Senin, 09 Agustus 2021

PITIK MOGOK MANGAN

 

Bar nganake pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo  tamune, ora dientekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae.  Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane

Blorok             : “Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku” Putih        : “Loh njuk ngapa ta?”

Blorok             : “Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!. Makani barang apik ora isa pa piye?”

Putih               : “Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae pa?”

Blorok             : “Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.”

DIKIRA TONTONAN


 Sawijining dina aku nekani undangan resepsi nikahan. Kancaku sing ngasta dosen sawijining perguruan tinggi ing Magelang mantu. Sawise samapta, aku sarimbit banjur budhal menyang gedhong papan resepsi nikahan. Gandheng tekaku rada keri, mula ing papan pesta mau wis akeh kepara kebak tamu sing wis rawuh. Nggolek papan kanggo markir mobil wae rekasa.

Sawise ngisi buku tamu lan nyemplungake amplop, aku sarimbit banjur mlebu gedhong. Swasanane rame banget. Gedhong sing kalebu gedhe iku sasat jejel riyel. Sabagian tamu wis padha ngrahapi hidangan sing ditata ana pirang-pirang meja. Saben meja, menune seje-seje. Menu sing dicawisake ing gubugan uga akeh. Undangan kari milih apa sing dikersakake