Rabu, 24 Februari 2021

PERANGANE SESORAH

Sesorah (pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu. Artinya : Pidato adalah bebicara secara lisan di depan orang banyak untuk maksud tertentu.

Struktur Perangane Sesorah

A.         Pambuka

1.  Salam Pambuka

Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.

2.  Atur Pamuji

Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.

3.      Atur Pakurmatan/Sesebutan

Isine bab marang sapa sesorah kawedharake, umume pakurmatan marang para ingkang rawuh, biasane wiwit saka sing paling dhuwur kalungguhane.

Kamis, 04 Februari 2021

SERAT WULANGREH PUPUH DURMA

Salah satunggaling tembang ing serat wulangreh yaiku tembang macapat durma. Tembang durma nduweni watek galak, nantang, nesu, muntab. Durma iku saka tembung “darma” sing tegese weweh. Wong yen wis rumangsa kecukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Kados dene tembang macapat liyane, durma ugi nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu yaiku :

Guru Gatra : 7

Guru wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

Guru lagu : a, i, a, a, i, a, i.

Tembang macapat durma ana ing Serat Wulangreh ana 12 pada, tuladhane pada 1 lan pada 2 kaya ing ngisor iki :

Pada 1

Dipunsami ambanting sariranira,

cegah dhahar lan guling,

darapon sudaa,

nepsu kang ngambra-ambra,

rerema ing tyasireki,

dadi sabarang,

karsanira lestari