Jumat, 09 Desember 2016

SESORAH NGURI-NGURI BUDAYA

Sesorah dalam bahasa Indonesia artinya pidato. Berikut ini kami sajikan contoh sesorah yang bertemakan "Nguri-Nguri Budaya Jawa". Nguri-nguri budaya Jawa artinya melestarikan budaya Jawa. Hal ini merupakan suatu hal yang penting di era globalisasi seperti sekarang ini.

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Salam kasugengan lan karaharjan mugia tansah kaparingaken dhumateng kita sedaya. Amin.
Para Bapak, ibu serta para rawuh ingkang dahat kinurmatan
Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puja saha puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang sampun kepareng maringi kabagjan,  kesehatan saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal manunggal wonten ing papan menika tanpa alangan setungga menapa.
Wonten ing pepanggihan menika keparenga kula badhe ngaturaken perkawis nguri-nguri kabudayan Jawa.
Wonten ing setunggal wekdal, dumadakan nate tuwuh pitakenan ing pamikiran kula: Jan-jane napa toh sing dikarepake saking ukara "ayo padha nguri-uri kabudayan Jawa"? Wujudipun kepriwe? Nalika aku seneng ningali wayang kulit, karawitan, nonton kethoprak, lan liya-iyane, napa niku sampun kalebet 'nguri-uri kabudayan Jawa'?
Para rawuh ingkang kinurmatan
Sakmenika, sampun kathah ingkang ngarani bilih kabudayan Jawa sampun wonten ing jurang kepunahan, jalaran para kadang generasi anem sakmenika sampun kathah ingkang nilaraken kabudayan jawa. Maksudipun nilaraken inggih menika budaya Jawa sampun kathah boten dipuntindakaken kaliyan para generasi anem wonten ing gesang padintenan. Bok bilih gih sekedhik-sekedhik taksih, ananging boten mudheng napa ingkang saweg katindakaken. Generasi anem sakmenika langkung remen lan familiar kaliyan budaya manca.
Wonten sawetara tuladha kados mekaten : ing sekolahan, generasi anem para siswa pikanthuk piwulang bab sekar macapat. Sekar macapat ingkang dipunwulangaken menika biyasanipun mendhet saking seratanipun para pujanggamisuwur, ingkang kathah ngemot pitutur-pitutur becik mungguhing gesang padintenan. Kados dene saking serat Wulangreh lan Serat Wedhatama. Ananging, para siswa sakmenika umume awrat sanget nampa piwulang sekar macapat. Bara-bara saged nyekaraken, mangertosi isinipun awrat sanget. Bok bilih kalebet kula, inggih awrat sanget nyinaoni piwulang sekar macapat, pangapunten.
Benten perkawis menawi ngengingi babagan kabudayan manca kados dene tembang-tembang manca. Generasi anem gampil sanget anggenipun nampa. Sanajan umume boten mangertosi isinipun, ananging para generasi anem saged remen. Sangking remene, penasaran kaliyan isine, biyasanipun dibela-belani ningali kamus madosi tegesipun. Artis-artis manca inggih moncer sanget ing kalangan generasi anem. Sinten ingkang boten tepang kaliyan Justin Biber, Kety Perry, One Direction, Super Jnior, Lee Min Ho, lan sanesipun malih.
Para rawuh ingkang minulya.
Bok bilih, kula lan panjenengan sedaya sampun kapedhotan tresna kaliyan kabudayan Jawa. Merga kahanan, perkembangan jaman, utawa merga pancen kadhung boten dipunkenalaken. Wonten pepatah ing bahasa Indonesia “Tak kenal maka tak sayang”, generasi anem menika boten tresna amargi boten tepang, menika dados PR kangge kula lan panjengan sedaya supados saged nuwuhaken malih raos katresnan marang budaya Jawa.
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Kula kinten cekap semanten ingkang saged kula aturaken,
Ana manten mangan srikaya
Mangan kupat uga kara
Cekap semanten atur kawula
Menawi wonten lepat nyuwun ngapura
 Wassalamualaikum Wr. Wb.

3 komentar:

Kafinabd mengatakan...

Mohon ijinnya, lur.. Kagem lomba sesorah🙏

Fasea mengatakan...

Wah teneh podo-_

Unknown mengatakan...

Hai