Jumat, 10 September 2021

ISINE SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

Tembang Gambuh ana ing Serat Wulangreh kadadeyan saka 17 pada/bait. Ing ngisor iki tuladhane 4 pada/bait lan nasehat utawi isinipun :

1.       

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon.

-          Isine yaiku nasehat supaya gelem mirengake pitutur saka wong liya, dodoes uripe boten kebablasen sing nduweni akibat ala/elek.

2.

Aja nganti kebanjur,

barang polah ingkang nora jujur,

yen kebanjur kojur sayekti tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

-          Isine nasehat yaiku supaya kita dadi manungsa kang jujur, saderenge terlanjur goleka pitutur kang leres

3.

Pitutur bener iku,

sayektine kang iku tiniru,

nadyan metu saking wong sudra papeki,

lamun becik wurukipun,

iku pantes sira anggo.

-          Isine yaiku nasehat kanggo kita supaya nerima nasehat saka sinten mawon, amerga nasehat iku dideleng saka isine, aja dideleng saking sapa sing maringi nasehat

4.

Ana pocapanipun,

adiguna adigang adigung,

pan adigang kidang adigung pan esthi,

adiguna ula iku,

telu pisan mati sampyoh.

-          Isine yaiku nasehat larangan marang manungsa aja nganti duweni watak adigang,adigung, lan adiguna. Tegese manungsa ora pareng sombong ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane

PAUGERAN TEMBANG GAMBUH

Kados tembang macapat sanesipun, Tembang Gambuh ugi nduweni paugeran. Paugeran yaiku aturan utawa cirri. Paugerane tembang macapat ana 3, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Paugerane tembang gambuh yaiku :

-          Guru gatra : 5

-          Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8

-          Guru lagu : u, u, i, u, o

0 komentar: