Selasa, 26 Juli 2022

ASAL USUL PANTAI WIDURI

 

Sumber foto wikipedia

Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. Warga kang manggon ana pesisir iku isih sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna asih. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah sawah kang maune arupa rawa-rawa sak dawane pesisir segara ditanduri palawija lan semangka.

Ing sawijining dina, esuk-esuk Nyai Pedaringan dhewekan ana ing gubuge, isih nyiapake sarapan, Kaki Pedaringan pun tindak dhateng sabin. Ora suwe, teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur Nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.

Ora let suwe pawongan mau ngenalake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Wong lanang kang bagus mau yaiku Pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.