Kamis, 04 Februari 2021

SERAT WULANGREH PUPUH DURMA

Salah satunggaling tembang ing serat wulangreh yaiku tembang macapat durma. Tembang durma nduweni watek galak, nantang, nesu, muntab. Durma iku saka tembung “darma” sing tegese weweh. Wong yen wis rumangsa kecukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Kados dene tembang macapat liyane, durma ugi nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu yaiku :

Guru Gatra : 7

Guru wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

Guru lagu : a, i, a, a, i, a, i.

Tembang macapat durma ana ing Serat Wulangreh ana 12 pada, tuladhane pada 1 lan pada 2 kaya ing ngisor iki :

Pada 1

Dipunsami ambanting sariranira,

cegah dhahar lan guling,

darapon sudaa,

nepsu kang ngambra-ambra,

rerema ing tyasireki,

dadi sabarang,

karsanira lestari

Ø  Pitutur luhure : Isine tembang durma pada 1 yaiku  nasehat kanggo kita sedaya supaya aja seneng ngumbar hawa nepsu. Manungsa kang apik yaiku kang sering ngurangi mangan (puasa) lan ngurangi turu (ngakehi ibadah sholat malam). Tujuane supados hawa nafsune terkontrol boten menggebu-gebu. Atine ayem lan sedaya kekarepane (keinginane) saged kagayuh/tercapai.

 

Pada 2

Ing pangrawuh lair batin aja mamang

yen sira wus udani

mring sariranira

lamun ana kang murba

masesa ing alam kabir

dadi sabarang

pakaryanira ugi

Ø  Pitutur luhure : Isine tembang durma pada 2 yaiku  nasehat kanggo kita sedaya supaya goleka ilmu, utawa nindakake pakaryan kudu kanthi tumemen, aja ragu – ragu. Yakinlah ana Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, kanthi usaha kang temenan, muga-muga sedaya hajat saged kabul.

0 komentar: