Rabu, 04 November 2020

UPACARA TINGKEBAN (MITONI)

 


Upacara Tingkeban utawa uga diarani mitoni iku salah sijine upacara sing ditindakake kanggo mengeti jabang bayi umur 7 wulan ing kandhutane ibu. Miturut para winasis tembung mitoni asale saka tembung ‘ pitu ‘ , bisa ditegesi pitutur, pituduh tumuju marang kabecikan lan kaluhuran. Dene yen sacara medis, nalika jabang bayi ngancik umur 7 wulan dheweke wis duwe wewujudan utawa jasmani sing wutuh kaya salumrahe manungsa. Mula kaanan iku terus dipengeti kanthi nganakake syukuran.

Lumakune upacara tingkeban yaiku diwiwiti kanthi sungkeman. Ibu sing nggarbini dikanthi garwane sungkem marang wong tuwa loro-lorone. Yaiku wong tuwa saka pihak bapak luwih dhisik, diterusake marang wong tuwa saka pihak ibu. Sing angka loro yaiku acara siraman. Calon bapak nyebarake kembang mlathi ing jero genthong isi banyu, ibu sing mbobot mau nganggo sandhangan jarit lan kemben lungguh neng panggonan sing wis cumawis. Kanthi diampingi garwane, calon ibu mau wiwit disirami dening para sepuh kakung lan putri cacahe pitung pasang. Sing sepisanan nyirami yaiku  wong tuwa saka pihak kakung. Ibu maratuwa nyiramake banyu kembang ing pamidhangan kanan kering terus ing mustakane. Kaya mengkono mau genti genten nganti kabeh sesepuh rampung nyirami.

Rampung kuwi diterusake acara mecah tigan sing ditindakake calon bapak, karo ngendika : “ Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet ! ” Endhog ditempelake urut saka panglarapan, medhun tekan kandhutan, terus dipecah. Ukara ing dhuwur ngemu teges yen kita kudu narima ing pandum apa sing diparingake Gusti Allah, putra lanang apa wadon. Sing luwih wigati ibu lan putra sing dilairake kabeh slamet lan lair kanthi gangsar. Nalika nggarisake endhog mau badane calon ibu ditutup nganggo kain putih sing nglambangake suci.

Sawise kuwi diterusake acara patut-patut. Ing acara iki, ibu sing mbobot ganti busana kaping pitu. Busana sing diagem mujudake pilihane para sesepuh. Busana sing paling pungkasan diagem lumrahe dipilihake jarit “ Truntun” lan kemben “ Banguntulak “. Jarit lan kemben mau mengku teges lan panyuwunan supaya bapak ibu sing bakal nampa momongan mau tansah rukun turun-tumurun lan kalis saka rubeda.

Rampung acara patut-patut, diterusake procotan cengkir sing digambari Kamajaya Kamaratih. Calon bapak milih salah sijine cengkir mau kanthi cara mungkur. Yen sing dijukuk cengkir sing gambar Kamajaya, manut kapercayan bayine mengko lair kakung, dene yen sing kajukuk gambar Kamaratih, suwalike, bayine wadon.

Cengkir sing kapilih mau terus diemban ibu marasepuh lan ditembangi kaya ngemban bayi. Bar kuwi terus dipapras nganggo bendo. Yen banyu sing metu saka cengkir muncrat dipercaya bayine mengko lanang. Nanging yen banyu sing metu ndlewer, ateges bayine wadon. Kuwi mung manut kapercayan bae, dene kanyatane lanang apa wadon kabeh saka kuwasane Gusti Allah.

Acara sing sabanjure yaiku syukuran ngiris tumpeng loro. Pucuke tumpeng sing siji diaturake marang bapak ibu marasepuh ( saka pihak calon bapak ), dene sijine maneh diaturake marang wong tuwane pihak ibu. Minangka acara sing pungkasan yaiku dodol rujak lan dhawet dening calon bapak lan ibune si jabang bayi. Acara iki ngemu surasa supaya bayi ing tembe tansah pinaringan murah rejeki.

 ( Sumber : majalah RONCE edisi 2 / 05, kajarwakake lan kabesut saperlune )

 

0 komentar: