Kamis, 26 November 2020

AKSARA JAWA (KELAS 8)

Rong puluh aksara ing dhuwur lumrah diarani Dentawyanjana utawa Carakan. Denta tegese untu, dene wyanjana tegese aksara. Dadi dentawyanjana duwe teges aksara untu. Kejaba diarani Carakan, aksara Jawa sing cacahe rong puluh uga diarani aksara legena. Legena saka basa Jawa kuna lagna sing tegese wuda. Dadi aksara legena tegese aksara wuda, tanpa sandhangan.

Tuladha panyerate ing ukara :


Supaya aksara Jawa ora nglegena mula butuh sandhangan. Tegese aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan bisa muni lan luwes kanggo nulis. Tuladhane sandhangan ing aksara Jawa iku kaya ing ngisor iki :


Aksara Jawa ing Serat Wulangreh pupuh Gambuh






AKSARA JAWA LAN PASANGANE 9 (KELAS IX)

 

Tandha-tandha wacan ing aksara Jawa disebut pada. Nanging tandha wacan ing aksara Jawa ora saakeh tandha wacan ing aksara latin ing aksara Jawa ora tinemu tanda hubung (-) ngelingi aksara Jawa ditulis tanpa spasi; uga ora ana tanda tanya (?) lan tanda seru (!).

Tuladha panyerate aksara Jawa tembang Dhandhanggula

Selasa, 10 November 2020

Pahargyan Tedhak Siti

Ana sawetara prastawa sing dianggep wigati ing panguripane wong Jawa. Kanggo mengeti prastawa mau lumrahe wong Jawa banjur nganakake pahargyan minangka tandha puji sokur marang Gusti Kang Akarya Jagad. Salah sijine yaiku pahargyan tedhak siten. Pahargyan tedhak siten dianakake wong tuwa kanggo putrane nalika putra ngancik umur pitung wulan utawa pitung lapan. Lumrahe nalika bocah umur pitung lapan dheweke wiwit ajar mlaku utawa ngambah lemah mula pahargyane diarani ” tedhak siti ” utawa uga diarani ” ngudhun – udhuni utawi cara tiyang Pemalang diarani mudhun lemah”. Ancase pahargyan iki yaiku ngenalake alam lingkungan marang bocah supaya bocah ora kaget marang alam sakiwa tengene klebu lemah sing di idak – idak ing saben dinane.

Pahargyan tedhak siten diwiwiti kanthi nyirami putra – putri sing arep di upacarani nganggo sekar setaman (mlathi / melur, kanthil, lan mawar). Kembang – kembang mau mengku teges: mlathi / melur kanthi pengajab supaya putra – putri mau bisa duwe tekad sing ora melar – melur. Kembang kanthil kanthi pengajab supaya putra – putri bisa kasinungan wewujudan (jasmani) lan kaprigelan sing marakake sapa bae gampang kumanthil. Dene kembang mawar kawentar ngganda arum bisa gawe alusing kulit, dadi sapa bae sing nyawang bakal welas lan kasmaran. Sawise disirami, putra diagemi busana anyar sing pinilih supaya nengsemakake para rawuh sing mriksani.

Sabanjure putra – putri diambahake ing siti (lemah) sing diwenehi krikil utawa lambaran liyane. Rampung kuwi putra ditetah midak jadah pitung warna sing ditata kanthi dilambari pupus pisang. Anggone midak jadah diwiwiti saka warna putih banjur warna liyane. Midak jadah warna – warni dilambari pupus pisang nggambarake maneka warna kedadean sing dilakoni jroning panguripan. Ana susah uga bungah. Ing pangajab kabeh iku kudu bisa di pupus, ditampa kanthi ati sing legawa. Jadah sing diidak – idak mau biasane didum marang para tamu sing rawuh, kanggo oleh – oleh menyang dalem saperlu kanggo jontrot supaya putra–putrine gampang antuk jodho lan gampang antuk momongan.

Sawise putra midak jadah diterusake menek andha sing diwangun kayadene palenggahane raja. Menek andha tebu kanthi pangajab putra bisa nggayuh gegayuhan luhur. Tembung tebu yen dikerata basa asale saka tembung ” antebing kalbu ”. Dadi, gegayuhan sing luhur mau bisa kasembadan yen dilakoni kanthi mateping ati. Lenggah ing dhuwur kayadene raja ancase supaya bisa dadi pemimpin sing becik tumrap pribadine dhewe uga ing bebrayan agung.

 

Mudhun saka andha tebu putra dilebokake ing kurungan sing ing jerone wis dicawisi maneka warna ubarampene wong urip manut apa kersane wong tuwane, kaya ta : dhuwit, pari, potelot, kaca, tasbih, lsp. Saliyane ubarampe mau uga cumawis beras kuning lan arta receh saka sing ajine sithik nganti sing larang dilebokake jero bokor kencana. Kurungan ngemu teges supaya bocah dadi wong sing bisa ngurung utawa nyandhet pepinginan kurang becik sing bisa nuwuhake kasangsaran. Dene barang apa sing dipilih dening putra ing jero kurungan iku manut kapercayan nggambarake pakaryan utawa panguripane bocah ing besuke. Sawise milih barang, beras kuning lan arta receh disebar ing ngarepe para tamu ben diagem rayahan ( udhik – udhik ) minangka pratandha yen barang mau mujudake amal sedhekahe sing kagungan kersa.

Saliyane ubarampe ing dhuwur uga cumawis ubarampe liyane yaiku : kembang manca warna, senthir (cemplik), sapu gerang sing diedegake malik ditancepi brambang – bawang, laos, kunir, kamijara lan dlingo bengle. Uga dom disurupi benang, kacang ijo lan cuwilan pengilon. Sing pungkasan ora lali tumpeng salawuhane maneka warna bubur, lan jajan pasar.

Mengkono mau pahargyan tedhak siten sing nganti wektu iki isih di tindhakake dening wong Jawa. Dene cak – cakane ora mesthi padha antarane panggonan siji lan panggonan liyane, jumbuh karo unen – unen ” Desa mawa cara negara mawa tata ”. Nyata yen pahargyan mau mengku teges sing luhur mula wis dadi kuwajiban kita kudu melu nguri – uri supaya lestari.

( Kapetik: Penyebar Semangat No. 44/ 2002 dipunjangkepi sumber sanesipun )

PARIWARA / IKLAN

Iklan nduweni teges ajak-ajak kang katindakake kanti wola wali ( Indonesia : berulang-ulang). Lumrahe dibiwarakake (disebarluaskan) mawa media massa, kayata televisi, radio, film, layang kabar (Koran), kalawarti (majalah), internet lan sapanunggalane. Ancas tujuwane pawongan utawa lembaga masang nggiyarake iklan, yaiku kanggo menehi katrangan (informasi), ajak-ajak, nepungake ngiras nawakake jasa utawa asil produksine marang wong akeh (masyarakat).

Iklan biasane dikantheni gambar, pilihan tembung (diksi) kudu pas, ora njlimet amarga isi lan basa minangka babagan sing wigati ing iklan. Iklan diarani komunikatif minangka pesen sing dikarepake dimangerteni wong akeh.

Iklan utawa pariwara iku jenis lan wujude maneka warna, kayata: iklan penjualan produk (iklan komersil), iklan layanan masyarakat, iklan keluarga. Iklan penjualan (komersil) akehe awujud tawa sawijining barang supaya wong liya kepencut banjur tuku barang mau. Iklan layanan masyarakat iku iklan kang ana gegayutan karo hak lan kewajibaning masyarakat, biasane awujud pangeling – eling. Dene iklan kaluwarga iku biasane namung awujud weneh kabar, kayata: wisudhanan, mantenan, lelayu.

Tuladha Pariwara

Pariwara 1

Pariwara 2



Rabu, 04 November 2020

UPACARA TINGKEBAN (MITONI)

 


Upacara Tingkeban utawa uga diarani mitoni iku salah sijine upacara sing ditindakake kanggo mengeti jabang bayi umur 7 wulan ing kandhutane ibu. Miturut para winasis tembung mitoni asale saka tembung ‘ pitu ‘ , bisa ditegesi pitutur, pituduh tumuju marang kabecikan lan kaluhuran. Dene yen sacara medis, nalika jabang bayi ngancik umur 7 wulan dheweke wis duwe wewujudan utawa jasmani sing wutuh kaya salumrahe manungsa. Mula kaanan iku terus dipengeti kanthi nganakake syukuran.

Lumakune upacara tingkeban yaiku diwiwiti kanthi sungkeman. Ibu sing nggarbini dikanthi garwane sungkem marang wong tuwa loro-lorone. Yaiku wong tuwa saka pihak bapak luwih dhisik, diterusake marang wong tuwa saka pihak ibu. Sing angka loro yaiku acara siraman. Calon bapak nyebarake kembang mlathi ing jero genthong isi banyu, ibu sing mbobot mau nganggo sandhangan jarit lan kemben lungguh neng panggonan sing wis cumawis. Kanthi diampingi garwane, calon ibu mau wiwit disirami dening para sepuh kakung lan putri cacahe pitung pasang. Sing sepisanan nyirami yaiku  wong tuwa saka pihak kakung. Ibu maratuwa nyiramake banyu kembang ing pamidhangan kanan kering terus ing mustakane. Kaya mengkono mau genti genten nganti kabeh sesepuh rampung nyirami.

Rampung kuwi diterusake acara mecah tigan sing ditindakake calon bapak, karo ngendika : “ Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet ! ” Endhog ditempelake urut saka panglarapan, medhun tekan kandhutan, terus dipecah. Ukara ing dhuwur ngemu teges yen kita kudu narima ing pandum apa sing diparingake Gusti Allah, putra lanang apa wadon. Sing luwih wigati ibu lan putra sing dilairake kabeh slamet lan lair kanthi gangsar. Nalika nggarisake endhog mau badane calon ibu ditutup nganggo kain putih sing nglambangake suci.

Sawise kuwi diterusake acara patut-patut. Ing acara iki, ibu sing mbobot ganti busana kaping pitu. Busana sing diagem mujudake pilihane para sesepuh. Busana sing paling pungkasan diagem lumrahe dipilihake jarit “ Truntun” lan kemben “ Banguntulak “. Jarit lan kemben mau mengku teges lan panyuwunan supaya bapak ibu sing bakal nampa momongan mau tansah rukun turun-tumurun lan kalis saka rubeda.

Rampung acara patut-patut, diterusake procotan cengkir sing digambari Kamajaya Kamaratih. Calon bapak milih salah sijine cengkir mau kanthi cara mungkur. Yen sing dijukuk cengkir sing gambar Kamajaya, manut kapercayan bayine mengko lair kakung, dene yen sing kajukuk gambar Kamaratih, suwalike, bayine wadon.

Cengkir sing kapilih mau terus diemban ibu marasepuh lan ditembangi kaya ngemban bayi. Bar kuwi terus dipapras nganggo bendo. Yen banyu sing metu saka cengkir muncrat dipercaya bayine mengko lanang. Nanging yen banyu sing metu ndlewer, ateges bayine wadon. Kuwi mung manut kapercayan bae, dene kanyatane lanang apa wadon kabeh saka kuwasane Gusti Allah.

Acara sing sabanjure yaiku syukuran ngiris tumpeng loro. Pucuke tumpeng sing siji diaturake marang bapak ibu marasepuh ( saka pihak calon bapak ), dene sijine maneh diaturake marang wong tuwane pihak ibu. Minangka acara sing pungkasan yaiku dodol rujak lan dhawet dening calon bapak lan ibune si jabang bayi. Acara iki ngemu surasa supaya bayi ing tembe tansah pinaringan murah rejeki.

 ( Sumber : majalah RONCE edisi 2 / 05, kajarwakake lan kabesut saperlune )