Rabu, 19 Agustus 2020

Pokok-Pokok Isi Tembang Gambuh ing Serat Wulangreh

Tembang gambuh ing serat wulangreh mratelakake babagan solah bawa sing ala(ora apik), wong kang ora gelem ngrungokake pitutur-pitutur (nasehat) sing becik lan sakepenake dhewe. Kabeh manungsa ora entuk nglakoni tumindak sing ora jujur amarga bisa ndadekake cilaka. Luwih becik menawa nggoleki pitutur sing bener sanadyan diomongake dening wong kang asor drajate (drajate luwih rendah) nanging manawa pitutur iku becik kudu gelem nglakoni lan ngetuti.
Ana paribasan sing nyebutake “adiguna” iku mung ngendel-endelake kasektene kaya ula, “adigang” kang ngendel-endelake panguwasane kaya dene kidang lan “adigung” sing ngendel-endelake gedhene kaya gajah. Kabeh iku mung nggambarake manawa manungsa aja ngunggulake awake dhewe, amarga ing pungkasane bisa ndadekake awake dhewe dadi asor. “Adiguna” iku manungsa kang ngendel-endelake kapinterane saengga nganggep wong liya bodho, kamangka dheweke sing bodho. “Adigang” iku seneng pamer kendel marang wong liya, kamangka manawa dheweke ana wong sing nantang satemene ora wani, pungkasane dadi kembang lambe.
Wong urip iku kudune nyingkiri saka watak kasebut lan nduweni watak sing alus, sabar, ati-ati ana ing solah bawa lan mikirake kanthi titi uga waspada marang tingkahe wong liya. Amarga watak adiguna, adigang, adigung ing pungkasane bakal mati bareng karo kabisane. Kabeh mau ora pantes ditiru lan watak iku padha karo bocah enom sing durung bisa ngendaleni hawa nepsu, gampang diapusi manawa wis dialem. Manawa bocah enom dialem, atine mbedhedheg, tambah gedhe endase. Kamangka wong sing ngalem mung golek rai lan ana pamrihe sanadyan anggone nglakoni nerak wewaler. Sawise entuk apa sing dikarepake, dhewe arep ngapusi wong liya supaya entuk luwih akeh maneh.
Wong kang duwe watak ala ora pantes sesambungan karo wong sing dhuwur drajate utawa pemimpin, amarga arep tumindak adol rai supaya klakon gegayuhane. Kamangka wong sing kaya mangkono kudu dipateni. Kajaba iku aja kakehan janji lan ngapusi dikantheni watak kemaki lan kegedhen rumangsa, kamangka akeh wong kang ngerti mula padha mbuang rai. Mula aja duwe watak sing kaya mangkono, amarga ing pungkasane wong liya bakal niteni lan ngerti sapa awake dhewe banjur ora bakal dipercaya.
Titikane (Ciri-ciri) Tembang Macapat Gambuh
Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru garta, guru wilangan lan guru lagu
a.       Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada (satu bait)
b.      Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c.       Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat gambuh yaiku :
a.       Guru gatra : 5
b.      Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
c.       Guru lagu : u, u, i, u, o
 

0 komentar: