Senin, 26 Oktober 2020

Upacara Adat Nyukur Rambut Gembel

Ana sawijining tradhisi sing saben taun dipengeti ing tlatah Dataran Tinggi Dieng yaiku upacara adat nyukur rambut gembel. Upacara iki mung dipengeti ing tlatah Wonosobo uga Banjrnegara awit pancen ana gegayutane karo sejarahe kutha iki. Kacarita, ing jaman biyen ana kyai cacah telu rawuh ing sawijining alas ( alas = wana ) sing saiki diarani Wonosobo. Kyai mau asmane Kyai Karim, Kyai Kaladite, lan Kyai Walik. Ya kyai telu mau sing mandhegani adeging kutha Wonosobo. Dene sing ana gegayutane karo tata upacara adat nyukur rambut gembel yaiku Kyai Kaladite amarga panjenengane iku sing kajibah nggulawenthah bocah-bocah.

Kyai Kaladite kagungan rikma sing dawa lan gembel. Sadurunge muksa paring pangandikan mangkene : “ Para sadulur, sapungkurku mengko, yen ana bocah sing rambute gembel, aja dimunasika, jalaran kuwi isih momonganku! “ Mula nganti wektu saiki, ing tlatah Wonosobo yen ana bocah sing rambute gembel, anggone nyukur kudu nganggo tata upacara adat amarga bocah kuwi kalebu bocah sukerta sing kudu diruwat. Yen ora diruwat, manut kapitayane masyarakat kono bocah rambut gembel mau bisa nuwuhake sambekala. Nanging yen diruwat, bocah-bocah mau bakal ngrejekeni. Kajaba iku yen bocah-bocah rambut gembel iku dicukur tanpa diruwat dhisik, rambut sing thukul bisa gembel maneh lan bocahe tansah lelaranen.

Kapan bocah rambut gembel iku bisa dicukur rambute ? Pranyata rambut gembel mau oleh dicukur yen bocahe wis nyuwun dhewe kepengin cukur. Biasane saliyane nyuwun dicukur, bocah mau uga duwe panyuwunan liyane sing kudu disembadani dening wong tuwane. Upamane nyuwun endhog, nyuwun gula jawa, utawa nyuwun ditanggapake ringgit purwa, lan liyane sing kala-kala panyuwunan mau ora klebu nalar. Yen panyuwunan iku ora dituruti, bocahe bisa lara lan angel diusadani. Mung eloke, lumrahe panyuwunan mau manut kekuatane wong tuwane.

Ubarampe sing dicawisake kanggo upacara adat nyukur rambut gembel yaiku: Payung, Beras kuning, Baki sing dilambari mori putih karo gunting, Kembang telon sing diselehake ing tuwung, Tumpeng warna-warni ( tumpeng : megana, rasul, robyong, putih, lan bucu cilik ), Ingkung ayam Jawa, Bubur abang putih lan Jajan pasar

Dene tata rakiting upacara kaya mangkene : Sedina sadurunge upacara ruwatan, ubarampe sing diperlokake kanggo upacara ruwatan wis dicawisake wong tuwane si gembel ( sebutane bocah rambut gembel ). Ing dina sing wis pinilih sadurunge acara diwiwiti kabeh ubarampe ruwatan mau digawa ing Candi Arjuna. Sirahe bocah diblebet nganggo kain putih nganti bathuke ketutupan. Bocah gembel mau terus dikirab numpak dhokar, ditutake para penari lan barongsai. Kirabe ngubengi kampung lan Jalan Raya Dieng dipungkasi ing platarane Candi Arjuna.

Sawise kirab, terus dianakake siraman ing sumur Sendhang Sedayu sing mapan ing kompleks Candi Arjuna. Nalika mlebu ing sumur Sendhang Sedayu, bocah gembel mau dipayungi nganggo Payung Robyong lan dialing-alingi kain dawa ing sakupenge sendhang. Rampung kuwi, bocah dikanthi menyang papan kanggo nyukur ing kompleks candi. Bocah sing rambute gembel dipangku wong tuwane lan dijagari eyange, yen eyange isih sugeng. Sesepuh sing mandhegani upacara banjur ngendika : “ Ing dinten menika badhe mbucal sukeripun lare menika kanthi nyukur rambut ingkang gembel, pramila nyuwun restu dhumateng Kyai Karim, Kyai Kaladite, saha Kyai Walik supados tansah njangkungi dhumateng lare menika. “ Diterusake dedonga babarengan karo para rawuh. Sawise ndedonga, rambut sing gembel dikebuli menyan lan diwiwiti nyukur. Sing sepisanan nyukur yaiku sesepuh desa, disusul para sesepuh sing liyane.

Sasuwene nyukur, bocah mau kudu dipayungi lan dikepyuri beras kuning. Rampung kacukur, rambut gembel dibuntel nganggo kain mori putih terus dilarung ing Tlaga Warna sing mili menyang Kali Serayu terus menyang Segara Kidul nganti ing Samudra Hindia. Sawise kuwi bocah diutus maem jajan pasar lan daging ingkung sacukupe. Ora lali, barang sing dadi panyuwune bocah diparingake. Sing pungkasan, sawernane tumpeng sing wis sumadiya dienggo kembul bujana andrawina.

Nyukur rambut gembel iki ancas tujuane yaiku mbuwang sukertane bocah saengga uwal saka pamangsane Bathara Kala. Amarga manut kapitayan bocah sukerta iki ditunggoni jin, mula kanthi dicukur lan dilarung rambut gembele ateges wis nglungakake jin mau lan mbalekake menyang Segara Kidul ( Nyi Roro Kidul ).

( Kacuplik saka buku Padha Seneng Basa Jawa 3 lan artikel “ Makna Simbolik Ruwatan Rambut Gembel di Desa Kejajar Wonosobo “ Moh. ChoiruL Arif / Andin Fathurrohman jurnalilkom.uinsby.ac.id/index.php/jurnalilkom/article/view/40/34)

Werna-Wernane Atur-Atur

Ing bebrayan (masyarakat) Jawa, tembung atur-atur iku lumrahe digabung karo tembung kendhuren, pramila asring sinebut atur-atur kendhuren. Atur-atur kendhuren iku mengku teges ngaturi wong (tangga teparo) supaya wong kang diaturi kersa rawuh ing daleme wong kang ngaturi mau. Lumrahe wong kang ngaturi mau mesthine duwe perlu utawa kajatan. Kayata tasyakuran ningkahan, tasyakuran ngarani bayi (akekah), tahlilan, layatan, ngaturaken punjungan, ngaturaken uleman, ngaturi pasagatan (pacetan), ngaturi dhahar, lan sapanunggalane. Iku mau kalebu werna-wernane atur-atur. Ing ngisor iki tuladha werna- wernane atur-atur.

1.    Atur-atur Tasyakuran Nikahan

Atur-atur tasyakuran ningkahan iku atur-atur kang isine ngundang wong kanggo ngrawuhi acara slametan ningkahan. Tuladha :

2.     Atur-atur Tasyakuran Ngarani Bayi (Akekah)

Atur-atur tasyakuran ngarani bayi iku atur-atur kang isine ngundang wong kanggo ngrawuhi acara slametan ngarani bayi utawa akekah.

3.    Atur-atur Tahlilan

Atur-atur tahlilan iku lumrahe dilaksanakake kanggo kirim donga wong sing wis tilar donya. Biasane keluarga sing ditinggal sing nganakake tahlilan bareng karo tangga teparo sing diundang. Pramila sing duwe kajat tahlilan kasebut kudu ngundang tangga teparo saperlu disuwuni pandongane kanggo sing wis tilar donya.

4.    Atur-atur Layatan

Atur-atur layatan iki lumrahe kanggo ngaturi ngerti sedulur sing rada adoh (tangga desa) babagan tilar donyane sedulure. Biasane angger sing cedhak karo sing tilar donya ora perlu dianakake atur-atur layatan saben omah tangga, cukup disiarake ing musholla / masjid.

5.    Ngaturaken Punjungan

Punjungan yaiku nyaosi hadiyah kang arupa panganan (sega, jangan, lawuh, lan sapanunggalane) marang wong kang sepuh utawa dianggep sepuh kang ana ing sakiwa tengene omah.

6.    Ngaturaken Uleman

Ngaturaken uleman iku padha karo ngaturake layang ulem (surat undangan). Layang ulem iku isine werna-wena, kayata uleman ningkahan, uleman pasang molo (gawe omah), uleman supitan (sunatan), lan sapanunggalane.

7.    Ngaturi Pasugatan (Pacetan)

Ngaturi pasugatan (pacetan) iku beda karo atur-atur liyane. Bedane menawa ngaturi pasugatan iku angger ana tamu banjur tamune disuguhi pacetan / jajanan. Mesthine sing ngaturi pacetan mau kudu nyumanggakaken (mempersilahkan) supaya tamune kersa nyicipi pacetane mau. Anggone nyumanggakaken kudu nggunakake basa kang trep lan sopan.

8.    Ngaturi Dhahar

Ngaturi dhahar iku padha karo ngaturi pasugatan, namung bedane ana ing dhaharane. Tegese dhaharan ing kene yaiku dhaharan sekul (sega). Tuladhane : “Kepareng matur Bapak Ibu sekalian, gandheng lenggah panjenengan sampun sauntawis, saking kersanipun ngkang kagungan kajat, panjenengan dipuncaosi kurmat dhahar.Pramila mangga lenggahipun kula aturi jengkar (pindhah)tumuju sasana boga. Matur nuwun.”

Rabu, 21 Oktober 2020

NGATURAKE PESAN


A.      Atur-Atur
Atur-atur iku saka tembung lingga atur. Atur iku kalebu tataran tembung krama inggil. Tembung atur ngokone undang. Dadi, tembung atur bisa ditegesi undang. Tembung atur angger oleh ater-ater (awalan) dipun (di) lan panambang (akhiran) i, dadi tembung dipunaturi. Tembung dipunaturi tegese (ngokone) diundang. Dene angger oleh ater-ater anuswara am (m), dadi tembung matur. Tembung matur tegese kandha. Antarane tembung atur-atur lan matur, senajan tembung linggane padha, nanging tegese beda. Mula, tembung atur-atur iku tegese undang-undang.
Undang-undang ing kene dudu ateges ngundang wong kanthi suwara kang seru, nanging nggunakake tata cara tinamtu (tertentu). Pramila, tembung atur-atur iku mligi (khusus) kanggo ngundang kanthi lisan supaya wong sing diundang rawuh ing daleme sing ngundang (sing duwe gawe). Ngundang kanthi lisan iki sing merlokake tata cara tinamtu.

B.      Tata Cara Atur-atur

Atur-atur iku dilakoni dening wong lanang (tiyang jaler), utawa bisa uga wong wadon (tiyang estri). Nanging lumrahe (umumnya) dilakoni dening wong lanang. Yen wong wadon biasane atur-atur kanggo njaluk tulung masak utawa tata dhahar. Dene tata carane atur-atur yaiku :

1.   Nganggo rasukan (baju) sing sopan, rapi, lan prasaja (sederhana).

2.   Pilih wektu sing pas, kayata ora bebarengan karo wektu sembahyang lan istirahat.

3.   Sawise tekan ing omahe sing arep diatur-atur, thothok lawang lan uluk salam.

4.   Sawise dibukakake lawang lan dimanggakake mlebu dening sing duwe omah, mlebua kanthi sopan. Aja langsung lungguh sadurunge sing duwe omah nyumanggakake lungguh. Banjur lungguha kanthi sopan lan ora grusa-grusu, sawise dimanggakake lungguh.

5.   Sawise lungguh, banjur matur apa sing dikarepake atur-atur (biasane sing duwe omah takon tujuane apa karo sing atur-atur). Olehe matur nggunakake basa krama alus kanthi solah bawa kang apik.

6.  Sawise sing duwe omah nanggapi atur-ature mau, lan rampung apa sing dikarepake atur-atur, banjur nyuwun pamit. Menawa disuguh unjukan, ya diombe ndhisik kanthi sopan sadurunge pamit.

7.   Sawise atur-atur wis rampung kabeh, prayogane caos (memberi) lapuran marang sing ndhawuhi (ngongkon) atur-atur, ora kena mung meneng bae. Kanthi mengkono ndadekake tentreming pikir sing didhawuhi lan sing ndhawuhi.

Kamis, 08 Oktober 2020

GAWE NASKAH SANDIWARA

Gatekna tuladha ing ngisor iki !
















Saka crita ing dhuwur, yen ditulis dadi naskah sandiwara/drama wujude bisa kaya iki :



PAWARTA : SYAWALAN GREBEG GUNUNGAN KUPAT ING GUMUK SIDAGORA KLATEN

Dina riyaya utawa Idul Fitri ing saindenging Nuswantara tansah dipahargya kanthi carane dhewe-dhewe, miturut adat budaya lan tradhisi sing lumaku ing papan kasebut. Sing ancase dina riyaya mau bisa kanggo sarana ngraketake anggone seduluran utawa sing kawentar kanthi aran nyambung tali silaturahmi sing wektu iki wis katon padha longgar. Kanthi mangkono anane tradhisi kasebut diajab bisa kanggo sarana ngumpulake balung pisah ing antarane para sanak kadang lan tangga teparo.

Salah sijine tradisi sing dianakake mbarengi riyaya arane Upacara adat Grebeg Gunungan Kupat sing diadani dening masyarakat desa Krakitan, kecamatan Bayat, kabupaten Klaten, provinsi Jawa Tengah. Grebeg Gunungan Kupat iku mujudake simbol luware kaluputan sing dumadi ing antarane warga Krakitan sakiwatengene sasuwene padha sasrawungan setaun lawase. Tembung “ kupat “ linggane saka tembung ngaku lepat sing ateges ngakoni kesalahane. Tradisi Grebeg Gunungan Kupat sing wis lumaku puluhan taun iki digelar sepasar sawise sholat Ied ( wulan Syawal ), mapan ing sadhuwure gumuk Sidagora.

Adicara mau ing taun 2015 iki disengkuyung dening Dinas Kebudayaan lan Pariwisata kabupaten Klaten lan ditekani dening warga masyarakat sakiwatengene Klaten. Grebeg Gunungan Kupat uga kanggo nerusake adat sing ditindakake dening para leluhur mligine Kyai Sidagora saka Mangkunegaran sing dadi cikal bakale masyarakat Krakitan. Mula adicara iki dening Dinas Pariwisata kabupaten Klaten banjur dilebokake minangka event wisata budaya taunan sing diajab bisa kanggo ngundhakake pametune masyarakat Krakitan mligine lan masyarakat Klaten umume.

Urut-urutane Grebeg Gunungan Kupat diwiwiti kanthi ngarak gunungan kupat cacah sewelas iji. Manut kapitayan, gunungan kupat cacah sewelas iku ngimpun kupat cacah sepuluh ewu iji. Sabenere panitia wis nyawisake kupat cacah limalas ewu iji. Nanging sing kapajang lan katata kanggo gawe gunungan cacahe mung sepuluh ewu. Liyane diirisi banjur diwadhahi lan diwenehi lawuh sambel goreng lan opor ayam kanggo para penonton sacara gratis. Saliyane kanggo ngraketake paseduluran, gunungan kupat tumprap warga desa Krakitan uga dadi simbol sedulur papat lima pancer, amrih manungsa ora nglalekake asal mula bukane utawa jatidhirine.

Grebeg gunungan kupat kawiwitan saka Balai Desa Krakitan diarak nganti tekan pucuke gunung Sidagora. Gunungan kupat cacah sewelas saliyane kebak kupat uga ana sing ditambahi rerenggan wuluwetune bumi, kayata : palawija, terong, tomat, lan kacang-kacangan. Gunungan siji iki kanggo tetenger kemakmurane warga Krakitan, kanggo ngunjukake puji sukur marang alam lan Gusti Kang Maha Murah sing wis paring kanugrahan wuluwetune bumi kanthi undhak-undhakane sing tikel matikel tinimbang taun-taun kepungkur.

Kanugrahan mau kejaba lair saka tetuwuhan, uga ana sing diasilake saka perikanan. Jalaran ing desa Krakitan ana rawa jembar sing kanggo obyek wisata lan ngingu iwak ing keramba asli budidayane warga Krakitan. Rawa sing kawentar kanthi aran Rawa Jombor iku wiwit taun 2000 pancen dadi salah sijine obyek wisata andel-andele kabupaten Klaten.

Kirab Gunungan Kupat sawise tekan gumuk Sidagora banjur dipasrahake dening kepala desa Krakitan marang bupati Klaten. Rampung anggone tata upacara pasrah panampi, adicara bacute kanthi pandonga sing ditindakake dening Kepala Kantor Kementrian Agama kabupaten Klaten. Sabubare nggelar donga pamuji sukur, gunungan kupat cacah enem banjur kanggo rebutan warga sing pada teka ing papan kono.

 

( Sumber : Panjebar Semangat Nomer 36, tanggal 5 September 2015, kanthi owah-owahan saprelune )

Jumat, 02 Oktober 2020

UNSUR-UNSUR INTERINSIK SANDIWARA

Sandiwara yaiku sawijining wujud karya sastra sing diparagakake dening aktor. Kaya dene jenis karya sastra liyane, sandiwara uga ngemot unsur-unsur intrinsik. Unsur-unsur intrinsik sing ana ing sandiwara yaiku :

1.       Tema

Tema yaiku gagasan pokok, ide, utawa pikiran utama minangka landhesan kanggo nulis carita.

2.       Paraga

Paraga yaiku kabeh pawongan kang ana ing sawijining carita. Ana sing dadi paraga utama lan ana sing dadi paraga tambahan gumantung marang gedhe cilike peranan ing carita mau.

3.       Watake paraga

Saben paraga duwe watak dhewe-dhewe. Paraga protagonis adate duwe watak kang becik, pinter, manut marang wong tua lan sipat-sipat becik liyane. Paraga antagonis umume kadunungan watak kang ala, culika, ora duwe tata krama, lan sapanunggalane. Ing sandiwara, watake paraga bisa dideleng saka polahe paraga nalika dialog, ekspresine, isine carita, lan tumindake paraga ing carita mau.

4.       Alur

Alur yaiku urutane prastawa utawa kedadean kang ana ing carita sing nuduhake hubungan sebab akibat.

5.       Latar

Latar yaiku katrangan ngenani papan, wektu, lan swasana dumadine carita. Latar sing ana ing sandiwara kang dipentasake umume sesambungan karo tata panggung (dekorasi panggung), tata cahaya, lan tata swara.

6.       Amanat

Amanat yaiku pitutur becik kang ana ing sajerone carita.

Naskah sandiwara/drama wujude kaya daftar pacelathon / dialog. Digawe kaya kuwi tujuane supaya gampang diapalake dening para paragane. Penonton bisa ngerti isine drama saka pacelathon lan solah tingkahe para paraga. Mula panulise naskah drama sakliyane ngemot dialog becike dikantheni pituduh/gambaran ngenani akting paraga lan gambaran seting / latar.

Kamis, 01 Oktober 2020

POKOK-POKOK PAWARTA


Sing diarani pawarta yaiku laporan ngenani sawijining prastawa utawa kedadean. Pawarta bisa ditemokake neng endi-endi. Bisa lumantar TV, radio, media cetak, lan internet. Isine pawarta iku mujudake fakta-fakta. Yen pawarta ora ngandhut fakta ateges padha karo pawarta sing ngayawara utawa disebut “ gosip “, ora bisa diugemi kanyatane. Kanggo mbuktekake anane fakta-fakta ing sajerone pawarta, bisa kanthi gawe pitakonan : APA, SAPA, KAPAN, ING NGENDI, KENANGAPA, KEPIYE (5W+1H)


 No

Pitakon

Fakta sing digoleki

1.

Apa

Kanggo nakokake prastawa sing kedadean

2.

Sapa

Kanggo nakokake wong/ paraga sing kawogan ing prastawa mau

3.

Kapan

Kanggo nakokake wektu kedadeane prastawa

4.

Ing endi

Kanggo nakokake panggonan kedadeane prastawa

5.

Kenangapa

Kanggo nakokake jalaran/ sebabe prastawa mau kedadean

6.

Kepiye

Kanggo nakokake prosese prastawa mau kedadean


Saupama pitakon-pitakon mau diterapake ing pawarta “Kagama Jawa Timur Ngeculake Ewon Tukik ing Alas Purwo “kang minggu kepungkur, bisa dijlentrehake mangkene :

1.      APA : Kagama Jawa Timur mengeti dina kamardikan kanthi kegiyatan nguculake ewon tukik ing Taman Nasional Alas Purwo.

2.      SAPA : Paraga sing mandhegani yaiku ketua panitia Destina Kawanti lan anggota Kagama liyane kalebu anggota saka Yogya uga Staf Taman Nasional Ujang Wisnu Barata.

3.      KAPAN : Kegiatan mau dileksanakake mbarengi karo pengetan kamardikan Indonesia sasi Agustus 2015

4.      ING NGENDI : Kegiatan mau manggon ing Taman Nasional Alas Purwo

5.      KENANGAPA : Tujuane kegiatan mau saperlu melu partisipasi pelestarian alam ( kalebu kewan penyu ) lan nuwuhake tresna marang sapepadhane urip.

6.     KEPIYE       : Lumakune kegiyatan, para anggota Kagama mangkat bebarengan saka Surabaya menyang Banyuwangi banjur tumuju ing Taman Nasional Alas Purwa. Lan ing kana banjur ngeculake ewon tukik ing gisik Ngagelan Alas Purwo.