Jumat, 25 Februari 2022

SESORAH PERPISAHAN SEKOLAH

 

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun!

Dhumateng Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hurmati, dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang kula hurmati; sarta kanca-kanca kelas 7, 8, lan 9 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, sumangga kula lan panjenengan tansah sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan, saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal ing papan menika kanthi sehat boten kirang satunggal menapa.

Boten kesupen, sholawat saha salam mugia tansah kaatur dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang kita antu-antu syafaatipun ing yaumul akhir, aamiin.

Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya ingkang kula hurmati, kula minangka sesulihipun kanca-kanca kelas IX, noten badhe matur kathah-kathah. Ing ngriki kula namung badhe ngaturaken agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahiim ingkang sampun paring sih pitulungan ngantos para kanca siswa kelas IX ing Ujian nasional sarta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat sedaya. 100%.

Minangka sesulihhipun para kanca, kula ugi ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng para Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwucal, kawruh, wewarah, tuwin pitedah ingkang murakabi sanget. Boten langkung kula sakanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sinau ing tataran ingkang langkung inggil kanthi gangsar.

Bapak Ibu saha para rawuh ingkang bagya mulya, kula pitados bilih kula sakanca rumiyin asring sami nakal, boten nggega dhawuh, nerak angger-anggering sekolahan, lan sanes- sanesipun. Sadaya wau temtu damel ngrenjelipun penggalih. Ingkang menika kula sedaya siswa kelas IX rumaos getun keduwung sanget. Pramila kula sedaya ngasih-asih nyuwun, mugi-mugi para Bapak/Ibu Guru kersa paring bedhahing tambak samodra pangaksama.

Para Bapak/Ibu Guru, sarta para kanca sedaya, wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih wonten kekirangan sarta kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Akhirul kalam, Wabilahiitaufiq wal hidayah… Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun!

0 komentar: