Jumat, 16 April 2021

SESEREPAN BAB BASA


BASA NGOKO LUGU

Digunakake antarane bocah karo bocah utawa marang sapepadhane, wong tuwa marang bocah utawa wong enom  lan wong sing wis raket srawung. Tetembungan sing digunakake kabeh tembung ngoko.


BASA NGOKO ALUS

Digunakake wong sing padha tuwane nanging isih padha ngajeni antarane siji lan sijine, umpane guru karo guru, wong tuwa karo wong tuwa,wong luwih enom marang wong luwih tuwa nanging ora pati ngurmati, wong tuwa marang sing luwih enom nanging isih ngajeni. Tetembungan sing digunakake tembung-tembung ngoko kecampuran tembung krama/krama inggil. Tembung-tembung ngoko kanggo awake dhewe, dene tembung-tembung kriyane (kata kerjane), kanggo wong sing diajak omong utawa sing dirembug, nggunakake tetembungan krama/krama inggil.
BASA KRAMA LUGU
Biasane digunakake dening wong sing nembe kenal, utawa ing antarane wong-wong sing durung raket banget. Surasane ngajeni sing diajak guneman sanajan saka wong sing luwih tuwa marang wong sing luwih enom. Tetembungane nggunakake basa krama.
BASA KRAMA ALUS
Digunakake wong enom marang wong tuwa utawa sing luwih tuwa, utawa marang wong sing diajeni banget utawa pejabat sing luwih dhuwur pangkate. Cirine, kabeh tetembungane migunakake basa krama lan krama inggil dene yen mbasakake awake dhewe nggunakake tembung krama.
Tembung-tembung basa krama kanggo wong tua / sing luwih tua sing sering salah, sing bener kaya mangkene :
Kowe             : panjenengan sanes sampeyan
Tuku              : mundhut        sanes tumbas
Nggawa        : ngasta            sanes mbekta
Ndeleng        : mirsani           sanes ningali
Mangan         : dhahar           sanes maem
Ngongkon     : ndhawuhi sanes ngengken
Ngomong        : ngendika sanes matur

0 komentar: