Senin, 23 Maret 2020

SERAT WULANGREH PUPUH DURMA


Serat Wulangreh Pupuh Durma anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV menika wonten 12 pada ingkang isinipun bab pepacuh sampun ngantos maoni tuwin ndumuk piawoning sanes. Menika tuladhanipun 5 pada :


Pada 1
Dipunsami ambanting sariranira,
cegah dhahar lan guling,
darapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra,
rerema ing tyasireki,
dadi sabarang,
karsanira lestari

Ayo prihatin ning awakmu,
Ngurangi mangan karo turu,
Supaya bias kurang,
Nepsu sing nggladrah (ora nggenah),
Kendalikna sing ning atimu kui,
Dadia sakabehe,
Pepinginanmu kaleksanan.

Pada 2
Ing pangrawuh lair batin aja mamang yen sira wus udani
mring sariranira
lamun ana kang murba
masesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryanira ugi

Aja ragu-ragu marang kawruh lair lan batin,
Yen koe wis mangerti,
Marang awakmu,
Menawa ana sing miwiti,
Nguwasani ing alam donya,
Dadia sakabehe,
Kaebeh sing dilakoni ing alam donya uga.

Pada 3
Bener luput ala becik lawanbeja
cilaka mapansaking
ing badan priyangga
dudu saking wong liya
mulane den ngati ati
sakeh dirgama
singgahana den eling

Bener salah,
Cilak kabudayan saka,
Awake dewe,
Dudu saka wong liya,
Mulane supaya ngati-ati,
Sakakehe panggoda,
Singkirna supaya eling.

Pada 4
Apanana sesiku telung prakara
Nanging gedhe pribadi
Puniki lilira
Yo kang telung prakara
Poma ywa nggunggung sireki
Sarta lan aja
Nacat kepati pati

Menawa ana alangan telung perkawis,
Nanging gedhe paedahe,
Kui kaya ngene iki,
Yoiku kang telung prakara,
Eling-elingen koe aja gumunggung,
Serta aja,
Ngece-ngece banget.

Pada 5
lawan aja maoni sabarang karya
sithik sithik memaoni
samubarang polah
tan kena wongkumlebat
ing masa mengko puniki
apan wuslumrah
uga padhamaoni

Lan aja ngelek-elek sakabehe pagaweyan,
Sethithik ngelek-elek,
Sakabehe tumindak,
Ora kena dikalahke wong liya,
Ing wektu sokmben,
Bakal wis lumrah
Lan padha ngelek-elek.




Isine tembang Durma
Pada 1  :
Manungsa aja seneng ngumbar hawa nepsu
Pada 2  :
Golek ngelmu, utawa nindakake pakaryan kudu kanthi tumemen, aja ragu – ragu lan gampang nglokro
Pada 3  :
Yen ana kaluputan mono aja ndumuk marang wong liya, ananging dumuken awakmu dhewe (introspeksi)
Pada 4  :
Ana telung prekara kang dadi pepelingmu, yakuwi aja umuk lan nyacat marang liyan
Pada 5   :
Aja seneng maido marang samubarang kalir

0 komentar: