Selasa, 17 Maret 2020

CERITA WAYANG RAMAYANA KIDANG KENCANA


Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana supaya njaga Shinta aja nganthi dhewekan.
Sawise niku banjur Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet suasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.

Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene
Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel marang Lesmana lan ngotot meksa Lesmana nyusul Rama.
Wasana, Lesmana nuruti panjaluke Shinta kanggo nyusul Rama. Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan  iku. Lesmana pesen supaya Shinta ora metu saka bunderan iku mau. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.
“Aduh! Cilaka rayi Lesmana ... iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!”
Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.


0 komentar: