Selasa, 26 Juli 2022

ASAL USUL PANTAI WIDURI

 

Sumber foto wikipedia

Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. Warga kang manggon ana pesisir iku isih sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna asih. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah sawah kang maune arupa rawa-rawa sak dawane pesisir segara ditanduri palawija lan semangka.

Ing sawijining dina, esuk-esuk Nyai Pedaringan dhewekan ana ing gubuge, isih nyiapake sarapan, Kaki Pedaringan pun tindak dhateng sabin. Ora suwe, teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur Nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.

Ora let suwe pawongan mau ngenalake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Wong lanang kang bagus mau yaiku Pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.

Pungkasane Salingsingan bisa dikalahake lan Pangeran Papak Purbaya bisa selamet. Ana ing dalan tumuju Mataram, Pangeran Papak Purbaya weruh gubug, dheweke kepengin mampir lan njaluk tulung diobati larane. Banjur Nyai Pedaringan ngrewangi ngobati. Tekan awan, Pangeran Papak Purbaya pamit bali arep nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang Nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris kang diarani Simonglang iku tulung dijaga lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan kang duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kluwarga Nyai Pedaringan lan keturunane.

Sapa wae ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba Pangeran Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji tangane papak kaya drijine Pangeran Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya lajeng nerusake perjalananen marang kidul. Ing tengah-tengah lakune, Pangeran Purbaya ngliwati kali cilik kang malang saka arah wetan lan ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak karo segara. Banjur panggonan cedhak kali kui dijenengi dhaerah “Pemalang”.

Kisahe, wis rada sore kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan gumun, biasane nyai Pedaringan nggawake panganan, nanging nganti sore kaya iki si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan nyekeli keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh penjelasan nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki Pedaringan ora percaya penjelasan saka nyai, malah dadi tukaran.

Ing akhir tukarane, Nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo mbuktike tresnane, keris mau dienggo ngiris drijine. Getih kang seger mau netes saka drijine kang lentik marang kembang widuri. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih kang netes ing kembang widuri bisa ngowahi warnane sing asline kembang widuri warnane putih bisa dadi warna ungu, iku tandane tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, Kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk pangapura marang Nyai Pedaringan.

Kanggo nebus dosane, Kaki Pedaringan pamit arep nyusul lan nggoleti Pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti tahunan, kaki Pedaringan ora tau bali maneh.

Saiki Nyai Pedaringan kang diarani “Nyai Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge. Nganti akhir umure, Nyai Widuri dadi randa. Saiki jeneng Widuri diabadikake kanggo jeneng panggonan desa lan pantai, merga Nyai Widuri tau urip ning kono.

0 komentar: