Selasa, 04 Februari 2020

Serat Wulangreh Pupuh Sinom


Serat Wulangreh menika salah satunggaling karya sastra anggitanipun Sri Susuhunan Pakubuwana IV. Salah satunggaling isine Serat Wulangreh yaiku pupuh Sinom / tembang macapat sinom. Pupuh sinom ana 33 pada/bait. Berikut beberapa diantaranya disertai dengan terjemahan bebasnya :
(1)
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun, 
pamrihe den inaa,
mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-padha.
(2)
Ingsun uga tan mangkana, 
balilu kang sun alingi, 
kabisan sun dokok ngarsa, 
isin menek den arani, 
balilune ngluwihi, 
nanging tenanipun cubluk, 
suprandene jroning tyas, 
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
(3)
Tur duk ingsun masih bocah, 
akeh kang amituturi,
lakune wong kuna-kuna, 
lelabetan kang abecik, 
miwah carita ugi,
kang kajaba saking ngebuk, 
iku kang aran kojah, 
suprandene ingsun iki,
teka nora nana undaking kabisan.
(4)
Carita nggonsun nenular,
wong tuwa kang momong dhingin, 
akeh kang sugih cerita,
sun rungokna rina wengi, 
samengko isih eling, 
sawise diwasa ingsun, 
bapa kang paring wulang, 
miwah ibu mituturi,
tata krama ing pratingkah karaharjan.
(5)
Nanging padha estokana,
pitutur kang muni tulis,
yen sira nedya raharja,
anggonen pitutur iki, 
nggoningsun ngeling-eling, 
pitutur wong sepuh-sepuh,
mugi padha bisa,
anganggo pitutur iki,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

Berikut artinya :

(1)
Watake wong sing wis sampurna,
ora ngremehke kepinterane wong liya, 
ora minteri wong sing ora pinter, 
tingkahe kudu manpaat,
kepinterane ora dipamerake,
bodhone dituduhake,
tujuane ben diece (dipoyoki),
karo wong-wog liya,
krasa seneng nek diece wong liya.
(2)
Nek aku uga ora kaya ngono,
bodhoku sing takumpetake,
kepinterane tak deleh ngarep (pamer), 
sebab isin nek diarani,
bodhone kebangeten,
nanging nyatane bodho temenan, 
dene ing jero ati (niyate), 
tumindake ben diarani pinter
ora rumongsa akeh ngomonge ngapusi.
(3)
Wektu aku isih bicah (cilik)
akeh banget sing nuturi (nyritakake), 
tumindake wong-wong kuna,
olehe ngabdi carane kang becik lan uga ana crita,
kang durung mesthi sumbere bener, 
yaiku sing diarane dongeng, 
nanging meksa aku iki,
tetep ora tambah kepinterane.
(4)
Crita sing dakomongake iki,
saka wong tuwa mbiyen sing momong, 
akeh sing sugih crita,

dakrungokake awan bengi, 
tekan saiki isih kemutan, 
sawise aku dhewasa (gedhe), 
bapak sing maringi nasihat, 
lan ibu sing nuturi (ngelikake),
bab tatakrama tumindak kang apik.
(5)

Nanging padha lakonana, 
nasihat sing ditulis iki,
yen kowe padha kepingin slamet, 
nganggoa nasehat iki,
anggonku ngemut-emut, 
nasihate wong tuwa-tuwa, 
muga- muga padha bisa, 
nganggo nasihat iki,
wulangane wong tuwa iku mberkahi.

0 komentar: