Selasa, 11 Agustus 2020

SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

Wulangreh asale saka tembung Wulang lan Reh. Wulang tegese wulangan (pelajaran) dene reh tegese solah bawa (tingkah laku). Dadi Wulangreh tegese wulangan kanggo manungsa babagan solah bawa marang sapa bae ana ing alam donya.

Wulangreh iku anggitane Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV. Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV miyos ing dina Kemis Wage tabuh 10 bengi, surya kaping 18 Rabiul akhir, utawi surya kaping 2 September 1768. Pakubuwana IV iku putra Sinuhun Pakubuwana II, miyos saka prameswari Kanjeng Ratu Kencana minangka putra jaler nomer 17. 

Karyane Pakubuwana IV ing babagan sastra lan budaya akeh banget. Karya sing kawentar upamane Serat Wulangreh, Serat Wulang Sunu, Serat Wulang Putri, Serat Wulang Tata Krama, Donga Kabulla Mataram, Cipta Waskita, Panji Sekar, Panji Raras, Panji Dhadhap, Serat Sasana Prabu, lan Serat Polah Muna Muni. Panjenengane uga tau ngripta seprangkat wayang purwa sing diarani Kyai Pramukanya.

Isi Serat Wulangreh

Serat Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.

Dene isine serat Wulangreh pupuh Gambuh iku mujudake pepacuh/larangan nindakaken piawon/kejahatan. Sejatine pupuh gambuh ana 17 pada (bait) nanging ing ngisor iki tuladhane Pupuh Gambuh dipundhut 3 kaya ing ngisor iki :

(1) 

Sekar Gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula tula katali

kadaluarsa katutur

kapatuh pan dadi awon

(2)

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos

(3)

Pitutur bener iku

sayektine kang iku tiniru

nadyan metu saking wong sudra papeki

lamun becik wurukipun

iku pantes sira anggo

Ø  Kawruh basa negesi tembung

catur                                 = gunem

polah kang kelantur         = tingkah kang kebanjur

katula-tu la katali             = tansah kacilakan

katutuh                             = disrengeni amarga salah tumindake

kapatuh pan dadi awon           = dikulinakake dadi ala

kebanjur                           = keterusen

kojur                                 = nemahi cilaka

sayekti                              = satemene

wong sudra papeki      = wong asor nistha

Ø  Isine :

(1) Tembang gambuh ingkang nomer papat, kang diomongna babagan panggawe sing kebablasan, Tanpa pituduh tansah kacilakan, Kebacut dadi kebiyasaan, Kebiyasaan kang bisa nduwe akibat ala

(2) Aja nganti keterusen, Polah sing ora jujur, Nek keterusen mesthi bakal cilaka lan ora apik, Luwih becik ngupadi, Meloni wulangan sing sejati. 

(3) Piwulang sing bener kui patot kokmeloni, Sanajan asale soko wong sing cendhek derajate (asor nistha), Ning nek jero pamulangane, Mula dheweke prayoga koktampa.

0 komentar: