Tembang gambuh ing serat wulangreh
mratelakake babagan solah bawa sing ala(ora apik), wong kang ora gelem ngrungokake
pitutur-pitutur (nasehat) sing becik lan sakepenake dhewe. Kabeh manungsa
ora entuk nglakoni tumindak sing ora jujur amarga bisa ndadekake cilaka. Luwih
becik menawa nggoleki pitutur sing bener sanadyan diomongake dening wong kang
asor drajate (drajate luwih rendah) nanging manawa pitutur iku becik kudu gelem nglakoni lan ngetuti.
Ana paribasan sing nyebutake
“adiguna” iku mung ngendel-endelake kasektene kaya ula, “adigang” kang
ngendel-endelake panguwasane kaya dene kidang lan “adigung” sing
ngendel-endelake gedhene kaya gajah. Kabeh iku mung nggambarake manawa manungsa
aja ngunggulake awake dhewe, amarga ing pungkasane bisa ndadekake awake dhewe
dadi asor. “Adiguna” iku manungsa kang ngendel-endelake kapinterane saengga
nganggep wong liya bodho, kamangka dheweke sing bodho. “Adigang” iku seneng
pamer kendel marang wong liya, kamangka manawa dheweke ana wong sing nantang
satemene ora wani, pungkasane dadi kembang lambe.
Wong urip iku kudune nyingkiri saka watak kasebut lan
nduweni watak sing alus, sabar, ati-ati ana ing solah bawa lan mikirake kanthi
titi uga waspada marang tingkahe wong liya. Amarga watak adiguna, adigang,
adigung ing pungkasane bakal mati bareng karo kabisane. Kabeh mau ora pantes
ditiru lan watak iku padha karo bocah enom sing durung bisa ngendaleni hawa
nepsu, gampang diapusi manawa wis dialem. Manawa bocah enom dialem, atine
mbedhedheg, tambah gedhe endase. Kamangka wong sing ngalem mung golek rai lan
ana pamrihe sanadyan anggone nglakoni nerak wewaler. Sawise entuk apa sing
dikarepake, dhewe arep ngapusi wong liya supaya entuk luwih akeh maneh.
Wong kang duwe watak ala ora pantes sesambungan karo wong
sing dhuwur drajate utawa pemimpin, amarga arep tumindak adol rai supaya klakon
gegayuhane. Kamangka wong sing kaya mangkono kudu dipateni. Kajaba iku aja
kakehan janji lan ngapusi dikantheni watak kemaki lan kegedhen rumangsa,
kamangka akeh wong kang ngerti mula padha mbuang rai. Mula aja duwe watak sing
kaya mangkono, amarga ing pungkasane wong liya bakal niteni lan ngerti sapa
awake dhewe banjur ora bakal dipercaya.
Titikane (Ciri-ciri) Tembang Macapat Gambuh
Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru garta, guru wilangan lan guru lagu
a. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada (satu bait)
b. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat gambuh yaiku :
a. Guru gatra : 5
b.
Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
c.
Guru lagu : u, u, i, u, o
Titikane (Ciri-ciri) Tembang Macapat Gambuh
Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru garta, guru wilangan lan guru lagu
a. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada (satu bait)
b. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat gambuh yaiku :
a. Guru gatra : 5
0 komentar:
Posting Komentar