Jumat, 25 Februari 2022

SESORAH HARDIKNAS

 

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Nuwun.

Baak Wiyarto, S.Pd. Bio, minangka Kepala SMP Negeri 4 ingkang minulya, Bapak-Ibu guru ingkang kinurmatan ugi kanca-kanca siswa-siswi SMP Negeri 4 ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih ingkang sampun paring berkah saha rahmat dhumateng kita sedaya saengga kita sedaya saged kempal manunggal ing papan menika saperlu mengeti Dinten Pendidikan Nasional.

Ing ngriki kula minangka sesulihipun pengurus OSIS badhe ngandharaken sakedhik ngengingi bab-bab ingkang wonten sambetipun kalian Hardiknas. Dinten Pendidikan Nasional  mboten  saged  dipunculaken  saking  paraga ingkang asmanipun  Ki Hajar Dewantara ingkang nalika timur asmanipun Suwardi Suryaningrat. Ki Hajar Dewantara menika ageng sanget lelabetanipun kangge ngrembakaken donyaning pendidikan ing Indonesia. Panjenenganipun tansah ngupaya kados pundi caranipun supados para mudha saged majeng pawiyatanipun lan mboten kawon kalian negara manca. Ki Hajar Dewantara ugi kawentar pamanggihipun ing  babagan  pendidikan kanthi ngecakaken sistem among ingkang samangke dipundadosaken  sesanti  ing bidhang pendidikan inggih menika sesanti "Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani" .

Para rawuh ingkang kinurmatan. Lumantar pengetan Dinten Pendidikan Nasional ing dinten menika, kula gadhah pangajeng-ajeng supados sedaya siswa ing SMP Negeri 4 ngriki saged langkung grengseng anggenipun ngupaya, nggayuh kemajenganing pawiyatan ingkang pungkasanipun ageng sanget paedahipun kangge diri pribadi, nusa lan bangsa. Upaya-upaya ingkang saged dipuntindakaken para siswa upaminipun sregep sinau, njagi karesikan lingkungan, tansah nindakaken sedaya kewajiban, lan nilaraken sedaya tumindak ingkang nerak angger• angger. Kanthi cara menika, ateges kita ngaturaken panuwun dhumateng labuh labetipun Ki Hajar Dewantara lan para pahlawan sanesipun kangge nusa lan bangsa. Sedaya menika saged kalarnpahan kanthi.panggulawenthahipun bapak saha ibu guru lan tansah ndedonga dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung supados para siswa saged dados lare ingkang pinter lan sae budi pakartinipun.

Bapak saha ibu .guru ingkang kinurmatan dalah kanca-kanca siswa-siswi ingkang  kula tresnani, kula kinten namung menika ingkang saged kula andharaken ing pengetan Dinten Pendidikan Nasional ing dinten menika. Menawi kathah atur kula ingkang kirang trep, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 komentar: