Kamis, 24 September 2020

RANGGALAWE GUGUR

Carita Ranggalawe Gugur ing sandiwara iki dudu sejarah nanging mung dongeng sing nyaritakake paraga Ranggalawe kang uripe tunggal jaman karo Minakjingga lan Damarwulan. Dicritakake Ranggalawe menika Bupati Tuban. Nalika samana sing dadi ratu ing Majapahit yaiku Ratu Tri Buana Tunggadewi utawa uga kasebut ratu Kencanawungu. Saiki semaken caritane !

Adegan 1

(Ing pendhapa kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah kaadhep dening Sanggalangit sing dipercaya dadi penasehat lan pujangga kadipaten)

Ranggalawe     :  “Paman, Paman Sanggalangit ...... yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan Buntaran ya Paman.... reksanen lan jaganen ya !”

Sanggalangit   : “Nuwun sewu Kanjeng Adipati, panjenengan sampun ngendika kados makaten, sampun damel ringkih manahipun piyambak. Kekiyatan menika dumunung ing batos. Batos menika dumunungipun wonten ing raos. Raos menika kedahipun dipunolah. Ratu menika raos Kanjeng Adipati.... Sinten ingkang saged ngolah raos, temtu mangkenipun dados ratu.”

Ranggalawe     : “Oh... ngono Paman?” Aku mengko bakal bisa dadi ratu, Paman?” Wah, Paman bisa ngramal, ora rugi aku duwe pujangga Sanggalangit.

Sanggalangit   : “ Inggih...inggih Kanjeng Adipati, sambotenipun saged dados ratuning diri pribadi. Pramila sampun ngantos sumelang mangke Paman ingkang badhe bebela, panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka tumbal kusumaning negara.”

Ranggalawe    : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku mantep nindakake dhawuhing ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati Blambangan Minakjingga kang mbalela mbuh urip utawa mati. Dherekna aku ya Paman, sing prayitna!’

Sanggalangit   : “Mangga, mangga Kanjeng Adipati.”

 Adegan 2

(Ranggalawe mapag lakune Adipati Blambangan sing lagi gawe ontran-ontran ing wilayah Majapahit amarga kepengin dadi ratu Majapahit lan nggarwa Dyah Ayu Kencana Wungu. Minakjingga didherekake Dayun abdi kinasihe).

Ranggalawe     : “Minakjingga! Ayo, papagna kridhaku, iki Senapati Majapahit kang bakal nugel gulumu Minakjingga!”

Minakjingga     : “Oh, Paman Ranggalawe...sungkem pangabekti kawula katur Paman.”

Ranggalawe     : “Isih jangkep trapsilamu? Ora gendheng ta, sukur isih waras !”

Minakjingga     : “Taksih Paman, kula mboten gendheng. Waras, sehat, taksih ngertos sopan santun...alah hiyung-hiyung.”

Ranggalawe     : “Minakjingga, apa bener kowe dhakah-dhakah kepengin dadi ratu?

Minakjingga     : “Kula nagih janji Paman, lelabuhan kula ing Majapahit sampun ageng. Ingkang mboten gadhah lelabuhan mawon saged nangkring, mukti wibawa...menapa kula lepat Paman?”

Ranggalawe     :  “Dadi ratu ngono ora gampang Minakjingga, apa maneh caramu iki wis gawe sengsarane kawula sing ora ngerti dosa, padha kokpidana, koklebokake ing pakunjaran, koksiksa, yen perlu kokpateni. Apa kuwi patrape manungsa?”

Minakjingga     : “Tiyang-tiyang ingkang dados korban menika, ingkang ngalang-alangi kula. Upami tiyang-tiyang kala wau sami nyengkuyung kula, temtu mboten dados korban malah kepara mulya gesangipun Paman. Pokoke yen rewel, mbanggel...kek....dhet !”

Ranggalawe     : “Lha yen sing ngalang-alangi aku, arep apa Minakjingga...arep kokpateni ya?”

Minakjingga     : “Adhuh Paman Ranggalawe, mugi kula kapejahan kemawon Paman!”

Ranggalawe     : “Yen bisa dakelingake, wurungna anggonmu kepengin dadi ratu ing Majapahit lan kepengin nggarwa Dyah Ayu Kencana Wungu. Selehna kabeh ubarampe perangmu,  ayo sowan Majapahit,            mengko aku sing bakal nyuwunake pangapura marang ratu Dyah Ayu Kencana Wungu.

Minakjingga     :  “Adhuh...adhuh  mbek  meyong,  mbek  kethekur...adhuh  ayune...suwunaken tresnanipun  Dyah  Ayu  Kencana  Wungu  mawon  Paman,  kula  kepengin dhaup...kula mboten lepat.”

Ranggalawe     : “Minakjinggo, kowe rumangsa ora luput ?”

Minakjingga     : “Mboten Paman, saestu mboten.”

Ranggalawe     : “Dasar  dudu  wataking  manungsa,  yen  ora  budheg  kupingmu....mripatmu weruh...mesthi ngerti sapa aku ?”

Minakjingga     : “Ngertos, panjenengan Paman Ranggalawe ta ?”

Ranggalawe     : “Keparat ! Wani kowe karo aku ?”

Minakjingga     : “Kadhung ambyur, rawe-rawe rantas malang-malang putung!”

Ranggalawe     : “Bocah murang tata, saiki adhepana aku !”

Minakjingga     :  “Alah  hiyung-hiyung.....adhuh  Paman......  Menapa  paman  kesupen  nalika semanten nate ngendikan? “He Minakjingga ya sing aran Jaka Umbaran, mbesuk kalamun menang perang tandhing mungsuh Kebomarcuet, bakal gedhe ganjarane. Ora esuk ora sore.....klakon dhaup karo Dyah Ayu Kencana Wungu ratu Majapait. Sampeyan sampun ngapusi Paman... Punggawa praja kok leda-lede...kaya tempe bosok!”

Ranggalawe     : “Embuh, ora idhep! Pokoke aku ora sarujuk yen kowe kepengin dhaup karo Dyah Ayu Kencana Wungu...titik! Eling Minakjingga, ngilo... ngaca yen rupamu morak-marik kaya celengan peyot, ngerti?”

Minakjingga     : “Alah ...hiyung-hiyung....cethanipun Paman ngina kalih kula!”

Ranggalawe     : “Pancen ya elek tenan, arep bukti ? Coba takonana abdi kinasihmu kae !”

Minakjingga     : “Dayun....Dayun.....coba sowana mrene Dayun, ingsun arep takon, wangsulana sing jujur, aja goroh!”

Dayun                 : “Wonten napa lurahe? Undang-undang, gemboran, mbudhegi wong melek.”

Minakjingga     : “Miturut kowe, rupaku bagus ta Yun?”

Dayun                 : “Nggih lurahe, nggantheng sanget kados celengan.”

Minakjingga     :  “Hus, Dayun.!” Aja kesuwen Dayun, jupukna pusakaku sing aran Gada Wesi Kuning  kanggo  ngepruk  sirahe  Ranggalawe  kareben  ajur  kumur-kumur Dayun...!”

Dayun                 : “Nggih kula pendhetaken lurahe.

Minakjingga     : “Cepet...aja kesuwen Dayun!”

Dayun                 : “Inggih gusti...niki pusakane lurahe.”

Ranggalawe     : “Ha ha ha ha... He Minakjingga, endi piyandelmu... jare pusaka Gada Wesi Kuning ampuh, coba tamakna aku!  Iki senapati Majapahit, ora bakal mundur sajangkah lan ora bakal tinggal glanggang colong playu...enggal tamakna aku!”

Minakjingga     : “Hiyung-hiyung...mbek meyong mbek kethekur, yen pancen Paman bosen urip, niki Paman Ranggalawe...klakon dak kepruk sirahmu, dadi glangsaran kwandhamu!”

Pranyata ampuh tenan kasektene Gada Wesi Kuning, Adipati Tuban sing kawentar sekti mandraguna tiba glangsaran sawise mustakane dikepruk nganggo pusaka Gada Wesi Kuning. Ranggalawe gugur. Minakjingga gilang gumuyu karo sumbar yen ora bakal ana satria sing bisa nandhingi kasektene. Dyah Ayu Kencana Wungu bakal dadi garwane. Minakjingga ora ngerti yen ing papan liyane ana trubusane satria sekti mandraguna sing bakal ngethok gulune yaiku satria sing asmane Damarwulan.

( Sumber: Sastra Nusantara dalam Drama Anak- anak dijarwakake lan kabesut sacukupe )

Rabu, 23 September 2020

PAWARTA

Tuladha pawarta saking media TV

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. Kita mesti sampun asring mirengaken pawarta ingkang dipunsiyaraken lumantar televise utawi radio. Sampun asring ugi maos pawarta ingkang kaemot ing ariwarti utawi kalawarti, malah jaman samangke ugi lare-lare saged maos pawarta ing internet.

Ø  Ariwarti yaiku layang kabar kang metune saben dina tuladhane koran. Ariwati Basa Jawa upaminipun: Parikesit, Joko Lodhang, lsp.

Ø  kalawarti yaiku layang kabar kang metune mingguan utawa wulanan tuladane tabloid lan majalah. Kalawarti basa Jaawi upaminipun: Panjebar Semangat, Jaya Baya, Pustaka Candra, lsp.

Tuladha Kalawarti "Panjebar Semangat"

Nyemak utawi maos pawarta gadhah tujuan werni sekawan :

1. Saged mirengaken utawi maos pawarta kanthi sae.

2. Saged mangertosi wosing pawarta.

3. Saged nemtokaken pokok-pokokipun pawarta

4. Saged nyariosaken malih isining pawarta kanthi sae.

Selasa, 01 September 2020

SEKAR GAMBUH CORONA

Ini contoh lirik tembang macapat Gambuh karya sendiri yang bertemakan Corona. Dalam membuat lirik tembang macapat, yang harus diperhatikan adalah guru gatra, guru wilangan, dan guru lagunya harus sesuai. berikut contohnya :

GAMBUH 

Ayo  tetep sinau

Senajan Corona lagi nyerbu

Sekolahe ngginakake model daring

Nadyan abot kudu melu

Ampun padha ngeluh mawon