Rabu, 19 Agustus 2020

Paugerane Tembang Macapat

Tembang macapat iku duwe paugeran utawi aturan kang ngiket minangka titikane puisi Jawa tradhisional, kayata :

1. Guru gatra : cacahing gatra utawa larik saben sapada (sa-bait) tembang.

2. Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben salarik.

3. Guru lagu : tibaning swara (a, i, u, e, lan o) ing pungkasaning gatra / larik.

Tembang macapat cacahe kabeh ana 11, paugerane beda-beda ora ana sing padha. Gatekna paugerane tembang macapat ing ngisor iki!










Watake Tembang

Saliyane kudu ngugemi paugeran ing dhuwur, yen arep ngarang tembang macapat uga perlu mangerteni yen tembang macapat nduweni watak sing beda-beda.

1.

Pocung

: watake kendho, kanggo sembranan, guyon, cangkriman lsp.

2.

Maskumambang

: watake nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin

3.

Gambuh

: watak wani, wanuh, kulina, lan rumaket

4.

Megatruh

: watake sedhih, kanggo medharake rasa memelas, getun, prihatin.

5.

Kinanthi

: watak seneng, tresna, asih

6.

Mijil

: watake gandrung lan sengsem marang ilmu lan kaluhuran.

7.

Asmarandana

: awatak sedhih, sengsem, prihatin amarga kataman asmara.

8.

Pangkur

: watake sereng, nantang, kanggo mituturi.

9.

Durma

: watake galak, nantang, nesu , muntab.

10.

Sinom

: watake grapyak semanak, sabar

11.

Dhandhanggula

: watake luwes, kewes, lan resep


Pokok-Pokok Isi Tembang Gambuh ing Serat Wulangreh

Tembang gambuh ing serat wulangreh mratelakake babagan solah bawa sing ala(ora apik), wong kang ora gelem ngrungokake pitutur-pitutur (nasehat) sing becik lan sakepenake dhewe. Kabeh manungsa ora entuk nglakoni tumindak sing ora jujur amarga bisa ndadekake cilaka. Luwih becik menawa nggoleki pitutur sing bener sanadyan diomongake dening wong kang asor drajate (drajate luwih rendah) nanging manawa pitutur iku becik kudu gelem nglakoni lan ngetuti.
Ana paribasan sing nyebutake “adiguna” iku mung ngendel-endelake kasektene kaya ula, “adigang” kang ngendel-endelake panguwasane kaya dene kidang lan “adigung” sing ngendel-endelake gedhene kaya gajah. Kabeh iku mung nggambarake manawa manungsa aja ngunggulake awake dhewe, amarga ing pungkasane bisa ndadekake awake dhewe dadi asor. “Adiguna” iku manungsa kang ngendel-endelake kapinterane saengga nganggep wong liya bodho, kamangka dheweke sing bodho. “Adigang” iku seneng pamer kendel marang wong liya, kamangka manawa dheweke ana wong sing nantang satemene ora wani, pungkasane dadi kembang lambe.
Wong urip iku kudune nyingkiri saka watak kasebut lan nduweni watak sing alus, sabar, ati-ati ana ing solah bawa lan mikirake kanthi titi uga waspada marang tingkahe wong liya. Amarga watak adiguna, adigang, adigung ing pungkasane bakal mati bareng karo kabisane. Kabeh mau ora pantes ditiru lan watak iku padha karo bocah enom sing durung bisa ngendaleni hawa nepsu, gampang diapusi manawa wis dialem. Manawa bocah enom dialem, atine mbedhedheg, tambah gedhe endase. Kamangka wong sing ngalem mung golek rai lan ana pamrihe sanadyan anggone nglakoni nerak wewaler. Sawise entuk apa sing dikarepake, dhewe arep ngapusi wong liya supaya entuk luwih akeh maneh.
Wong kang duwe watak ala ora pantes sesambungan karo wong sing dhuwur drajate utawa pemimpin, amarga arep tumindak adol rai supaya klakon gegayuhane. Kamangka wong sing kaya mangkono kudu dipateni. Kajaba iku aja kakehan janji lan ngapusi dikantheni watak kemaki lan kegedhen rumangsa, kamangka akeh wong kang ngerti mula padha mbuang rai. Mula aja duwe watak sing kaya mangkono, amarga ing pungkasane wong liya bakal niteni lan ngerti sapa awake dhewe banjur ora bakal dipercaya.
Titikane (Ciri-ciri) Tembang Macapat Gambuh
Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru garta, guru wilangan lan guru lagu
a.       Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada (satu bait)
b.      Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c.       Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat gambuh yaiku :
a.       Guru gatra : 5
b.      Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
c.       Guru lagu : u, u, i, u, o
 

Rabu, 12 Agustus 2020

SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA

Wulangreh asale saka tembung Wulang lan Reh. Wulang tegese wulangan (pelajaran) dene reh tegese solah bawa (tingkah laku). Dadi Wulangreh tegese wulangan kanggo manungsa babagan solah bawa marang sapa bae ana ing alam donya.

Wulangreh iku anggitane Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV. Serat Wulangreh satemene minangka pandom kanggo para putrane sunan supaya tansah eling anane tandha-tandha mudhune solah bawa nalika Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV dados ratu.

Isi Serat Wulangreh

Serat Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.

Dene isine serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula iku sejatine ana 8 pada (bait) nanging ing ngisor iki tuladhane Pupuh dhandhanggula dipundhut 3 kaya ing ngisor iki :

 01

Pamedhare wasitaning ati,

cumanthaka aniru pujangga,

dahat muda ing batine.

Nanging kedah ginunggung,

datan wruh yen akeh ngesemi,

ameksa angrumpaka,

basa kang kalantur,

tutur kang katula-tula,

tinalaten rinuruh kalawan ririh,

mrih padhanging sasmita.

02

Sasmitaning ngaurip puniki,

mapan ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

03

Jroning Quran nggoning rasa yekti,

nanging ta pilih ingkang unginga,

kajaba lawan tuduhe,

nora kena den awur,

ing satemah nora pinanggih,

mundak katalanjukan,

tedah sasar susur,

yen sira ajun waskita,

sampurnane ing badanira puniki,

sira anggugurua.

Negesi tembung :

pamedhare                  : ngandharake

wasitaning                   : wewarah, pitutur

cumanthaka                 : kumendel

dhahat                         : banget

ginunggung                 : dialem

angrumpaka                : ngentha-entha

kalantur                       : kebacut

katula-tula                   : kalunta-lunta

rinuruh                        : tumungkul

ririh                             : alon

sasmitane                    : wisik, tandha, pituduh

ewuh                           : angel, repot

nora                             : ora

jumeneng                    : ngadeg, teguh

udani                           : ngerti, mudheng

satuhu                         : sabenere

darapon                       : supaya

yekti                            : bener

uninga                         : ngerti

pinanggih                    : ketemu

katalunjuk                   : terlanjur

ayun                            : pingin

waskita                        : pinter

 

Isine :

(1)

Inilah curahan hati, Berlagak meniru pujangga Tapi merasa harus disanjung, Tak sadar banyak yang mencibir, Memaksa diri merangkai kata, bahasa yang (justru) ngelantur Bahasa yang carut marut, yang (jika) dicermati (hanyalah) untuk terangnya isyarat (kata hati) semata

(2)

Makna kehidupan itu, sungguh sayang bila tak tahu, tidak kokoh hidupnya, banyak orang mengaku, perasaannya sudah utama, padahal belum tahu rasa, rasa yang sesungguhnya, hakikat rasa itu adalah, usahakan supaya diri sempurna, dalam kehidupan.

(3)

Dalam Qur’an tempat rasa jati, tapi jarang orang tahu, keluar dari petunjuk, tak dapat asal-asalan, akhirnya tidak ketemu, malahan terjerumus, akhirnya kesasar, kalau kamu ingin peka, agar hidupmu sempurna, maka bergurulah.

(4)

Namun apabila kamu berguru pilihlah manusia nyata yang baik martabatnya serta tahu hukum yang beribadah dan sederhana syukur dapat pertapa yang sudah menanggalkan pamrih pemberian orang itu pantas kamu berguru serta ketahuilah

(5) 

Kalau ada orang bicara ilmu tak setuju empat perkara jangan cepat-cepat percaya padanya saringlah yang teliti pertimbangkan empat hal perkara terdahulu dalil hadis dan ijma’ dan keempat qiyas semua telah disepakati

(6)

Ada juga yang mantab kalau tepat empat perkara sungguh tidak tepat hanya meninggalkan waktu menganggap sudah tepat hendak tidak shalat hanya bikin tanggung lalu membuang syariat batal haram tak peduli lalu bikin kacau

(7)

Sungguh sulit jaman sekarang Mana yang pantas diteladani (Meski) banyak yang hebat ilmunya Tetapi jarang yang taat Jikalau orang berilmu yang menjelaskan. Jika orang berbuat baik Dikatakan salah Tetapi jika hanya bersenang-senang Tak bisa dimengerti apa maksudnya Betul-betul orang hebat

(8)

Umumnya dijaman sekarang Justru guru yang mencari teman Benar-benar terbalik keadaanya Jamaknya (begitulah) yang biasa terjadi Kalau jaman dulu, muridlah Yang mencari guru Tapi sekarang tidak Kyai Guru berkeliaran mencari murid Agar ikut dengannya

Selasa, 11 Agustus 2020

SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

Wulangreh asale saka tembung Wulang lan Reh. Wulang tegese wulangan (pelajaran) dene reh tegese solah bawa (tingkah laku). Dadi Wulangreh tegese wulangan kanggo manungsa babagan solah bawa marang sapa bae ana ing alam donya.

Wulangreh iku anggitane Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV. Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV miyos ing dina Kemis Wage tabuh 10 bengi, surya kaping 18 Rabiul akhir, utawi surya kaping 2 September 1768. Pakubuwana IV iku putra Sinuhun Pakubuwana II, miyos saka prameswari Kanjeng Ratu Kencana minangka putra jaler nomer 17. 

Karyane Pakubuwana IV ing babagan sastra lan budaya akeh banget. Karya sing kawentar upamane Serat Wulangreh, Serat Wulang Sunu, Serat Wulang Putri, Serat Wulang Tata Krama, Donga Kabulla Mataram, Cipta Waskita, Panji Sekar, Panji Raras, Panji Dhadhap, Serat Sasana Prabu, lan Serat Polah Muna Muni. Panjenengane uga tau ngripta seprangkat wayang purwa sing diarani Kyai Pramukanya.

Isi Serat Wulangreh

Serat Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.

Dene isine serat Wulangreh pupuh Gambuh iku mujudake pepacuh/larangan nindakaken piawon/kejahatan. Sejatine pupuh gambuh ana 17 pada (bait) nanging ing ngisor iki tuladhane Pupuh Gambuh dipundhut 3 kaya ing ngisor iki :

(1) 

Sekar Gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula tula katali

kadaluarsa katutur

kapatuh pan dadi awon

(2)

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos

(3)

Pitutur bener iku

sayektine kang iku tiniru

nadyan metu saking wong sudra papeki

lamun becik wurukipun

iku pantes sira anggo

Ø  Kawruh basa negesi tembung

catur                                 = gunem

polah kang kelantur         = tingkah kang kebanjur

katula-tu la katali             = tansah kacilakan

katutuh                             = disrengeni amarga salah tumindake

kapatuh pan dadi awon           = dikulinakake dadi ala

kebanjur                           = keterusen

kojur                                 = nemahi cilaka

sayekti                              = satemene

wong sudra papeki      = wong asor nistha

Ø  Isine :

(1) Tembang gambuh ingkang nomer papat, kang diomongna babagan panggawe sing kebablasan, Tanpa pituduh tansah kacilakan, Kebacut dadi kebiyasaan, Kebiyasaan kang bisa nduwe akibat ala

(2) Aja nganti keterusen, Polah sing ora jujur, Nek keterusen mesthi bakal cilaka lan ora apik, Luwih becik ngupadi, Meloni wulangan sing sejati. 

(3) Piwulang sing bener kui patot kokmeloni, Sanajan asale soko wong sing cendhek derajate (asor nistha), Ning nek jero pamulangane, Mula dheweke prayoga koktampa.