Selasa, 10 November 2020

Pahargyan Tedhak Siti

Ana sawetara prastawa sing dianggep wigati ing panguripane wong Jawa. Kanggo mengeti prastawa mau lumrahe wong Jawa banjur nganakake pahargyan minangka tandha puji sokur marang Gusti Kang Akarya Jagad. Salah sijine yaiku pahargyan tedhak siten. Pahargyan tedhak siten dianakake wong tuwa kanggo putrane nalika putra ngancik umur pitung wulan utawa pitung lapan. Lumrahe nalika bocah umur pitung lapan dheweke wiwit ajar mlaku utawa ngambah lemah mula pahargyane diarani ” tedhak siti ” utawa uga diarani ” ngudhun – udhuni utawi cara tiyang Pemalang diarani mudhun lemah”. Ancase pahargyan iki yaiku ngenalake alam lingkungan marang bocah supaya bocah ora kaget marang alam sakiwa tengene klebu lemah sing di idak – idak ing saben dinane.

Pahargyan tedhak siten diwiwiti kanthi nyirami putra – putri sing arep di upacarani nganggo sekar setaman (mlathi / melur, kanthil, lan mawar). Kembang – kembang mau mengku teges: mlathi / melur kanthi pengajab supaya putra – putri mau bisa duwe tekad sing ora melar – melur. Kembang kanthil kanthi pengajab supaya putra – putri bisa kasinungan wewujudan (jasmani) lan kaprigelan sing marakake sapa bae gampang kumanthil. Dene kembang mawar kawentar ngganda arum bisa gawe alusing kulit, dadi sapa bae sing nyawang bakal welas lan kasmaran. Sawise disirami, putra diagemi busana anyar sing pinilih supaya nengsemakake para rawuh sing mriksani.

Sabanjure putra – putri diambahake ing siti (lemah) sing diwenehi krikil utawa lambaran liyane. Rampung kuwi putra ditetah midak jadah pitung warna sing ditata kanthi dilambari pupus pisang. Anggone midak jadah diwiwiti saka warna putih banjur warna liyane. Midak jadah warna – warni dilambari pupus pisang nggambarake maneka warna kedadean sing dilakoni jroning panguripan. Ana susah uga bungah. Ing pangajab kabeh iku kudu bisa di pupus, ditampa kanthi ati sing legawa. Jadah sing diidak – idak mau biasane didum marang para tamu sing rawuh, kanggo oleh – oleh menyang dalem saperlu kanggo jontrot supaya putra–putrine gampang antuk jodho lan gampang antuk momongan.

Sawise putra midak jadah diterusake menek andha sing diwangun kayadene palenggahane raja. Menek andha tebu kanthi pangajab putra bisa nggayuh gegayuhan luhur. Tembung tebu yen dikerata basa asale saka tembung ” antebing kalbu ”. Dadi, gegayuhan sing luhur mau bisa kasembadan yen dilakoni kanthi mateping ati. Lenggah ing dhuwur kayadene raja ancase supaya bisa dadi pemimpin sing becik tumrap pribadine dhewe uga ing bebrayan agung.

 

Mudhun saka andha tebu putra dilebokake ing kurungan sing ing jerone wis dicawisi maneka warna ubarampene wong urip manut apa kersane wong tuwane, kaya ta : dhuwit, pari, potelot, kaca, tasbih, lsp. Saliyane ubarampe mau uga cumawis beras kuning lan arta receh saka sing ajine sithik nganti sing larang dilebokake jero bokor kencana. Kurungan ngemu teges supaya bocah dadi wong sing bisa ngurung utawa nyandhet pepinginan kurang becik sing bisa nuwuhake kasangsaran. Dene barang apa sing dipilih dening putra ing jero kurungan iku manut kapercayan nggambarake pakaryan utawa panguripane bocah ing besuke. Sawise milih barang, beras kuning lan arta receh disebar ing ngarepe para tamu ben diagem rayahan ( udhik – udhik ) minangka pratandha yen barang mau mujudake amal sedhekahe sing kagungan kersa.

Saliyane ubarampe ing dhuwur uga cumawis ubarampe liyane yaiku : kembang manca warna, senthir (cemplik), sapu gerang sing diedegake malik ditancepi brambang – bawang, laos, kunir, kamijara lan dlingo bengle. Uga dom disurupi benang, kacang ijo lan cuwilan pengilon. Sing pungkasan ora lali tumpeng salawuhane maneka warna bubur, lan jajan pasar.

Mengkono mau pahargyan tedhak siten sing nganti wektu iki isih di tindhakake dening wong Jawa. Dene cak – cakane ora mesthi padha antarane panggonan siji lan panggonan liyane, jumbuh karo unen – unen ” Desa mawa cara negara mawa tata ”. Nyata yen pahargyan mau mengku teges sing luhur mula wis dadi kuwajiban kita kudu melu nguri – uri supaya lestari.

( Kapetik: Penyebar Semangat No. 44/ 2002 dipunjangkepi sumber sanesipun )

0 komentar: