Senin, 09 Agustus 2021

DIKIRA TONTONAN


 Sawijining dina aku nekani undangan resepsi nikahan. Kancaku sing ngasta dosen sawijining perguruan tinggi ing Magelang mantu. Sawise samapta, aku sarimbit banjur budhal menyang gedhong papan resepsi nikahan. Gandheng tekaku rada keri, mula ing papan pesta mau wis akeh kepara kebak tamu sing wis rawuh. Nggolek papan kanggo markir mobil wae rekasa.

Sawise ngisi buku tamu lan nyemplungake amplop, aku sarimbit banjur mlebu gedhong. Swasanane rame banget. Gedhong sing kalebu gedhe iku sasat jejel riyel. Sabagian tamu wis padha ngrahapi hidangan sing ditata ana pirang-pirang meja. Saben meja, menune seje-seje. Menu sing dicawisake ing gubugan uga akeh. Undangan kari milih apa sing dikersakake

.

Sabagiyan tamu isih antri arep nyalami sing kagungan hajat lan mantene. Dak sawang, sing antri akeh banget, antriane dawa kaya ula. Mula, nyebal sangka “pakem”, aku ora melu antri, milih melu ngrahapi dhaharan sing dicawisake. Sinambi ngrahapi werna-werna dhaharan lan unjukan, sarta ngrungokake musik, aku nggatekake panggung. Daksawang sangka papan sing rada adoh, katon ing panggung ana sawatara paraga menganggo sandhangan kaya lumrahe wong main kethoprak utawa wayang wong. Panyawangku ora pati cetha amarga ketutupan tamu sing akeh banget. Aku mung mbatin, wong sing menganggo sandhangan wayang wong iku sawijining tontonan kanggo ngregengake pesta nikahan.

Sarampunge ngrahapi aneka suguhan lan dak sawang sing antri arep nyalami mantene ora pati akeh, aku ya melu-melu antri. Lhadalah, sawise munggah panggung aku kaget, sadhar yen pandugaku salah. Sebabe, sing maune dakkira tontonan, jebul dudu. Sing menganggo sandhangan memper wayang wong mau jebul sing kagungan hajat.

Priyayi sing kagungan hajat menganggo sandhangan Kresna sarimbit lan besane menganggo kaya Puntadewa sarimbit. Dene mantene ya menganggo kaya Arjuna lan Sembadra. Karepe, niru lakon Kresna Mantu. Wuih, jan gumun tenan aku. Ya, lagi sepisan iku aku mrangguli pesta nikahan sing kagungan hajat lan besan sarta mantene menganggo sandhangan wayang uwong. Unik tenan. Luwih unik maneh, sabagian penerima tamu dandan memper Werkudara lan tokoh wayang liyane. Mangka lumrahe, ing pesta nikahan sing kagungan hajat sabrayat menganggo busana adat dhaerah.

(http://www.panjebarsemangat.co.id/berita-1874-dikira-tontonan.html)

0 komentar: