Jumat, 15 Januari 2021

CERITA WAYANG JATAYU

Crita wayang iku asale saka India. Babone crita yang kui ana loro, yaiku buku Ramayana lan Mahabharata. Buku Ramayana nyritakake lelakone Prabu Rama lan Shinta. Buku Mahabharata nyritakake lelakone keturunan Bharata, yaiku perange antara pandhawa lan kurawa (Pandawa 5). Saka tanah India crita wayang mau digawa dening para pedagang sing menyang tanah Jawa. Sawise tekan tanah Jawa, crita mau banjur dikarang maneh dadi lakon kang maneka warna. Salah sawijining crita wayang Ramayane nduwe lakon Jatayu. Jatayu kui rajane peksi, dheweke mitra cakete Prabu Dasarata (ramane Dewi Sinta).

Dicritakake ana ing siji dina, Jatayu weruh Dewi Sinta dicidra dening Rahwana, dheweke enggal mitulungi. Jatayu mabur ing nggegana ngrebut Sinta saka tangane Rahwana, dedreg undreg-undregan, silih ungkih rebutan Sinta ing nggegana. Emane, Jatayu kalindhih, ditatoni lan diajar dening Rahwana, nganthi swiwi kiwane sengkleh lan tugel. Rahwana bablas mlayu gegana angglandhang Dewi Sinta kang tyerus sesambat tangis.

Tumekane negara Alengka, Sintha dipameri kaendhahane Kraton Alengka Diraja kang sarwa kemelap, warna-warni rerenggan saka mas, inten lan berlian. Ananging dewi Sinta ora gumun lan ora kengguh, Rahwana bola-bali ngerih-rih sarta nglipur Sinta supaya gelem digarwa, nanging Sinta ora bisa nglalekake prasetyane marang Rama. Rahwana kuciwa banjung ngutus Trijata supaya ngereh-reh atine Sinta.

Ing satengahe alas banjur Rama bali menyang papan nalika ninggal Dewi Sinta. Tekan papan panggonane, Sinta ora ana. Rama nemokake kembang, cundhuk mentul lan panganggone Sinta pating pececer. Banjur Rama lan Lasmana nggolekki Sinta ning ora ketemu. Rama nesu banget nganti jagad sak isine arep dijungkir walik.

Nalika nggolekki Dewi Sinta, banjur Rama lan Lesmana ketemu dening Jatayu kang lagi megap-megap ing tengah alas banjur crita yen Sinta diboyong dening Rahwana menyang Ngalengka. Durung rampung anggone crita Jatayu banjur mati. Rama lan Lasmana nerusake lumakune.

Nalika ing tengah alas dheweke ketemu dening rajane wanara yaiku Narpati Sugriwa. Sugriwa gelem menehi pambiyantu Rama kanggo nggoleki Sinta anggere dheweke njaluk direwangi kanggo nglawan kangmase Subali. Sugriwa ditudhung saka negara Kiskendha, banjur negarane direbut dening Subali. Merga kuwi dheweke pengin njaluk bali negarane maneh. Merga direwangi dening Rama banjur Sugriwa isa bali ngrebut negarane lan ngalahake Subali.

Ing negara Kiskendha ana wanara kang sakti mandraguna, wicaksana lan trampil kang arane Anoman. Rewanda putih iki banjur mbiyantu Rama kanggo ngrebut Dewi Sinta saka Rahwana. Banjur anoman lan wadyabala wanara liyane mlebu metu alas nggoleki Dewi Sinta. Ing tengah dalan dheweke ketemu dening peksi Sampati (sedulure Jatayu). Sampati nyritaake yen dheweke weruh Rahwana nggawa Sinta menyang Ngalengka. Banjur Sampati menehi ngerti dalan menyang Negari Ngalengka.

Satekane Ngalengka Anoman banjur mlebu menyang Taman Soka lan ketemu dening Dewi Sinta. Anoman banjur crita yen dheweke kuwi utusane Rama. Ning apese Anoman konangan dening Rahwana. Anoman banjur diukum obong. Merga Anoman kuwi sekti mandraguna dheweke ora kobong lan sing kobong namung buntute. Banjur Amonan ngipat-ngipatke buntute neng sakubenging Negari Ngalengka nganti dadi kobong gedhe.

0 komentar: