Jumat, 25 Februari 2022

SESORAH HARDIKNAS

 

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Nuwun.

Baak Wiyarto, S.Pd. Bio, minangka Kepala SMP Negeri 4 ingkang minulya, Bapak-Ibu guru ingkang kinurmatan ugi kanca-kanca siswa-siswi SMP Negeri 4 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih ingkang sampun paring berkah saha rahmat dhumateng kita sedaya saengga kita sedaya saged kempal manunggal ing papan menika saperlu mengeti Dinten Pendidikan Nasional.

Ing ngriki kula minangka sesulihipun pengurus OSIS badhe ngandharaken sakedhik ngengingi bab-bab ingkang wonten sambetipun kalian Hardiknas. Dinten Pendidikan Nasional  mboten  saged  dipunculaken  saking  paraga ingkang asmanipun  Ki Hajar Dewantara ingkang nalika timur asmanipun Suwardi Suryaningrat. Ki Hajar Dewantara menika ageng sanget lelabetanipun kangge ngrembakaken donyaning pendidikan ing Indonesia. Panjenenganipun tansah ngupaya kados pundi caranipun supados para mudha saged majeng pawiyatanipun lan mboten kawon kalian negara manca. Ki Hajar Dewantara ugi kawentar pamanggihipun ing  babagan  pendidikan kanthi ngecakaken sistem among ingkang samangke dipundadosaken  sesanti  ing bidhang pendidikan inggih menika sesanti "Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani" .

SESORAH PERPISAHAN SEKOLAH

 

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun!

Dhumateng Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hurmati, dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang kula hurmati; sarta kanca-kanca kelas 7, 8, lan 9 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, sumangga kula lan panjenengan tansah sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan, saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal ing papan menika kanthi sehat boten kirang satunggal menapa.

Boten kesupen, sholawat saha salam mugia tansah kaatur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang kita antu-antu syafaatipun ing yaumul akhir, aamiin.

Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya ingkang kula hurmati, kula minangka sesulihipun kanca-kanca kelas IX, noten badhe matur kathah-kathah. Ing ngriki kula namung badhe ngaturaken agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahiim ingkang sampun paring sih pitulungan ngantos para kanca siswa kelas IX ing Ujian nasional sarta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat sedaya. 100%.