Rabu, 18 Maret 2020

GEGURITAN



A.  Geguritan tradhisional
Geguritan yaiku unen-unen ing basa Jawa kang nggunakake guru sastra, purwakanthi minangka kaendahane. Geguritan asale saka tembung gurit, kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan.
Geguritan ing kene ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
a.     Cacahe gatrane ora tartamtu, nanging sithike 4 gatra.
b.  Saben saben gatrane guru wilangan lan guru lagu padha bae, runtut mawa purwakanthi guruswara.
c.     Lumrahe kabuka utawa kawiwiti ukara “Sun nggegurit”. Tuladha : 
Sun nggegurit
Lelakon jaman saiki,
Kabeh pemudha-pemudhi,
Kutha desa gunung sami,
Mung sinau kang den esti

B.  Geguritan gagrag anyar
     Geguritan gagrag anyar utawa asring sinebut puisi Jawa anyar iku amarga saka wujud lan basane. Pandhapuking luwih bebas, ora kaiket dening guru wilangan apadene gatra. Kaendahane ana ing tegesing tembung/diksine lan nengenake bab isi, asring uga nggunakake purwakanthi lan pralambang kanggo nuwuhake kaendahaning.



C. NYERAT GEGURITAN
Nulis utawa ngarang iku mujudake pakulinan. Sapa sing kulina bakale bisa, nanging sing sapa ora kulina, ya ora bakal bisa. Semono uga yen nyerat utawi nulis geguritan. Panulise geguritan padha karo puisi modern ing kasustraan Indonesia, ora kaiket aturan – aturan tartamtu kaya dene pantun utawa puisi lama. Cacahing pada (bait) bebas, mengkono uga cacahing larik. Bab sing kudu digatekake nalika nulis geguritan yaiku:
1.     Tema (Undhering gagasan)
2.     Diksi (Pamilihing tembung)
3.     Imajeri (penginderaan/pencitraan)
4.     Purwakanthi (persajakan)
Purwakanthi kena ditegesi runtuting swara. Swara kang runtut kadadean saka vokal, konsonan lan tembunge. Adhedhasar karuntutane swara, purwakanthi kabedakake dadi telu (3), yaiku :
a.   Purwakanthi Swara (runtuting swara vokal)
Tuladha:           
Ana dina, ana upa (a-a)                           
Sapa jujur bakal makmur (u-u)
Tut wuri Handayani ( i-i)
b.   Purwakanthi Sastra (runtuting swara konsonan)
Tuladha:    
Katula tula katali (t-l)
Bibit, bobot, bebet (b-b-t)
Titi, tata, tatas, titis (t-t)
c.   Purwakanthi Basa (runtuting swara tembung, lumaksita)
Tuladha:    
kolik priya, priyagung anjani putra (priya)
Tepi wastra, wastra tumrap mustaka (wastra)
Pandhu suta, suta penengah pandhawa (suta)

5.    Tipografi (Tata tulis)
6.    Lelewaning basa (majas)
Lelewaning basa (majas) perlu kaecakahe minangka sarana mbregasake karep lumantar tembung-tembung kang digunakake. Tuladha : Embun-embun kang lumaksana, nerangake menawa embun-embun mau kaya-kaya mlaku, kamangka kanyatane menawa embun iku ora duwe sikil. Kanthi mangkono embun kaanggep kaya dene bisa mlaku nggunakake sikil. Lelewaning basa iki prayoga kaudi kanthi mirunggan amrih reriptane awake dhewe manjila susastrane.
7.   Amanat (piweling)
wong nganggit mesthi ana tujuane. Tujuane panganggit mau bisa mujudake sawijining piweling utawa pitutur sing migunani tumrap para pamaos. (@AFAmin_)

0 komentar: