Kamis, 29 Juli 2021

Nguber Layangan Pedhot


Teks Narasi menika wujude cerita. Ing ngandhap menika tuladha cerita narasi kanthi irah-irahan Nguber Layangan Pedhot.

Saben awan nganti sore wayah ketiga ing lapangan ngarep omahe Toni rame bocah padha layangan. Ing omahe, Toni bukak warung adol layangan karo kebutuhan liyane kaya kertas, bolah lan gulungan. Rega layangan kuwi murah mung Rp. 1.000. Sinambi jaga warung, ibuke ya gawe balungane layangan, yen wis akeh disetor menyang pengepul.

Saben dina ndeleng carane nggawe layangan, Toni wusanane uga bisa nggawe dhewe. Malah luwih apik ketimbang gaweyane wong tuwane. Layangane Toni diwenehi kembangan werna-werni, diwenehi buntut dawa, dimodel kapal, lan digambari kartun. Satemene mung dinggo dolanan dhewe nanging yen ana kancane sing kepingin ya bisa pesen.

“Ton, aku pesen layangan gambar buta melet kaya duwekmu sing menang kuwi ya?” pitakone Zaki.

“Menang dudu perkara layangane tapi bolahe. Yen gelasane landhep menang nggo sambitan. Buta melet kuwi kowe wani pira?” Toni nerokake iklan ing TV

“Piye yen 5000? Mengko aku tuku bolahe ing warungmu pisan,” wangsule Zaki. “Oke. Yen wis rampung mengko dak terake menyang omahmu,” tandhese Toni.

Gawe rancangane, pring diirat cilik-cilik dawa nganti alus watarane kanan kirine iratan pring mau kudu imbang. Ana balungan loro, sing ngadeg karo sing malang. Nanging sing malang ndelehe ing ndhuwur kira-kira saprolimane pring sing ngadeg. Banjur kekarone ditaleni dadi siji. Sabanjure ditempeli kertas kang wis dilim, dadi wis layangan mau. Yen wis dadi bisa diwenehi kembangan kaya buntut dawa, suwiwi, utawa ditempleki gambar.

Awan iku Toni lagi layangan. Angin gedhe maburake layangane nganti dhuwur. Ditarik-tarik karo bolah kang dadi setire. Panase srengenge ora dirasa bocah sing dolanan amarga padha keselimur rasa seneng. Sriwing-sriwing angin ngelus-elus rambute Toni sing lurus dipiyak tengah model mandarin. Yen akeh sing layangan mula langit dadi saya endah, kaya manuk miber werna-werni. Yen ana layangan pedhot, bocah ing lapangan padha nututi arep rebutan. Mlayu kesit karo ndhangak tumuju panggonan cebloke layangan kuwi, kadhang ana sing kesandhung nganti tiba. Sing nguwatirake yen mlayu ing dalan gedhe ora tolah-toleh bisa-bisa ketabrak montor.

Ora suwe ana layangan pedhot maneh, akeh bocah mlayu nututi. Nanging layangan kuwi nyangsang ing cagak listrik. Bolahe nglewer ing kabel lan wit gedhe. Zaki nggawa gantar dawa, layangane disenggek nganti kena. Udin menek wit mau nggoleki pedhotane bolah arep ditarik ben layangane kena. Ngerti kaya mangkono bapake Toni sing lagi ing omah, metu marani bocah kuwi.

“Zaki, kuwi listrik le, yen konslet trus kobongan piye?” pituture. Bapake nuturi kabeh bocah kang ana. “Udin, ayo mudhun. Mengko tiba lho!” tambahe. “Layangan kuwi regane murah tapi yen pedhot dadi rebutan. Apa sing kowe tindakake kuwi bahaya mung jalaran rebutan barang sing sepele,” imbuhe.

Yen dolanan layangan kudu ing lapangan utawa pekarangan jembar lan adoh saka kabel. Ora kena nyepelekake ing latar omah dhempet-dhempetan, apamaneh ing pinggir embong dalan gedhe. Ing desane Toni tau ana bocah nguber layangan nganti kejeglong ing pawuhan kang mentas dinggo bakaran. Bocahe mlonyoh sikile.

Saben ibuke Toni nyapu latar, kerep mrangguli yen sapune kejiret bolah layangan.

Yen wis ngono iku angel jupukane, kadhang malah bisa nyerimpeti sikil.

Bakda ashar Toni mulih saka dolanan. Ibuke isih nyapu, bapake lungguh ing emperan. “Yen ana layangan pedhot kowe ora usah melu nututi ya le. Layangan kuwi regane

murah tapi yen pedhot mesthi dadi rebutan, apa sebabe?” pitakon bapake. “Sebabe layangane sae,” wangsule Toni.

“Dudu kuwi,” jawabe bapake.

“Sebab gratis, ora usah tuku,” jarene Toni maneh.

“Uga dudu,” jawabe bapake maneh. “Ngene lo. Sebabe kuwi satemene merga beda rasane. Senajan murah tapi yen asile saka rebutan kuwi ana rasa bangga dhewe tinimbang tuku. Iya ta?” pitutur bapake.

Toni mung meneng.

“Mula kowe ya kudu bisa nguber cita-citamu senajan rekasa supaya sukses lan mongkogake wong tuwa,” tambahe ibuke. 

“Inggih Pak, Buk!” jawabe Toni. Dheweke isih tetep meneng mikirake filosofi nguber layangan pedhot kuwi.

(http://www.panjebarsemangat.co.id/berita-1464-nguber-layangan-pedhot.html)

0 komentar: