Meloni wulangan sing sejati.
(3) Piwulang sing bener kui patot kokmeloni, Sanajan asale soko wong sing cendhek derajate (asor nistha), Ning nek jero pamulangane, Mula dheweke prayoga koktampa.
0 komentar:
Posting Komentar