Rabu, 24 Februari 2021

PERANGANE SESORAH

Sesorah (pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu. Artinya : Pidato adalah bebicara secara lisan di depan orang banyak untuk maksud tertentu.

Struktur Perangane Sesorah

A.         Pambuka

1.  Salam Pambuka

Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.

2.  Atur Pamuji

Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.

3.      Atur Pakurmatan/Sesebutan

Isine bab marang sapa sesorah kawedharake, umume pakurmatan marang para ingkang rawuh, biasane wiwit saka sing paling dhuwur kalungguhane.

B.      Isi/wigatiningsesorah

Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial.

C.      Panutup

1.  Dudutan

Isine bab dudutan/simpulan isine sesorah.

2.  Pangarep-arep

Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane (cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa kang diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh.

3.  NjalukPangapura

Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk. Sesorah biasane dipungkasi kanthi salam utawa nuwun/matur nuwun


TULADHA PERANGAN SESORAH



 


0 komentar: