Kamis, 18 November 2021

SESORAH COVID 19

 Assalamu’alaikumWr.Wb.

Para Bapak ibu serta para rawuh ingkang dahat kinurmatan

Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngonjukaken  puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang sampun kepareng maringi kasehatan saha kasarasan satemah kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten papan menika kanthi boten kirang setunggal menapa.

Boten kesupen, sholawat saha salam mugi kaaturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, nabi ingkang kula lan panjenengan antu-antu syafaatipun ing yaumul akhir. Aamiin.

Hadirin para rawuh ingkang bagya mulya.

Wonten ing ngriki  keparenga kula badhe ngaturaken perkawis covid 19.

Kirang langkung 2 taun virus covid 19 sampun nyerang Bangsa Indonesia. Alhamdulillah samenika sampun radi rereb. Ananging kita sedaya boten pareng jumawa. 3M boten pareng dilalekake.

M ingkang sepisan inggih meniki maskeran. Menawi tindak wonten kahanan ingkang rame, kita kedah tetep ngangge masker. Ampun ngantos kesupen. Caranipun nagngge masker ugi kedah leres, boten asal-asalan.

Lajeng M kaping kalih yaiku mijiki asta ngangge sabun ing toya mili. Ampun bosen-bosen wijik supados astanipun resik. Nopo malih menawi badhe maem.

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Salajengipun M kaping pungkasan yaiku maringi jarak kalih tiyang sanes. Sawetawis wekdal kita sedaya perlu ngirangi tindak-tindak ing papan rame ingkang boten perlu. Supados langkung aman. Kita aman keluarga aman, sedoyo aman. Aamiin ya robbal amlamin.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Menika kalawau 3M kedah kita tansah terapaken ampun ngantos kesupen. Sanesipun 3M, kangge nglawan ccovid 19 kita ugi betahaken Vaksin, dados menawi wonten kesempatan kangge vaksin, boten usah ragu lan bingung, vaksin mawon. Vaksin napa mawon boten usah pilah-pilih, sedaya menika insyaAllah aman sampun pikantuk ijin saking WHO.

Hadirin para rawuh ingkang bagya mulya.

Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken,

 

Dhahar kupat lawuh santen,

Bok bilih wonten lepat kula nyuwun pangapunten.

 

 WassalamualaikumWr. Wb.

 

0 komentar: